FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 GEGURITAN (puisi boso jowo)

Go down 
+19
rmlodang
budhisetya69@yahoo.com
Koma
Mas Panut
setan_baek
rizky
mbah surip
ria
ko jo wo
iLik
must_ed
gaplex
Ki Sosro Harjono
dewalangit
raxsheeds911
masgareng
Bangkit Wicaksana
Ipung Purwanto
akhmad subekti
23 posters
Pilih halaman : Previous  1, 2, 3
PengirimMessage
akhmad subekti
Koordinator
akhmad subekti


Lokasi : wonosari
Reputation : 3
Join date : 30.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeFri Apr 11, 2008 9:51 am

First topic message reminder :

RON GARING



Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin



prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring



aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku



ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara



aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan



krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep



kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu



panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

[i]Pengarang[/i] : Budhi setyawan
http://www.budhisetyawan.wordpress.com
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com

PengirimMessage
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 02, 2011 5:15 pm

ANGIN
dening : chahyo

Angin Tetep wae angin

Nanging beda akibate

Kadangkala tumiyup dadi prahara

Kang ngrusak katentreman

Kadangkala tumiyup alon anyep ing

kulit Lan gawe sumringahing ati

Angin

Mungguh barang kang nyata

Bisa kagrayang

Bisa kadulu

Bisa kaambu

Bisa katekakake lan kaendhani

Angin

Pranyata duwe karep dewe

Yen lagi nrajang ora perduli

Liwat ngono wae tanpa kandha
kandha

Kang keliwatan

Bakal kabur kumleyang tanpa daya

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 02, 2011 5:17 pm

kq sepi ya, ket wingi mung aku sing posting nang topik iki, monggo para sedherek dipun regengaken malih topik niki
Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSun Apr 03, 2011 2:47 am

KACA
dening : chahyo

Ketiga dawa nerak

Tanduran podho alum

Godhong kang gugur campur lemah garing

Kasempyuh angin sumebar ngregeti kaca

Dadi ian ngetoke wewayangan beda

Wujud asline nang njeron kaca katutupan rereget

Angin kang tumiyup kang kudune ngresiki ngandut lebu

Malah anjalari saya burem

Mendung kang diantu antu dadi udan

Tansah buyar sakdurunge dadi mega

Angin ngandut lebu saya garing saya banter

Kaca reged selak rusak

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeMon Apr 04, 2011 12:48 am

REMBULAN
dening : chahyo

Arepo sikilku ngambah bumi

Ananging awaku mabur ing awang awang

Mripatku nembus mega nyawang langit

Anyepe udan wengi wis ra karasake

Lan rembulan andhadhari sing tak ranggeh kui

Sunare ora tumuju nang aku

Pancen panggayuh sing ra guna

Amung tanganku wae sing neka neka

Aku kesel mabur terus

Aku pengin ngrasake padete bumi

Kaya wingi sakdurunge weruh rembulan

Wingi ngrasake wedang teh karo udud wae wis marem

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeMon Apr 04, 2011 9:22 pm

MADYANING BEBRAYAN
dening : chahyo

Ing madyaning bebrayan

Ora katon endi kang nyata endi kang udu

Akeh sing tetumpakan turangga

Ananging

Wismane kageden empyak kurang cagak

Ana sing katon ora pakra jebule bathok bolu isi madu

Jeneng janma mono tan kinira

Ana sing seneng tangane nang nduwure tangane liyan

Iku kang prayoga

Awit bandha kang sejati yaiku sing diwehke liyan

Unduh unduhane ing alam wusana

Bandha kang di nggo dhewe

Bakal ditinggal

kotagede , April
-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeTue Apr 05, 2011 10:24 am

PARAGA
dening : chahyo

Kaya kaya ombak iki uwis lerem

Pranyata gisiking samudra isih rob lan surut

solah bawa kui nyata amranani

Ati dadi nembangake kidung geni kang ngobong kayangan

Kang anjalari kamajaya nglepasake jemparing

Paraga kang lugu kui nyata njalari runtik

Warana waja tan kuwawa nahan deresing rasa

Amung tansah cecaketan kang bisa ngleremake

Wiwit kui adam katundung saka swargaloka

Lan kasangsaran dawa bakal kawiwitan

kotagede , April-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeWed Apr 06, 2011 2:10 am

GENI BIRU
dening : chahyo

Wus sawetara suwene Geni kui tansah murub

Ananging wus ora krasa panas maneh

Amarga aku wus kulina kobong

Sakjroning geni kui aku malah

jejogedan

Geni kui saiki wus malik biru
Angin tumiup banter

Ananging ora anjalari gedhe

Banyu uga ngelemi

Ananging ora anjalari sirep

Geni kui wus ra bisa ngobong maneh

Geni kui malah dadi lan rupaku Uga dadi pepadang rikala nang

petengan

Embuh tekan kapan geni tansah murub

kotagede , April-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeThu Apr 07, 2011 4:59 pm

KIDUNG PANEMBAH
dening : chahyo

Embun kang anyes

Angin kang sumilir seger

Angeting srengenge wayah esuk

Kabeh ilang kelem ing sakjroning
kidung panembah

Laladan kang maune regeng dadi
sepi

Kukupan kang maune gayeng dadi wening

Manuk kang pating bleber padha
mencok

Sepi... wening... kaya wayah esuk ing ara ara

Ananging mendung peteng tumeka nang ndhuwur kali

Kasusul udan deres kang anjalari
banjir

Kali kang bening dadi reged kebak slangkrah

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah



Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeThu Apr 07, 2011 5:10 pm

KUCIWA
dening : chahyo

Srengenge kang jumedhul kui

Anjalari,

Ana manuk manuk kang padha

ngoceh

Ana kembang kembang kang

padha mekar

Ananging kui kabeh amung muspra

Sebab,

Manuk manuk amung bisa

karungukake ocehane

Tanpa bisa andarbeni Lan kembang kembang amung

mekar sawetara

Ora bisa kasawang sateruse

Pancen kadadean kang nggawe

cuwa

Srengenge,

Marga kowe tuwuh kadadean

kang ora nyenengake

Srengenge,

Kowe kang salah apa aku kang lagi kuciwa ?

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 09, 2011 10:35 am

weh....ket kapan statusku mundak dadi erte malah ra ngerti aku
Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 09, 2011 5:00 pm

HENING

dening : chahyo

Tengah wengi

Sakjroning sepi

Kagawa ilining napas

Suara suara saya anteng

Sunaring diyan saya peteng

Rasa saya ra krasa

Kumleyang dewe menyang...

Suwung

Hening

Ora ana aku

Ora ana sapa sapa

Ora ana apa apa

Ora ngapa ngapa

Jagad cilik jagad gede sirna

Wektu mandeg

Papan ilang

Lebur

Kabeh nyawiji

Aku papan wektu

Purwa madya wusana

Dadi wujud sawiji

Wujud sejati

Sangkang paraning dumadi

Sempurna jati

Jatining sempurna

Hong...

kotagede ,
maret-2011

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 09, 2011 6:53 pm

PAPAN SENGKERAN

dening : chahyo

Lelungguhan ing empering omah

Kahanan krasa tentrem

Ananging

Kagawa angin sore kang arum

ngambar ambar

Awaku kumleyang tanpa daya Aku tekan ing sakwijining papan kang

endah

Ing kene kumajaya lan kumaratih

asring kakaron sih

Papan iki kudune tak singkiri

Amarga papan iki akeh omben omben lan candu

Yen nganti lumebu bakal lali

purwaduksina

Amarga mendem

Akeh sutapa kang kagodha papan iki

Lan ora bisa nerusake lelakune

kotagede ,
maret-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSun Apr 10, 2011 12:18 am

KELARAN
Deing: rizky

Sinorot cahyane rembulan wengi
Wang sinawang kemerlip cahyane lintang
Kroso nglanut rasane ati
Gadang piantung sing tak sayang

Aku ngalor koe ngidul
Aku ngulon koe ngetan
Kasebut sayang mung njegadul
Tak anggep guyon malah gur omongan

Ora tak gagas sansoyo kelingan
Yen tak anggep malah sliweran
Ohhh….
Arep tak kepiyeke atiku iki…

Sepi nyenyet tanpo sworo
Nganti rabiso ngudal woro
Kelu koyo uwong bisu
Mrengut ora biso ngguyu

Anggepanku sliramu iso dak pangku
Pangendikanmu ngayemke pangarepanku
Iso gae mabur ning awang-awang
Nuwuhke lelamunan kang ora kebayang

Hemmm......

Lungomu adoh paran
Kebat kliwat tanpo tembungan
Ninggalke ati nganti kelaran
Opo kui sing kok sebutke jare kasmaran...???

cikarang
April2011
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSun Apr 10, 2011 5:39 pm

DALAN

dening : chahyo

Dalan iki ciut lan kasar

Sakdawane dalan iki kebak sastra lan tulisan
Mlakune kudu nggunake lisan, raga lan pikiran
Dalan iki dawa kanggone kang cekak pikire
Lan saklawase bakal ing dalan iki
Ananging amung cedhak kanggone wong lantip
Lan mangerti pungkasane dalan
Ananging ora ateges pungkasane laku
Awit bakal isih ana dalan liya
Kang lakune uga beda

Dalan iki alus tanpa sastra lan tulisan
Amung rasa kang bisa mlaku

kotagede ,
maret-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeMon Apr 11, 2011 1:53 am

KELEM

dening : chahyo

Kali iki mili banter
Akeh wong padha kintir lan kelem
Aku wus nyoba ora kelem
Lan ora gawe keleme wong liya
Ananging wong wong kang kelem kui
Polahe pating jempalik
Tangane pating srawe
Nggereti apa wae sing nang cedhake
Anjalari aku katut kelem
Apa aku kudu ngelemke wong supaya aku ora dikelemke
Ora... Aku aja nganti ngelemke liyan
Aku kudu tetep kemambang tanpa ngelemke wong liya
Kepara malah gawe kemambange wong liya
Supaya bisa tekan ing laut bebarengan

kotagede,
maret-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeTue Apr 12, 2011 12:54 am

KEMEREN KANG ORA GUNA
dening : chahyo

Manuk ing angkasa pating bleber
Lepas abure nrabas mega
Gunung ing kadohan pating jenggeleg
Ora ngrewes tumiupe angin
Andadekake kemerening godhong garing
Kang ora bisa mabur
Lan tansah kabuncang tumiupe angin
Tanpa duwe daya nglawan
Manuk...
Kenapa ora nggawa klaras mabur
Gunung...
Kenapa ora nutupi klaras saka tumiyupe angin
Pancen kudu ngono
Awit...
Ora guna nggawa klaras mabur
Ora guna nutupi saka tumiyupe angin
Amarga klaras ora bakal weruh langit kang biru
Lan klaras wes sakmesthine kabur kanginan
Lan lebur campur lebu
Kang salawase mapan ing ara ara kang garing
Kemeren kang ora guna

kotagede , maret-2011
oooooOOOO()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeWed Apr 13, 2011 4:05 am

MAWAR MEKAR
dening : chahyo

Wayah esuk trontong trontong ing bang wetan
Mertandhani jumedule surya
Sunare cumlorot amadhangi mawar ing sakwijining kukupan
Kanthi sunare kang anget cumlorot
Surya nyawang mawar kang lagi mekar
Sumringah abang warnane mawar iku
Katambah pating prentule embun esuk kang tumempel
Kasawang katon saya seger
Anggawe sengseme surya
Pating blebere kupu kupu
Lan ocehing manuk manuk
Uga sambung sinambunge kluruke ayam alas ing kadohan
Anambahi semarake kukupan kui
Tan kendhat saka esuk awan tumuli sore
Surya tansah nyawang mawar iku
Tan bisa pedhut lan mendhung angalang alangi clorot sunare
Ananging gilir gumantining wektu terus lumaku
Wayah sore ora bisa digondeli
Wayah ndalu bakal nggenteni
Suryo bakal angslup ing langit kulon
Kanthi abot ing laku
Surya ninggalake mawar kang lagi mekar iku
Kanthi pangarep arep
Bisa nyawang mawar maneh ing esuk candake

Kotagede , April - 2011
oooooOOOO()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeWed Apr 13, 2011 5:06 pm

SANDHANGAN
dening : chahyo

Angen angen sumundul ngawiyat
Tan jumbuh mrang cekaking pambudi daya
Karsa maneka warna
Tan jumbuh mrang dahwening cipta
Pangrasa ngulandara tan mulat ing kahanan
Asta cendhak tan trengginas tansah cupet lan luput ing panjangka
Suku cendhak tan trengginas cekak jangkahe lan tansah kesandhung
Prahara teka matungka tungka
Saka kanan kering ngarep lan mburi
Anjalari makaping kaping niba tangi
Ati kang gampang malah digegampang tibake
Lathi kang tan bisa ngucap ora pungkasane ngrekasake dewe
Ananging sakabehe kui wus kangerteni lan kaantepi
Kabeh kui amung sandhangan
Ing donya mono amung sak kedheping netra
Ala lan becik bakal kalukar ing wusana
Sungkawa duhkita tan becik kadawa dawa
Becik tansah andedepe
Bakal sae ing tembe

Kotagede , April - 2011
oooooOOOO()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 16, 2011 2:23 pm

LAYUNG ING WAYAH SORE

dening : chahyo

Wus sawetara suwene ati iki njajah desa milangkori
Angupadi pandhita kang lumuhing ngelmu wanuh ing laku
Kang bakal amejang tirta wening pangruwat rasa
Kanggo nyirep sengseming sunar layung
Ara ara, segara, arga, wana wus kaliwatan
Rina lawan wengi tan kendhat angone lumaku
Ananging tetep tan bisa anemokake

Kupiya kang tanpa guna
Anjalari sayahing jangkah
Pungkasane amung bisa meneng tanpa daya
Pranyata amung meneng wae datan bisa
Amarga...
Senadyan talingan ing madyaning wengi kang sepi
Ananging kang kaprungu suaraning oceh ocehan ing wayah awan
Senadyan netra ing pucuk arga
Ananging kang katon karameane kutho ing kadohan
Sanadyan lathi iki mingkem rapet
Ananging ati tansah tetembangan kidung duhkita

Pranyata...
Ati iki wus kadung keyungyun
Ati iki wus kadung kelepan rasa
Ati iki durung bisa mingkur
Ati iki durung bisa kalulutake
Ati iki kadung kablerengen...
Marang edining sunar layung

Pandhita sangsaya angel katemokake
Apamaneh tirta wening
Amarga layung ing wayah sore iku...
Tansah angreridu
Tansah nggegiri godha
Kadung angliputi langit wayah sore

kotagede,

April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeWed Apr 20, 2011 8:16 am

TAN BISA MINGKUR
dening : chahyo

Tan kendhat anggonku kupiya mingkur

Pandelengan wus mawas kadohan
Ananging ati iki tetep kenceng datan mosik
Kepara malah mlaku dewe marani sing tak dohi
Kamangka wus kamangerteni yen iku amung muspra
Kaya laron kang marani padange oncor
Wus mesti bakal kobong

Prakara kang kawawas sepele iki
Pranyata ngremit
Angele ngluwihi ngudhari bolah ruwet
Wus kadung kadlarung dlarung
Wekasane kaya ngene iki tundhone

Aku wus kadung tiba kesandung lan tatu
Apa aku kudu sakteruse gumlethak
Ora...
Iki amung godha cilik ra sepira
Aku kudu bisa bali ngadeg lan jumangkah meneh
Mawas paran lan nglaleke rasa
Senadyan abote tan kaya kaya


Paran katon saya adoh
Laku dadi saya dawa lan abot
Yen rasa iki tansah kagembol
Aku kudu age age ucul saka kahanan iki
Supaya bisa ngrampungke laku


kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeFri Apr 22, 2011 6:35 pm

RASA KANG KAPENDEM

dening : chahyo

Rasa iki pancen ngewuhake
Adreng pengin weruh
Ananging....
Sakwuse mangerteni yen bisane amung nyawang kewala
Tan bisa ngapa ngapa
Tundhone malah amung ngungun
Wekasane kadya bocah kang amung nyawang layangan tatas
Nedya melu ngrayah ananging datan duwe uthik
Utawa kadya bocah angon kang nedya nggiring kewane
Ananging datan bisa awit datan duwe pecut

Hapsari kang aneng kahyangan
Tetepa sliramu ana ing kono
Kanthi esemira kang anyemekake tanem tuwuh
Lan nggawe grengsenging panguripaningsun

Ingsun mangerti sapa sajatiningsun
Ingsun amung sudra kang ngulandara abadan sapata
Tanpa papan lan panggonan
Yekti ora saktrepe yen anggadhang nggadhang sliramu

Hapsari kang aneng kahyangan
Sira aja was sumelang
Ingsun dudu janma kang adigang adigung adiguna
Kang seneng angruda paripeksa
Ingsun datan bakal ngrabasa kahyangan
Supaya bisa amboyong sliramu
Ingsun datan mentala yen sira aneteske waspa
Awit tumesesing waspanira
Andadekake prahara ing saklumahing buwana
Lan anjalari lemah subur dadi cengkar

Hapsari kang ana kahyangan
Cukup tumrapingsun nyawang pari polahira saka kene
Rasaningsun iki cukup aneng atiningsun
Datan perlu kamangerteni dening liyan
Lan bakal sirna bareng leburing jasadingsun

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSat Apr 23, 2011 12:24 pm

MLAYU SAKA WEWAYANGAN

dening : chahyo

Wewayangan kui tansah tut wuri lampahingsun
Tan kendhat anggoningsun nedya ngoncati
Saka padhanging rahina tumeka ing lingsir wengi
Ananging petenging wengi tan bisa anyirnakake
Kepara nambahi lan cethane
Nganti sun rewangi lumayu tekan ing pucuking redhi
Pranyata wewayangan iku malah ndisiki tumeka ing kana

Jumeglure ombak kang nabrak pereng
Gemludhuge gelap ngampar ing sela selaning mega
Uga udan lan prahara kang anjalari dahuru
Tan andadekake wewayangan iku luntur
Kepara tambah gumawang ing tawang

Wewayangan kang tansah nggubet sukmaningsun iku
Andadekake maneka warna rasa
Bungah, susah, sepi, uga nglangut kang teka lunga lir gumanti
Kaya lir gumantining udan lan panas

Kang njalari sela ambrol lan kayu dadi gapuk

Jagad kaheningan manjinga ing angganingsun
Usadanana panandhang ingsun iki
Padhangana atiningsun kang lelimengan iki
Supaya wewayangan iku sirna

Saklawase saka atiku

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeSun Apr 24, 2011 5:38 pm

GODHA RENCANA
dening : chahyo

Godha rencana iku pancen wasis
Dheweke mangerti yen aku ora doyan kadonyan
Mula nggiri godha aku ora liwat kadonyan
Dheweke ngerti pangapesanku ana ing ati
Sak wijining dina dheweke tumeka marang aku kang lagi pas kalenan
Mbanjur namakake jemparinge kanthi alus tan karasa
Lagi karasa mbareng wus tumancep jero ing pulung ati


Sanadyan amung jemparing ananging tumancep jero ing ati
Lan dayane anjalari ati ora jenjem
Lan tansah umyeg
Uga mahanani sakebehing paripolahku
Paningal dadi ora permana amarga tansah kamikatonen
Talingan dadi suda amarga tansah kamirungonen
Pikiran dadi kerep nglambrang ra karu karuan
Awak dadi dahwen ing pakaryan
Njalari aku dadi kateteran ing madyaning pabaratan iki


Anangin bejaning awak aku isih eling
Kawaspadanku jumedul sanadyan wus kadaluwarsa
Aku eling yen kabeh laralapa iki amarga jemparing kang tumancep
Mula aku bisa nglawan kabeh karep kang ora sakmestine
Amarga dayaning jemparing iku

Aku dadi pengin mangerteni
Sepira suwene jemparing iki krasan tumancep ing ati
Sepira suwene dayaku bisa nglawan dayaning jemparing iki
Lan ing tembe sapa kang bakal kalah ing pabaratan iki
Aku kang bakal kapanjingan daya jemparing iku
Apa jemparing kui tetep tumancep anganging tanpa daya

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeMon Apr 25, 2011 9:25 am

SAKWUSE PATEMON KEREP KADADEAN
dening : chahyo

Kadadean iki ora sakmestine
Ananging ora ana kang ngerti lakuning pepesten
Ing patemon pisanan ora ana apa apa
Ananging patemon terus kadadean
Lan owah owahan kawiwitan mbaka sithik
Wusanane kahanan dadi ora biasa meneh

Sakwuse patemon kui kerep kadadean
Esem kang maune katon tanpa makna
Saiki malik dadi amranani
Anjalari ati kang maune anteng
Saiki tansah molak malik
Kadangkala jejogedan kekiter
Liya dina meneng susah

Sakwuse patemon kui kerep kadadean
Solah bawa kang maune katon lumrah
Saiki dadi narik kawigaten
Njalari pikiran kang meneng
Saiki tansah mobah mosik
Kadang kala kebak werna werni
Liya dina suwung tumlawung

Sakwuse patemon kui kerep kadadean
Dina dina kang biasa dadi dawa lan abot
Wengi kang sepi dadi kebak pangimpen
Udan, terang, panas, adem lunga teka

Terkadang
Ana pangajab ubenge donya iki bisa mandeg
Lan kahanan bali kaya wingi uni
Bali sepi lan tentrem
Ananging pangajab tetep dadi pangajab
Roda wektu wus bacut mlayu
Ora bisa kabalekake

Dina dina terus lumaku
Donya iki terus mubeng
Roda wektu terus mlayu
Prahara iki bakal terus kadadean
Saklawase...

kotagede , April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeTue Apr 26, 2011 2:41 am

WEWAYANGAN KANG GUMLIBET
dening : chahyo

Wengi iki katone sepi
Nanging saknyatane ora
Jalaran ati iki bali goreh
Amarga wewayangan kui ngaton maneh
Sanadyan amung gumlibet ana pangimpen
Amung ngimpi wae wis kaya ngene
Apamaneh yen kadadean nyata
Wus mesti tambah ra karu karuan

Kadang ana pitakonan
Kena apa wewayangan iku ana
Iku ana saka karepe dewe
Apa dianakake
Apa sakjane bisa kasingkirake
Ananging aku isih ngeman
Lan tanpa sengaja ngupakara wewayangan iku

Aku kang tansah nggegulang ing bebener lan kasunyatan
Pranyata isih ana perangan kang ora manut paugeran
Lan mlaku dewe tanpa bisa kakendaleni
Lan njalari nuwuhake lelakon iki

Ati iki ora mesti wening
Kadang ngerti endi sing bener kadang ora
Pikiran iki ora mesti waspada
Kadang ngerti endi sing nyata kadang ora
Kui anjalari wewayangan kui tansah gumlibet

Dudu salahe wewayangan kui ana
Ananging aku wae kang durung sampurna ing kawaspadan
Kadang waspada
Kadang lena
Ananging akeh lenane

Ing babagan siji iki pancen aku isih lugu
Mula kuwi tansah dadi alangan
Amung kulina ngadepi kang nuwuhake
kawaspadan

Kang tak ajab
Cukup wewayangan kang gumlibet ing impen
Lan ora kadadean ing kanyatan

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeTue Apr 26, 2011 4:45 am

sepi
dening Asmaraningtyas


sepi
ke-sapu
sepa

aku ki
sapa?
kok aku
supe

sepi
meneh
kelingan
supi
kelingan
sopi
aku milih
sapa?


sepi sepa sepen...

sing ana
mung
sapi
ter-sipu
Kembali Ke Atas Go down
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeThu Apr 28, 2011 6:09 pm

MOLAK MALIKING JAMAN
dening : chahyo

Dina terus lumaku
Wektu terus mubeng
Suwening suwe kabeh ngalami owah owahan
Saiki jaman wus ganti
Panguripan uga wus malik
Hawa sing ndisik seger
Saiki dadi panas sumuk

Kali sing ndisik mili resik
Saiki dadi mambeg reged
Papan kang ndisik bawera arang pomahan
Saiki sumpek lan padhet

Panguripan uga ngalami owah owahan
Uwong uwong sing ndisik semanak marang liyan
Saiki ambeg marang sapadha pandha mburu butuhe dewe
Pamong praja kang kudune mbangun negara
Malah padha ngubal ubal dhuwit negara
Wong pinter padha keblinger
Pendhita padha adol ngelmu

Aku kelingan dhuk nalika semana
Playon turut galengan
Kang saiki dadi gedhung gedhung
Lelangen ing kali
Kang saiki kanggo ngilekake rereged
Mlayu mlayu turut dalan padesan
Kang sepi
Nanging saiki dadi dalan kang padhet tetumpakan
Ngundho layangan ing langit kang biru
Kang saiki malik reged dening kebul pabrik

Alas kang ijo royo royo
Padha ditegori uwite
Lapangan kang jembar
Saiki dadi perumahan
Kewan kewan padha diburu
Kanggo kelangenan tanpa rasa welas

Kaya kaya wis ora ana sing bener
Wis padha lali marang alam
Jer wong urip mono amung sakdremo manggon
Ananging tundhone malah ngrusak
Kaya kaya alam iki duweke dewe
Ora mangerti yen alam iki uga urip
Yen rinasa manungsa amung gawe kapitunan
Alam bakal tumindak supaya ora tambah rusak

Mula kadadean bencana alam ing endi papan
Dudu salahe alam yen dheweke malik
Ananging manungsa kang anjalari alam malik
Alam saiki dudu mitra meneh
Awit manungsa wus lali memitran marang alam

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeThu Apr 28, 2011 11:50 pm

SAYA MANDHEG M
ANGU

dening : chahyo

Ing wayah sore kui
Srengenge mesem sak durunge angslup
Kanthi ninggalake warna abang ing langit kulon
Kena apa sakdurunge angslup ndadak mesem barang
Ndadekake ati kang wus mungkur bali mandeg mangu
Mripat kang nyawang wetan
Dadi noleh marang langit kulon

Ing wengi iki
Pikiran kang kudune suwung
Dadi kebak relung kang pating plungker
Mripat amung kethap kethip
Ora bisa merem
Wengi iki krasa luwih angelangut
Bakal kalakoni tanpa turu
Ananging kebak impen
Impen nyawang srengenge kang mesem ing wayah sore

Ananing ing sore candake
Langit kaliputan mendung angendanu
Ngalang alangi sesawangan
Eseme srengenge kang kaantu antu ora katon
Lan ora ninggalake warna abang ing langit
Langit katon amung surem
Mendung saya angendanu
Ora sawatara suwe udan teka
Kanthi nggawa rasa kekes
Ati kang kagelan dadi saya ngenes

Apa eseme srengenge kang angslup bakal katon maneh
Ora ana sing ngerti
Kang bisa kalakoni amung ngantu antu pambiyantune langit
Supaya nyingkirake mendung ing wayah sore

Menawa langit mangerteni marang pangarep arep iki
Kang ngantu antu eseme srengenge ing wayah sore
Bakal ana perkara anyar
Yakui ati kang saya mandeg mangu
Madep mangetan nanging nyawang langit kulon

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeFri May 06, 2011 3:03 am

ING SAKWIJINING WENGI
Dening : chahyo

Wengi saya sepi
Ati wening alon lumaku
Tumuju mahasing ngasepi
Datan laras mrang pikir kang muntir muntir
Kaseret lelamunan
Satemah ngadoh saka suwung
Lan wening

Pasulayan pepinginan lan nalar tanpa wusana
Angen angen kang ngaya wara
Njalari ati tan bisa gembleng
Laku pamelengan saya rumpil
Saya adoh
Saya samar

Pangimpen kang tan dadi nyata
Pepenginan kang tan kasembadan
Manjalma lelamunan katon nyata
Nambah rereged ing ati
Nambah ruwet ing pikir

Wusane
Sakdawane wengi
Amung wira wiri
Amung glibat glibet
Amung mubeng mubeng
Ing sakdawane lurung
Nuruti bingung

Kotagede , Mei-2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo
Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeWed May 11, 2011 3:24 pm

KEDUWUNG
dening: Must_ed

netramu tan kena ndeleng
peteng...
kadya sajroning teleng

sukumu lumpuh
sampyuh...
sanajan amung lungguh

lathimu blangkemen
mingkem...
tansaya mbethem

jinlentreh lelakon kang wus kelakon
duk nalika semana
sliramu angkuh tan kena rinengkuh
wanodya kok anggep uwuh
wong tuwa nora mbok aruh
kepara kang metu saka lathimu malah mung pisuh

wektu iki awakmu arupa bathang
jiwamu gothang
kang moro mung bisa nyawang
tan bisa paring tetulung

opo sliramu nora keduwung???
lumebu donya kang suwung...
Kembali Ke Atas Go down
nardlenk
Warga
nardlenk


Lokasi : karangmojo
Reputation : 0
Join date : 29.06.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeFri May 13, 2011 2:39 pm

Tanpo Mripat


tansaya akeh manungsa

ajak-ajak dalan bener

tansaya luwih akeh manungsa

urip kelangan angger-angger


donya wis kebak manungsa keblinger

amarga lali marang dalan swarga

amarga weruh rajabrana angiler

nganti lali numpuk bandha tan kira-kira


apa donya wis nyedhaki kiyamat

apa aku lan kowe tanpa mripat? 


nardlenk
karangmojo, 13 juni 2011
ingkang remen kalian geguritan, monggo sareng-sareng regengaken wonten ing group GEGURITAN.
https://www.facebook.com/group.php?gid=222026072917
Kembali Ke Atas Go down
http://nthrieproduction.co.cc
chahyo
Lurah
chahyo


Lokasi : Kotagede, Yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 12.02.10

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeTue May 24, 2011 9:07 pm

NGADHEPI P.ANGIMPEN
dening : chahyo


Wus makaping kaping
Paraga iku jumedhul ing pasumpenan
Sakwuse mesthi katon ing kanyatan
Ora kurang kurang anggone anyelaki
Ananging kaya ana sing anjurung kadadean
Lan tetep wae ora bisa nyingkiri patemon

Kagawa saka kulinane nglakoni
Kadadean iku ora mahanani ing samubarang
Patemon lan patemon kalakoni tanpa rasa
Ora kaya mbiyen ati tansah poyang payingan

Wus dadi katetepan
Sumedya ninggalake wewayangan kang tanpa gatra lan samar
Kang nuwuhake rerasan ora sakmestine
Lan anggawe karep ora saktrep

Wengi iki ati wus sumadya
Ngadepi pasumpenan kaya kang uwis
Ing pangajab cetha dikaya ngapa
Sumpena iku ora njalari apa apa

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Kembali Ke Atas Go down
http://chahyo.wen.ru
didi_orakempot
Lurah
didi_orakempot


Lokasi : jgja
Reputation : 0
Join date : 15.08.11

GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitimeMon Aug 15, 2011 10:51 am

hmm...geguritan boso jowo pancen apik... loncat
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) - Page 3 Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
GEGURITAN (puisi boso jowo)
Kembali Ke Atas 
Halaman 3 dari 3Pilih halaman : Previous  1, 2, 3
 Similar topics
-
» sinau / latihan boso jowo
» kenapa boso jowo sepi ki
» PARIKAN EPISODE 2 ( PANTUN BOSO JOWO)
» Setiap Posting Pakai Boso Jowo
» saben dino sabtu nganggo boso jowo

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: