| ceritane simbah | |
|
+8rizky gimbik arbadoz hari_qdoel wiwid Agus_Gogon Asmaraningtyas sacho_eka 12 posters |
|
Pengirim | Message |
---|
sacho_eka Pengawas
Lokasi : tangerang- banten Reputation : 36 Join date : 03.11.08
| Subyek: ceritane simbah Wed Jul 04, 2012 12:22 am | |
| monggo di eling-eling jaman semono simbah pernah cerito opo yo?? sing paling berkesan kanggo njenengan... monggo... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 04, 2012 1:01 am | |
| mbahku crita nek dodolan nyang negara mung mlaku rong ndina rong mbengi lagi tekan omah meneh.... | |
|
| |
sacho_eka Pengawas
Lokasi : tangerang- banten Reputation : 36 Join date : 03.11.08
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 05, 2012 2:20 am | |
| simbah ku pernah crito jaman angel pangan.. Mangani jengki sing d masak.. | |
|
| |
Agus_Gogon Pengawas
Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede Reputation : 109 Join date : 17.09.10
| Subyek: Re: ceritane simbah Sat Jul 07, 2012 5:48 pm | |
| jare simbahku,,jmn2ne nom mbahku dodolan krupuk ider tekan sawor,gunung panggung dan sekitarnya | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Sat Jul 07, 2012 11:45 pm | |
| aku saiki crita dek jaman aku cilik biyen nek panen tela, bengi bengi nggaplek neng alas..terus gawe gubuk nggo turu nunggu gaplek...nek pas padang mbulan swasanane endah banget...ning sok sok dikancani macan.... | |
|
| |
Agus_Gogon Pengawas
Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede Reputation : 109 Join date : 17.09.10
| Subyek: Re: ceritane simbah Sun Jul 08, 2012 1:21 pm | |
| - Asmaraningtyas wrote:
- aku saiki crita dek jaman aku cilik biyen nek panen tela, bengi bengi nggaplek neng alas..terus gawe gubuk nggo turu nunggu gaplek...nek pas padang mbulan swasanane endah banget...ning sok sok dikancani macan....
weh,,po ra wedi mbah ,,kulo rien njeh pernah jmn seh cilik,ngancani simbah nunggu gaplek | |
|
| |
wiwid HanSip
Lokasi : Dunia Maya Reputation : 19 Join date : 09.08.09
| |
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Mon Jul 09, 2012 3:20 pm | |
| mbok gogon dibagi dicurhati apa ngono loh ro mbahe.... | |
|
| |
hari_qdoel Koordinator
Lokasi : Gunungkidul Reputation : 3 Join date : 20.04.11
| Subyek: Re: ceritane simbah Mon Jul 09, 2012 4:43 pm | |
| yen arep turu.... critane brawijaya mlayu tekan Gunungkidul.... digoleti anake karo sunan kalijaga... jian.... siiip tenanan.... | |
|
| |
Agus_Gogon Pengawas
Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede Reputation : 109 Join date : 17.09.10
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 5:20 pm | |
| cilik aku jare aku ki ratau nganggo klambi uda mbligung | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 6:41 pm | |
| biyen rung akeh kendaraan, wong nyang pasar kabeh mlaku nek dina pahing ngarep omahku akeh wong liwat ana sing nggedong godhong jati, nggendhong godhong gedang, mikul pring, mikul kayu, nynuggi gedheg, nuntun wedhus, nuntun sapi, ngindhit pitik, mikul kacang, gaplek lsp digawa nyang pasar... | |
|
| |
sacho_eka Pengawas
Lokasi : tangerang- banten Reputation : 36 Join date : 03.11.08
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 10:14 pm | |
| trus critane simbah mbiyen kiy akeh isih akeh memedi.. Koyo wewe gombel. Glundung pringis. Banas pati.. Hii wedi aku.. | |
|
| |
arbadoz Warga
Lokasi : bekasi Reputation : 0 Join date : 17.09.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:15 pm | |
| mbahku crito yen mbiyen kui ono jenenge Jaman Gaber golek mangan susah trus do mangani lumut ijo eng do nempel neng watu kui lho . Yen kelingan ngono kok saiki nasi do di buang- 2......
bint4ngnet.blogspot.com | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:19 pm | |
| dulu walau rumah cuma terbuat dari gedheg yg kalau mau sekali tendang juga jebol, tapi maling jarang yg merusak dinding rumah, tapi malah pada cape cape bikin lubang ditanah (nggangsir) sehingga dia bisa masuk ke rumah lewat lubang yg dibuat...sehingga jaman dulu banyak maling mati karena lubangya di masukin bara api atau sebelum si maling bisa keluar dari lubag lubangnya ditutupin.... jarang ada maling yg nyongkel 9mlenthong) gedheg... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:23 pm | |
| mbahku crita dek jaman pageblug GunungKidul uakehhh tikus..apa wae dipangan tikus, nganti saking akehe tikus..menungsa isih urip we dikrikiti tikus..mung jare nadyan dipangan tikus wong ki sok ora krasa. tikus tikus iku angel dibrastha. ning kabare tikus sing mangewu ewu iku ilang dhewe.....baeng tikuse ilang ana kaelokaning jagad...neng GunungKidul tuwuh wijen karo jawut sing mau maune sak durunge anan tikus tuwuhan loro kwi rung tau anan neng GunungKidul.
| |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:24 pm | |
| jaman biyen nek ngethok tali puser bayi iku nganggo silatan pring (kulit bambu) | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:26 pm | |
| jaman biyen wong yang bar disunat ben thithite ora lara diganjel nganggo sepet (kulit kelapa) sing dijenengke cengkal . cengkal mungkin maksude nek ngaceng kalaran... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:29 pm | |
| jaman biyen wong jawa ki ora wani ngomongke macan utawa nyeluk macan. ben macane ora nesu nek ngarani macan diganti nganggo tembung "simbahe", nek ngarani tikus diganti nganggo 'den baguse". biyen daerahku isih ana macan putih. wong nggoneku sing ngarani 'mbah kapuk" . lha saiki mbah kapuk wis ra tau kethok..mbuh wis mati yake.... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:30 pm | |
| percya syukurt ora ya uwis wong GunungKidul jaman dhisik percaya yen senter nggo nyentri macan mesthi mati...ora isa murub. ternyata kepercayaan ngene iki ya anan aneng padang sumbar... | |
|
| |
gimbik Pengawas
Lokasi : Nori One Reputation : 6 Join date : 04.03.08
| Subyek: Re: ceritane simbah Wed Jul 11, 2012 11:49 pm | |
| ceritane simbah | |
|
| |
Agus_Gogon Pengawas
Lokasi : karangetan rongkop GK pondok gede Reputation : 109 Join date : 17.09.10
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 6:29 pm | |
| wah jan elok tenan critane simbah iki...... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:20 pm | |
| jaman biyen saben bocah mesthi dicukur kuncung (gundul cuma disisain dikit diatas jidat) | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:22 pm | |
| jaman biyen satuan duit kwi ana sing diarani, endil. tali, gobang, benggol, ringgit, gelo, kethip. | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:29 pm | |
| jaman biyen wong ndesa nek lunga adoh numpak grobak sing digeret sapi. sopir grabg iki sebutane kata ini dilarang... nek tukang angon bebek sebutane sontoloyo...cilakane kedua profesi mulia iki saiki dadi pisuhan....apa tumon? | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:32 pm | |
| jaman simbah isih sok ngarit biyen ana suket telung werna (jenis) sing jenenge nek saiki dianggep saru; itil momil, turuk bawuk lan jiret konthol. | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:35 pm | |
| jaman simbah biyen, yen wayang kulit arep diwiwiti, dalange ndhodhog kothak , drogdhog...terus penontone kompak muni "SELAHHHHHHHH" . maksude mono arep muni bismillah. ning wayang kulit saiki wis ora nganggo diselahi..... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Thu Jul 12, 2012 7:38 pm | |
| jaman simbah biyen anan unen unen
1. dubilas setan 2. kandulilah 3. wala wala kuata 4. selah
apa cah saiki ngerti maksede? | |
|
| |
wiwid HanSip
Lokasi : Dunia Maya Reputation : 19 Join date : 09.08.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Fri Jul 13, 2012 3:06 pm | |
| - Asmaraningtyas wrote:
- jaman biyen wong ndesa nek lunga adoh numpak grobak sing digeret sapi. sopir grabg iki sebutane kata ini dilarang... nek tukang angon bebek sebutane sontoloyo...cilakane kedua profesi mulia iki saiki dadi pisuhan....apa tumon?
wahaha.. mesthi arep muni bajingan.. | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Fri Jul 13, 2012 6:29 pm | |
| iya ...bajjingan ki jan jane sopir grobag.....ning kok profesi ra dosa iki malih dadi pisuhan... | |
|
| |
Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: ceritane simbah Fri Jul 13, 2012 6:31 pm | |
| jaman biyen rung ana cawet, mbok mbok sing nganggo jarik kwi rak ra isa lungguh karo nyingkapke jarik. mula nek nguyuh mung jarike dicincingke terus sooorrrr ngono wae karo ngadeg....bayangna bakul tape ngyuh ro ngadeg karo nggendong tape.. | |
|
| |
Sponsored content
| Subyek: Re: ceritane simbah | |
| |
|
| |
| ceritane simbah | |
|