FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 TERMINAL BUNGURASIH

Go down 
3 posters
PengirimMessage
koh cen lai
Warga
koh cen lai


Lokasi : sedayu, bantul, yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 11.10.12

TERMINAL BUNGURASIH Empty
PostSubyek: TERMINAL BUNGURASIH   TERMINAL BUNGURASIH Icon_minitimeThu Oct 11, 2012 7:56 pm

Terminal Bungurasih
Anggitan Koh Cen Lai pada 31 Oktober 2011 pukul 13:56 •

"Kon gak oleh srawung mbek brandalan tukang ngamen maneh Raniiii....!! Lapo gak onok wong lanang liyo sing luweh apik tinimbang Tejo kecu kae..wis gak sekolah , gaweane mung nGamen nDangdut, arep dadi opo tah !?" Kandane Bapak moring-moring ngerteni aku jik srawung andon tresno karo Mas Tejo. Aku mung isoh nangis ngguguk gak isoh nompo kahanan iki, kanggoku rasa tresnaku iki wus kadung ngilangake pepalang wongtuo, opomaneh banda lan status sosiale Mas Tejo.
Ancene ono benere ugo kandane Bapak, ono Mas Rudi kang indekost ndik ngomah, rasaku mono ugo duwe rasa kambik aku. Deknen wong kerjo kantoran, tapi yow mboh lah kantoran opo, ngertiku anggere mangkat kerjo dandan mlithit, gae pakean hem alus, kathok stelan, sepatu kulit kinclong, tapine yow tetep ae gur mlaku le menyang molih.

Bedo kambik Mas Tejo, kang kawit SMP ndik Ketintang Suroboyo dadi kakak kelasku, deweke seko keluarga gak deduwen, kaet SMP nyambi kerjo seni ndik Paguyuban Ludruke Cak Dullah, melok ngiringi Dangdut Koplo, ancene duwe kabisan nggon Gitar lan Seni Musik. Mas Tejo kang wektu saiki ora nerusake Kuliah amergo ketungkul mbarang melok OM Palapa jare mono arep klumpuk-klumpuk modal disit gae nerusno Kuliah. Wis emperane yen Kuliah butuh ragat ora sethithik.
"Dik Rani, koen ngerti gak yen aku ki gak mampu ngimbangi kahananmu sing anak wong nduwe, aku ki opo tow gak gablek sembarang mung deduwenku rasa iki, lan tekat setyaku marang awakmu bakal mujudake kabahagian gae wong loro nganti mati suk mben'e", kandane Mas Tejo ing pinggiring tanggul Pelabuhan Tanjung Perak ing wayah sore naliko iku. Aku ra suwolo nyelehake sirahku ing dadane kang keker. Tanganku ngrangkul bangkekane, rambutku dielus alon kanthi sih katresnan.
"Tapine Mas, aku ki yakin Mas Tejo bakalan sukses sesuke yen manteb anggonmu kerjo neng seni musik ngono iku Mas, saiki wae awakmu terus melok mubeng tanggapan sak Jawa, durung maneh yen Suaramu pas duet kambik Rena KDI kae disenengi Produser iso rekaman lho Mas...!! Tapi nek terkenal opow gak malih lali mbik aku tah ?", wangsulanku ngrajuk kanggo nggedekake atine.
"Maturnuwun Ran...aku bombong yen karo omonganmu ngono iku, mulow aku ki ben o ae srawung kambik artis dangdut kang koyo ngono kae ayune, polahe, rayuane, aku ki tetep kelinganku mung awakmu thok ae jik Raannn...!"
"Tapi yen aku ndelokne ndik VCD kae, Mas Tejo yen duet mbek Rena kok koyo muesraaa...ngunu yow ?" Panggodaku marang Mas Tejo.
"Lhaaah yow iku tuntutan penjiwaan ndik pentas to Dik...mosok nyanyi duet gur anteng-antengan, kamongko iku ndik orkes Dangdut maneh...!!"

Aku ngerteni opo kang dumadi, lan sepiro tresnane Mas Tejo karo aku, mulow kanthi sederhana aku nresnani deweke semono ugo Mas Tejo mujudake sih katresnane ora digawe-gawe. Ora kroso seko SMP kelas 2 nganti saiki wis meh 9 taun anggonku pacaran, nemoni bungah lan susah wong loro. Sakwise lulus Akper aku kerjo ndik Rumah Sakit Ketintang Medical Center, umurku wis ngancik 23 taun, ancene mono cukup yen wis mikir omah-omah, nanging Bapak sansoyo katon ora sarujuk menowo aku jejodoan kambik Mas Tejo. Anggere krungu aku rerasan deweke mesti disengeni, kamongko biyen jaman isih sekolah koyo gak ono masalah, Mas Tejo asring dolan ndik ngomah tanggapane Bapak yow biasa. Nanging sakwuse saiki aku wis kerjo lan Mas Tejo gak nerusno sekolah malah ngamen, Bapak katon yen gak setuju.

Sakwijining dino pas malem minggu Bapak nundung minggat Mas Tejo sing moro ndik ngomah, atiku kelara-lara opomaneh mikir koyo ngopo tatune ati pacarku mau, wiwit dino iku aku lan Mas tejo dadi nglakoni hubungan asmoro kanthi sesideman.
Tekadku mono wis gembleng tetep nresnani Mas Tejo opo wae kahanane.
Telung ndino kepungkur sajake aku dijebak karo Bapak, naliko aku ndik ngomah awan-awan, dumadakan lampu kamarku matek tanpo sebab, aku kangelan ape ngganti bohlame, wektu iku bapak ibu gak ndik ngomah kepekso aku njaluk tulung Mas Rudi ngganti bohlam mati gae sing anyar. Rampung ganti bohlam, Mas Rudi nembung njileh komputer neng kamar, aku ra sreg ati, tapi yow pow gak oleh disilehi, wong Mas Rudi wis apikan gelem penekan ngganti lampu. Deknene uthak-uthek ndik ngarep komputer jare nggarap pembukuan kantor sing kudu dilembur, aku nyiapke klambi gae mangkat kerjo sift awan mengko, Mas Rudi mbolak-mbalik takok carane anggo excel, jaremono deknen ngomonge bedo mbek program komputer kantore, aku selot suwe giduh ora seneng ndeloke le rewel, dumadakan Bapak njedul ndik ngarep lawang kamarku, Bapak malangkerik lan nesu-nesu, jarene mono ora keno wong lanang wedok dudu muhrime ndik kamar mung wong loro gak enek keluargane. Aku kaget kepati, kok iso-isane Bapak ngendiko ngunu, atiku entek mergo Bapak ngajokake dalil-dalil agomo lan mekso aku karo Mas Rudi kudu nikah mergo keconangan koyo ngono mau. Tak sawang rupane Mas Rudi koyo gak sedih opo was-was, karomaneh Bapak anggone nesu gede sajak kambik aku thok, gayane Mas Rudi yow pingin njelasno yen to deknen mung ngganti lampu kamar lan njileh komputerku. Nanging digetak Bapak banjur meneng ae....
"Wis koen wong loro kudu nikah, aku gak gelem yen nganti tonggo podo ruh aib iki, Rudi..kon ngabari wong tuamu kareben ngerti lan tindak mrene...!!"
Aku mlongo lan koyo disamber petir awan kuwi, aku ra kuat ngambruk nangis sakdadine neng kamar.

Anehe maneh ora nganti wayah sore wong tuane Mas Rudi wis rawuh ndik ngomah, Bapak lan Ibu nompo tekane sajak wis akrab, aku sing nguping seko kamar tambah curiga karo kahanan iki, ing wawanrembug antarane Bapak lan wong tuane Mas Rudi lakok nyebut "wis gak ono masalah maneh bab aku". Aku sadar yen iki rekayasane Bapak kanggo jodokne aku karo Mas Rudi, atiku brontak, aku kudu minggat yen koyo ngene carane, aku ra biso suwolo dijebak wong tuaku dewe. Aku sms Mas Tejo nyritakake kabeh kang dumadi awan mau, deknen jik nang Trenggalek pentas terus nyambung nang Pacitan, aku bingung kudu lungo nyangdi, akhire aku nekat mlumpat jendelo nyangking salin sakkecele lungo nang nggone Tiyas kancaku kantor sing manggon neng Dupak Rukun.
Ngomah geger ngerti aku minggat, Tiyas sing tak weling kondo yen rong dino iki Bapakku moro ndik Rumah Sakit nakokne kahananku, Tiyas ora melok nemoni Bapak rikolo takon neng Rumah Sakit, ngertine wong kantor aku gak mangkat 2 dino iki.

