FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG

Go down 
+4
bagoes
arikuswato
sacho_eka
mase_gagah
8 posters
PengirimMessage
mase_gagah
KorLap
mase_gagah


Lokasi : Trengguno
Reputation : 0
Join date : 21.04.09

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeTue May 04, 2010 9:28 am

ADA YANG PUNYA AUDIO PRANOTO CORO PERNIKAHAN LENGKAP GAK YA?? PENGEN BELAJAR.. MATUR NUWUN
Kembali Ke Atas Go down
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeSat May 19, 2012 12:18 am

sinten sing saget mbantu
?
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
arikuswato
KorLap
arikuswato


Lokasi : jakart asli Papringan Plembutan Playen
Reputation : 1
Join date : 09.11.09

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeSun May 26, 2013 12:53 pm

Nek audio ora duwe aku mas, iki we tak wenei conto nyondro kirap I utowo kirap kanarendran.
Monggo sambil dikoreksi mbok menowo onten ingkan lepat anggen kulo nyerat.


Panyandra Kirap I ( Kirap Kanarendran )

Hong sapa tambuh sapa weruh, kawuryan ana teja anelahi mijil sangking tepas wangi palereman, pepindhane kadya surya kembar. Kadya sampun tinata jangkep satataning kirap. Sang subamanggala sumembah mring sang nata. Tanggap ing sasmita lantip ing panggraita risang apindha raja lan prameswari. Gita-gita jumeneng satata ing dhiri sawega ing gati.
Subamanggala ingkang mangarsani lampah, Manggala ateges pangarsa. Nun inggih sang subamanggala ingkang minangka pangarsa ing satataning kirap kanarendran.

Sinten ta jejaka pekiing warna, dedeg piadeg sedheng hamantesi pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala, mila mboten mokal lamun ta kadang ___________ piniji pinangka pangarsaning lampah, dasar wiwit timur wus ginulang-gulang dhateng pepoyaning kautamen, ginunggung ing luhuring budaya, pramila datan cingak yen ta sang suba manggala bangkit hangentasi karya.
sinambunging lampah ki suba manggala lah punika ta warnane ingkang sinebut pratiwa manggala, talang pati inggih satrya kembar, pinilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku pralampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya pralampita mugi Sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama
Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking kenya alit - alit ingkang ayu - ayu warnane edi peni busanane.

Kawistara ana teja kembar angenguwung kadya tejane surya kembar timbul saking lengkehing gunung.Sansaya cedhak, sansaya cetha, sangsaya caket sangsaya hangalela wedanane, pranyata tejane temanten kekalih. Temanten kakung dhasar maksih mudha tumaruna dhasar pekik warnane rinengga ing busana kanarendran. Temanten putri dhasar sulistya ing warni rinengga ing busana prameswari.

Yen ta kancandra kadya risang nata lan prameswari ingkang tedhak saking siniwaka tumuju ing karang pradesan hamriksani kawulane.Mugya risang temanten kekalih ing benjang gesangipun kadya raja ingkang berbudi bawa leksana, kersa paring ganjaran, pitulungan sarta murakabi dhumateng asanes.Kadi ta witing waringin kang pindhane bisa minangka pangayoman, yen ta udan bisa minangka pangeyupan, kalamun panas bisa minanggka songsong,

Sang apindha raja lengkeh-lengkeh anyardula lapa tindake, riyak anggajah nggoling, repepeh-repepeh hangeka pada, tumapaking pada nut wiramaning gendhing, tindaira risang penganten kekalih nut wiramaning sang subamanggala.

ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nun inggih pethanipun putri dhomas, dho punika ateges kalih, emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku pralampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung.

Ingkang lumaksana sawingkingipun sri temanten sekalihan ingkang rama saha ibu pinangka jejering pungkasaning lampah ingkang ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombong birawaning manah ingkang rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekalihan ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansah manggiha raharja mulya.

Wus ndungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten nulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Kembali Ke Atas Go down
http://nguri2kabudayan@blogspot.com
bagoes
Koordinator
bagoes


Lokasi : bandung,jabar
Reputation : 8
Join date : 06.04.09

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeThu Jul 04, 2013 3:10 pm

coba mas ukoro kui di gw mp3,ben iso niru nadane moco,nek sing moco aku yo koyo puisimalah di geguyu wong sak deso mengko.ngakak 
Kembali Ke Atas Go down
sacho_eka
Pengawas
sacho_eka


Lokasi : tangerang- banten
Reputation : 36
Join date : 03.11.08

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeWed Jul 31, 2013 5:24 am

koyone web nya saya pernah baca..
googling wae kang... ning nek sing mp#3 aku urung tau weruh.. eh krungu ding maksute..
Kembali Ke Atas Go down
http://kiossticker.com
Sumiran
Lurah
Sumiran


Lokasi : Pamulang - Tegalsari Semanu
Reputation : 8
Join date : 01.09.08

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeThu Aug 01, 2013 11:31 am

apik tenan ki... paling tidak untuk merecord
Kembali Ke Atas Go down
penaltev
Koordinator
penaltev


Lokasi : Indonesia
Reputation : 3
Join date : 08.05.12

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeWed Aug 28, 2013 12:42 pm

wo, masih jalan di sana tradisi ini gan? Very Happy
Kembali Ke Atas Go down
http://www.fxopen.com
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeSun Mar 09, 2014 1:36 am

sik nganggo ngono kwi gaya solo mas nek jogja ra ana acara nyandra manten....
Kembali Ke Atas Go down
bahqri.dixie
Koordinator
bahqri.dixie


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 8
Join date : 10.07.12

PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitimeSun Mar 09, 2014 8:07 pm

sundul gan
Kembali Ke Atas Go down
http://bahqriimages.blogspot.com
Sponsored content





PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Empty
PostSubyek: Re: PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG   PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
PRANOTOCORO NIKAHAN + DALANG
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Pementasan 9 Dalang Cilik Sepi Penonton
» Pengukuhan Ki Roni Bagong Dalang Desa Kawasan Konservasi

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Kebudayaan Daerah-
Navigasi: