Forum Komunitas Online Gunungkidul |
| | ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? | |
| | Pengirim | Message |
---|
Subrata,SE Warga
Lokasi : surabaya Reputation : 0 Join date : 28.10.09
| Subyek: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Sun Nov 01, 2009 9:38 pm | |
| Sedulur wis pirang taun ? .... kiro2 21 tahun kapungkur aku, awakmu lan konco2 kabeh podo ngumpul ngudi kawruh ono KAMPUS LOGANDENG .... Aku isih eleng wektu mlebu sapisan (thn 1985) seneng, bangga iso mlebu sekolah Guru amargo wektu iku mlebu wis termasuk pilihan ... sepatu pantopel, setute ireng kudu rapi .... Mas Surani ketua Osis wektu iku termasuk favoritku priyayine sumeh tapi teges ... akeh yo lur kenangane ? awake dewe sinau sembarang kaler, eleng Pedagogek ?? eleng gawe TIU lan TIK ? .... eleng kantin bu Sandem ?, mbendem celenge bok Yah ? SAKA Wanabakti ? praktek ngajar ? ngajar pramuka ? duh akeh yo lur ... aku gur iso mesam-mesem lan batin piye kabare konco2 kabeh ? putrane wis piro ? opo yo dadi guru tenan ? ..... Wasito Always same where scorpion ? Tukiman opo yo isih dadi ustad ? Jumino opo isih gawe sunslik ireng ? Santoso opo yo dadi lurah ? Karjan opo yo isih isinan ? Nanik opo yo isih pinter tur galak ? .... terus piye kabare musik Kroncong dhisik latihan bareng karo SPG Bhinakarya ? .... Yo wis lur yen awakmu maos clotehan iki kersoo panjenengan kabeh nyambung tali silaturohmi ... | |
| | | markus basuki Lurah
Lokasi : malang - wonosari (ngijo) Reputation : 2 Join date : 18.11.08
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Wed Feb 17, 2010 9:50 am | |
| Salam, Ngumpulke balung pisah ... pancen rada angel, awit wis sumebar saindenging nuswantara. Ndherek tepung nggih, Aku ya lulusan SPG Negeri, ning klebu prodhuk terakhir sadurunge pindhah Logandheng. Aku lulusan taun 1981. Nanging isih kebagean ngicipi gedhung anyar ing Logandheng kanggo kegiatan Pramuka (biyen gedhung SPG ana wetan alun-alun Wonosari). Kanca-kanca sing isih bisa dilacak : Pak Sutrisno Wibowo (Univ Muh. Yogya) tamat 1980, pak Bambang Pracaya (kepala SMPN 1 Wonosari) tamat 1982, trus nek ra kleru ana sing dari anggota DPRD barang. Rong taun kepungkur ana reuni besar ing sekitar Rest Area Bunder. Eman informasi rada telat, dadi aku ora bisa melu. Sanajan SPG wis tutup, sapa ngerti para alumni bisa tansah sesambungan. Sing arep sesambungan karo aku bisa ngendangi blog: cor-amorem.blogspot.com. Sapa ngerti bisa ijol-ijolan informasi. Salam kanggo kanca-kanca saangkatanku: Budiyono (Playen), Eti Purwantari (Nglipar), Murjito, Darta, Ani, Sutrisno, Hery Haryana, Bejo, lsp. Nuwun. | |
| | | bentengdiri Warga
Lokasi : Cibinong, Bogor, Jawa Barat. Reputation : 0 Join date : 24.04.10
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Sat Apr 24, 2010 1:44 pm | |
| Nepangaken. Aku ugo alumni SPG NEGERI LOGANDENG tahun 1985, wis suwe tak rasakke ora ketemu karo konco-konco. Mboh mbok menowo saiki wis podho duwe putu, ning kok ora ilang rasane kangen iki. Aku mbiyen lungguh ono kelas IC (neng kampus Wonosari sak wetane gedung Pemda Wonosari), kelas IIB(Logandeng), Kelas IIIB(Logandeng). Barenganku Ruslan, Sungadi, Nasokhi, Mateus Sujono, Heru Suprapti, Nanik(TriHandayani, putrine Alm. Pak Wardi), Kardiyanto, Sutarman, Edi Subowo lan liya-liyane. Panjenengan kabeh yen wis podho sukses aku ndherek seneng, mugo2 awake dhewe diparingi panjang yuswo lan mbok menowo biso ketemu silaturahmi. Maturnuwun. www.bentengdiri.com | |
| | | Subrata,SE Warga
Lokasi : surabaya Reputation : 0 Join date : 28.10.09
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Wed Feb 16, 2011 5:41 pm | |
| Ternyata alumni SPG negeri Logandang masih saling berhubungan di jejaring sosial facebook alamat facebook saya : Yudhi Broto . Matur suwun | |
| | | alek Warga
Lokasi : silingi, umbulrejo, ponjong, Gunungkidul, Reputation : 0 Join date : 11.12.08
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Thu Oct 13, 2011 12:04 pm | |
| Salam Buat Indri Astuti Ingkeng lenggah wonten Ing playen 1 dari zalekan@yahoo.com | |
| | | Mochamad Nurahyani Camat
Lokasi : http://toko-muslim.web.id Reputation : 9 Join date : 01.10.08
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? Thu Oct 13, 2011 3:17 pm | |
| | |
| | | Sponsored content
| Subyek: Re: ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? | |
| |
| | | | ALUMNI SPG NEGERI LOGANDENG WONTEN PUNDI ? | |
|
Similar topics | |
|
| Permissions in this forum: | Anda tidak dapat menjawab topik
| |
| |
| |
|