Bapak nglabrak moro neng ngomahe Mas Tejo, meh wae carok mbek wong tuane, kabeh dicritake Mas Tejo kanthi telpun-telpunan. Hapeku yen dihubungi Bapak gage tak jejeg, ben wae carane aku gak seneng yen anggo njebak ngono kae.
Mas Tejo ngabari yen mulih seko Pacitan wengi iki, deweke ngangseni ketemu ndik Terminal Bungurasih, Mas Tejo ngerti yen ngomahe ugo disanggong karo wong-wong kongkonane Bapak. Wis gembleng tekatku arep minggat karo Mas Tejo wengi iki, jaremono deknen duwe sedulur ndik Jember sing iso nggo ndelik sementara. Aku wis gak mikir kahanan ngomah maneh, yen nganti anggonku sambung tresno karo Mas Tejo kudu bubar gae cara ngene ki aku ora gelem, kabeh atiku mung kanggo kekasihku Mas Tejo wae.

Wengi iku bakdo maghrib aku pamit karo Tiyas, deknen mangerteni kabeh tekatku lan ndukung opo kekarepanku. Sakwuse tangis-tangisan aku mangkat numpak ojek mangkat neng Terminal Bungurasih, Hape tak pateni sakwuse sms terakhir kanggo wong tuaku, aku weling gak usah digoleki maneh yen tetep dipekso rabi mbek Mas Rudi.
Tekan Terminal ora kangelan nggonku nggoleki Mas Tejo, kanca-kancane kang akehe Preman lan Konco ngamen podo ngerti yen aku kekasihe nuduhake nengdi deknen anggone nunggu.
"Massss.....!" Aku ra kuasa mlayoni lan ngruket kekasihku.
"Aku emoh maasss...aku ra gelem...Bapak jahat koyo ngono kae...!?"
"Wis wis Dik...ojo ditangisi, saiki ono aku sing bakal ngayomi awakmu saklawase" Mas Tejo ngrengkuh awakku kanthi asih lan diajak nggoleki Bis jurusan Jember. Rasaku ora gelem uwal soko rangkulane Mas Tejo, aku wis ora duwe rasa isin maneh ngrangkul deweke, sakwise pamit karo kancane Ngamen neng terminal, aku lan mas Tejo mlayoni bis Sumber Kencono sing wis siapp mangkat jurusan Jember, kanthi trengginas aku setengah dipondong munggah bis.
Kernet lan sopire ngguyu nyawang kahananku sakloron,"walaaah lapo ndadak mbok gendong ngono Reeek rek...koyok arek cilik ae koen iku Jooo....!!" Pangurake kernet Bis Sumber Kencono kang nyatane wus ngerti kambek Mas Tejo. Aku bombong ngerti kahanan mau, nadyan mung kabeh wong cilik ananging katon guyub lan rumaket anggone paseduluran. Anggonku lungguh wong loro pas mburi sopir, bis Sumber Kencono ngebut anggone mlaku mergo digudag bis Akas sing nembe wae disalip ndik Porong, aku rodo ngeri yen nyawang anggone sig-sag nyalip truk lan mobil cilik-cilik jurusan ngetan Sidoarjo. Playune bis ngancik satus kilometer sejam, wuuussss...bianter eram...anggonku gocekan lengene Mas Tejo koyo wegah uwal, rasaku akeh ayeme katimbang ndeleng kahanan dalan kang semrawut mergo bis e uyak-uyakan. Wis kebayang urip wong loro tanpo pepalang, nadyan bakalan adoh wong tuo.

Dumadakan keprungu jeriting rem bis lan suoro tabrakan sero banget,"ciiiiiiiiitttt....bruaaaghkkk....pyaaaaarrrr....!!!"
Aku lan Mas Tejo kontal maju, ora ngerti natap opow, rasane sirahku anyep, nglayang koyo wong turu. Bis kang tak tumpangi nabrak trek pasir, kairing swara jerite para penumpang sak bis.
Panyawangku bruwet, tanganku isih nyekeli tangane Mas Tejo kang wektu iku koyo mung mesem meneg nyawang aku, nanging sak awak kebak getih.
Aku mbukak mata lan kaget nyawang kiwo tengenku, kabeh wus dandan rapi ngadep penhulu, ing kiwaku Bapak, ngadep Mas Tejo kang keletan mejo cilik kebak kembang...
Wong setengah umur penganggon jas lan peci pinongko penghulu nyaut tangane Mas Tejo,"Anakku Sutejo Ahmadi bin Abdul Jazim, panjenengan kanikahaken kalayan Maharani Estiningrum Binti Dullah Hambali kanthi mas kawin seperangkat alat sholat kabayar tunai !"....lagek wae Mas Tejo arep njawab, kabeh kahanane berubah dadi tangis kang angluworo ing saindenging pasamuan. Ruangan kang kapacak sarwo endah kebak kembang malih dadi putih, gebyog kang endah rinonce janur lan kembang asri malih dadi korden kawiyak wong-wong kang ngrubung. Aku diparani Mas Tejo kanthi alon, tanganku diranggeh, aneh....aku lan Mas Tejo ora ngambah jobin, ananging nglambrang ing awang-awang nyawang ruangan ngisor bebarengan, iki opo ?

Bapak ibuku lan wong tuane Mas Tejo podho tetangisan ngrubung pawongan kang semare ing dipan, sepreine kebak getih, gondo wangi kang mau tak rasa malih anyir, aku ra pangling iki mambu getih.
Banjur sopo kang podho ditangisi, durung nganti nakyinake pawongan kang ditangisi, rasane nduwur ubun-ubunku anyep, silir, ono cahyo putih padang njingglang cumlorot blereng banget. Aku digandeng Mas Tejo mabur koyo kesedot cahyo putih mau....Inalillahi Wa Inalillahi Rojiuuuun....suoro iku kang terakhir keprungu soko sakakehing uwong kang podho ngrubung pawongan 2 ing dipan mau, yoiku layone Aku lan Mas Tejo kekasihku.
.
.
Tol Porong 20 September 2011 : Mugi arwahipun tinampi ing ngarsanipun Alloh SWT : matur nuwun kagem Mbak Esti lan Mas Puguh.
Kembali Ke Atas Go down
http://www.kohcenlie.com
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

TERMINAL BUNGURASIH Empty
PostSubyek: Re: TERMINAL BUNGURASIH   TERMINAL BUNGURASIH Icon_minitimeFri Oct 19, 2012 2:52 pm

hiks... angger moco cerkakmu iki atiku trenyuh Koh... coming good
Kembali Ke Atas Go down
macanWong7
Koordinator
macanWong7


Lokasi : www.batuzakar.net
Reputation : 5
Join date : 22.02.09

TERMINAL BUNGURASIH Empty
PostSubyek: Re: TERMINAL BUNGURASIH   TERMINAL BUNGURASIH Icon_minitimeTue Dec 04, 2012 6:53 pm

wahhhh crito terminal to?
Kembali Ke Atas Go down
http://www.batuzakar.net
Sponsored content





TERMINAL BUNGURASIH Empty
PostSubyek: Re: TERMINAL BUNGURASIH   TERMINAL BUNGURASIH Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
TERMINAL BUNGURASIH
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Terminal Wonosari..
» Jalur Ke Terminal
» ES TAWON TERMINAL PANGGANG
» (PIC) Kerjaan Preman Terminal Wonosari
» Kondisi aspal Terminal Wonosari rusak

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: