FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 SRANANE WONG NANDUR PARI

Go down 
2 posters
PengirimMessage
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

SRANANE WONG NANDUR PARI Empty
PostSubyek: SRANANE WONG NANDUR PARI   SRANANE WONG NANDUR PARI Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 12:03 pm

Yen disawang sagebyaran pari sing wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa. Nanging yen ditliti kanthi permati ana warna loro. Pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa diarani pari lanang utawa Jaka Sedana.Lha yen miturut budaya Jawa, srana lan urut-urutane wong nandur pari kuwi kaya kang kasebut ing ngisor iki.
Mbukak Sawah: sadurunge njegur nggarap sawah lumrahe luwih dhisik slametan. diarani slametan mbukak sawah utawa nyambung tuwuh.
Nyebar Winih: panyebare winih milih dina sing becik, tegese aja dina was, dina kubur, ringkel gejig lsp.
Wiwit Tandur: sawise winihe umur, miwiti tandur enggal katindakake. Tandur iki kawiwitan dening sing duwe sawah, kanthi ngencepake winih 7 utawa 9 ceblokan ing poncode sawah. Sajrone ngencepake winih mau dibarengi maca mantra. Panutupe mantra unine mangkene: Oyota kawat, wite wesi, godhong tembaga, gulu selaka, wohe kemate. Meleng-meleng tan ana godha sengkalane.
Ngentas-ngentasi: sawise sawah meh katanduran kabeh, banjur dianakake slametan, sing diarani slametan ngentas-entasi. Ambengane mung prasaja, yaiku jenang sungsum lan bubur.
Ider-ider Walangan: yen parine wis njebul kabeh, banjur diideri walangan. Dina sing dipilih kanggo ider-ider iki dina Jemuah esuk. Sranane dringo lan bawang didheplok dadi siji. Dibundhelake ing poncote sawah. Diwiwiti saka lor wetan, ubenge nengen. Panutupe mantra: lor wetan panggonanmu, glagah alang-alang panggonanmu. Sorene gawe dhiyang ing pinggire sawah. Larahan sing diobong merang lembut lan godhong kluwih, sokur yen diwenehi lirang.
Ngisen-iseni: seminggu sawise diideri walangan, banjur diisen-iseni. Sranane klapa diparut dicampur gula abang, disembur-semburake parine mubeng sawah.
Ider-ider Tuwa lan Methik: yen parine wis tuwa kabeh banjur diideri lan dipethik. Yen ider-ider sranane cokbakal, sega kokoh lan bundhel janur. Dene yen methik, kejaba kaya kasebut ing ndhuwur isih ana tambahe yaiku: tarub cilik sing dipasang ing tengah kedhokan, papane manten pari sing arep dipethik. Orek-orek, papan kanggo nyeleh sega kokoh/purihan. Piranti liyane kayata: jarit cacah loro, pugut sura, lenga wangi, suri, boreh lsp.Yen wis rampung olehe methik, mantene wis dipacaki, banjur digendhong digawa mulih. Kabehe manten ana sangang jodho. Tekan ngomah sing nampani mbokne thole. Mantene diturokake ing amben tengah. Lemeke klasa anyar, bantale tetel jadah lan tetel jenang. Cawisane cokbakal, sega kokoh, parem lly.
Sawise iku banjur dianakake slametan: kanthi ngundang tangga teparo. Bengine diterusake jagongan sangantuke. Malah ana sing ditanggapake jedhor nganti sewengi muput.
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

SRANANE WONG NANDUR PARI Empty
PostSubyek: Re: SRANANE WONG NANDUR PARI   SRANANE WONG NANDUR PARI Icon_minitimeMon Nov 16, 2009 1:45 pm

Tradisi Methik...

Wis suwi aku hura ngerti lan nemoni tradisi iki..
Ndisik nek methik ki nek arep panen pari GOGO,lha bareng parine wis dho diganti pari IR dodokan, 64 lan IR-IR liyane wis ora tahu ngerti maneh ijih ono tradisi "methik" hura..
dek jaman cilikanku nek methik ki sronone ono endog jowo sing dikukus.. seneng banget yen oleh endog mau arepo mung siji dibagi wong papat...rasane bedo karo endog saiki...
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

SRANANE WONG NANDUR PARI Empty
PostSubyek: Re: SRANANE WONG NANDUR PARI   SRANANE WONG NANDUR PARI Icon_minitimeMon Nov 16, 2009 1:59 pm

Nggonaku iseh ono Lek.. yen nyebar ....
nangin yen 'methik' wis jarang...
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





SRANANE WONG NANDUR PARI Empty
PostSubyek: Re: SRANANE WONG NANDUR PARI   SRANANE WONG NANDUR PARI Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
SRANANE WONG NANDUR PARI
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» dho rep ngumpul ora ki wong wong
» ilmu kejawen
» Kumpul anak rantau
» kenapa wong tuwa?
» Wong GK yang Di Semarang...

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Norma - Norma Daerah-
Navigasi: