FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 GEGURITAN (puisi boso jowo)

Go down 
+19
rmlodang
budhisetya69@yahoo.com
Koma
Mas Panut
setan_baek
rizky
mbah surip
ria
ko jo wo
iLik
must_ed
gaplex
Ki Sosro Harjono
dewalangit
raxsheeds911
masgareng
Bangkit Wicaksana
Ipung Purwanto
akhmad subekti
23 posters
Pilih halaman : 1, 2, 3  Next
PengirimMessage
akhmad subekti
Koordinator
akhmad subekti


Lokasi : wonosari
Reputation : 3
Join date : 30.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeFri Apr 11, 2008 9:51 am

RON GARING



Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin



prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring



aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku



ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara



aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan



krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep



kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu



panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

[i]Pengarang[/i] : Budhi setyawan
http://www.budhisetyawan.wordpress.com
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Aug 14, 2008 7:15 pm

Wah iki wonge lagi kasmaran opo topo broto mas...?
Kembali Ke Atas Go down
Bangkit Wicaksana
eRTe
Bangkit Wicaksana


Reputation : 0
Join date : 27.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSat Oct 18, 2008 4:10 pm

mas aku gawekno geguritan sing patut nggo gawe undangan pernikahan,...
Kembali Ke Atas Go down
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSun Oct 19, 2008 10:41 am

Bangkit Wicaksana wrote:
mas aku gawekno geguritan sing patut nggo gawe undangan pernikahan,...
Mungkin sing koyo ngene iki mas...,

Pangajab ;
Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku,
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.

Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,
ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna.

Angin bengi angining pangayoman,
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.

Priya kang tansah ngulandara,
ing kene ana halte pungkasan.

(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16)
Kembali Ke Atas Go down
masgareng
Koordinator
masgareng


Lokasi : Ciledug, Tangerang, Banten
Reputation : 12
Join date : 16.04.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSun Oct 19, 2008 10:55 am

Anjrah ingkang puspito arum
Katiyuping samirono mrik
Sekar gadung
kongas gandanyo
Maweh Raras
Renaning ndriyo
Kembali Ke Atas Go down
https://facebook.com/masgareng
Bangkit Wicaksana
eRTe
Bangkit Wicaksana


Reputation : 0
Join date : 27.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeMon Oct 20, 2008 1:47 pm

ya bagus mas, tapi kalo bisa diartikan ke maknanya ya, saya tunggu karya berikutnya ajib
Kembali Ke Atas Go down
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 10:42 pm

SEDYAKU

Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji... Sad
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
dewalangit
Officer
dewalangit


Lokasi : Jl.jogja-wnsari km 20 Patuk.Dhaksinargha Bhumikarta.
Reputation : 39
Join date : 20.07.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 10:51 pm

Aku ora iso geguritan ki,..
sopo sing gelem ngajari yo...??
Isaku gur "bapak pocung",...oleh ora lek...?
Kembali Ke Atas Go down
http://www.saeahchim.co.kr/
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 10:56 pm

Sing penting sregep maos wacan boso jowo Mas... Very Happy
contone mawon majalah nopo tabloid...kados panjebar semangat, Joko lodhang lan sakpanunggalanipun...

Lha kulo niki nembe belajar kok mas...
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
dewalangit
Officer
dewalangit


Lokasi : Jl.jogja-wnsari km 20 Patuk.Dhaksinargha Bhumikarta.
Reputation : 39
Join date : 20.07.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 11:06 pm

Joko lodhang ki neng Gunungkidul ora ono ketoke,..
nek trubus ono ora yo...?
Kembali Ke Atas Go down
http://www.saeahchim.co.kr/
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 11:15 pm

Ya..cobi mawon mas dipadosi nopo mandhap teng jogja mesthine wonten
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
dewalangit
Officer
dewalangit


Lokasi : Jl.jogja-wnsari km 20 Patuk.Dhaksinargha Bhumikarta.
Reputation : 39
Join date : 20.07.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeWed Feb 11, 2009 11:18 pm

nek nggen situs nopo web wonten mboten nggih,..menawi wonten mbok kulo nyuwun link e..?
matursuwun sakderenge..
Kembali Ke Atas Go down
http://www.saeahchim.co.kr/
Ki Sosro Harjono
KorLap
Ki Sosro Harjono


Lokasi : cirebon,west java, Tanjung Sari City
Reputation : 3
Join date : 05.11.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Feb 12, 2009 12:05 pm

Lintang-lintang

lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)

Hayu ning bawono
Kembali Ke Atas Go down
http://www.offijogja.blogspot.com
gaplex
Koordinator
gaplex


Lokasi : KARANG DUWET,KARANG MOJO,CILEDUG
Reputation : 7
Join date : 07.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Feb 12, 2009 12:41 pm

Ipung Purwanto wrote:
Bangkit Wicaksana wrote:
mas aku gawekno geguritan sing patut nggo gawe undangan pernikahan,...
Mungkin sing koyo ngene iki mas...,

Pangajab ;
Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku,
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.

Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,
ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna.

Angin bengi angining pangayoman,
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.

Priya kang tansah ngulandara,
ing kene ana halte pungkasan.

(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16)

salut tenan aku... Aplouse
ijek do kelingan bab ngono2 kui
aku dewe moco we bingung
Kembali Ke Atas Go down
http://www.ndtindonesia.com
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Feb 12, 2009 1:16 pm

Mas kuwi jenenge nguri-uri kabudayan lha nek orak awake dewe sing nyinau gek sopo sing arep nerus ake.... mesakne welingane simbah biyen,.....
Kembali Ke Atas Go down
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Feb 12, 2009 8:10 pm

dewalangit wrote:
nek nggen situs nopo web wonten mboten nggih,..menawi wonten mbok kulo nyuwun link e..?
matursuwun sakderenge..


Mas Dewa Langit...nyobi njenengan buka link meniko...mugi-mugi saged kangge pasinaonan sesarengan http://www.ki-demang.com/
http://www.ki-demang.com/
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
dewalangit
Officer
dewalangit


Lokasi : Jl.jogja-wnsari km 20 Patuk.Dhaksinargha Bhumikarta.
Reputation : 39
Join date : 20.07.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeThu Feb 12, 2009 9:09 pm

Maturnuwun Mas Raxsheed,..sampun kulo cobi,..
ajib
Kembali Ke Atas Go down
http://www.saeahchim.co.kr/
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeMon Jun 29, 2009 9:38 am

SEPI....

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...

nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...

:L00*^: :L00*^: :L00*^:
Kembali Ke Atas Go down
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeMon Jul 06, 2009 2:16 pm

STASIUN GAMBIR WANCI ESUK
(dening: Triman Laksana. stasiun gambir 301108)

tekaktu iki, ora nggawa kabar dhuhkita
sanajan tetep isih kebak tandha pitakon
mung wae nuhoni jejege laku tama
gawe gegayuhan kang bakal dadi ati
lelandhesan karep.... nyekel angin ana epek-epek

wis dak rungkebi, dawane dedalanan
kanggo janji-janji kawuri sing bakal tumeka
ana sangarepe kori kahanan padhang
bareng mandhege sepur bima... ana stasiun gambir
srengenge isih tetep padha... madhangi jagat iki

kebak sanggan ana raga, supaya dadi kasunyatan
nyawiji siji... ing sajroning pangkon
Kembali Ke Atas Go down
iLik
Warga
iLik


Lokasi : DOLOPO
Reputation : 0
Join date : 19.08.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeTue Aug 25, 2009 9:27 pm

nyuwun sewu poro sederek.........
niki nubi........

dalem kapurih req geguritan.....
matur suwun
Kembali Ke Atas Go down
ko jo wo
Warga
ko jo wo


Lokasi : indosia
Reputation : 0
Join date : 14.09.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSun Sep 20, 2009 2:36 am

must_ed wrote:
SEPI....

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...

nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...

:L00*^: :L00*^: :L00*^:


pancen sepi pakde........ ati mari mati tansah nunggoni... ;) :*)0(: :vo;;:
Kembali Ke Atas Go down
ria
Warga
ria


Lokasi : SMA N I Sewon
Reputation : 0
Join date : 21.09.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeMon Sep 21, 2009 11:44 am

Nuwun sewu,
keparengan ing mriki kula badhe urun rembag babagan seratan panjenengan, inggih punika:
sopo kedahipun dipunserat sapa
ono kedahipun dipunserat ana
poro kedahipun dipunserat para

matur sembah nuwun, mugi Basa Jawa tansah rahayu ning owah gingsiring jadad modern...
Kembali Ke Atas Go down
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeFri Sep 25, 2009 9:34 am

ria wrote:
Nuwun sewu,
keparengan ing mriki kula badhe urun rembag babagan seratan panjenengan, inggih punika:
sopo kedahipun dipunserat sapa
ono kedahipun dipunserat ana
poro kedahipun dipunserat para

matur sembah nuwun, mugi Basa Jawa tansah rahayu ning owah gingsiring jadad modern...

matur nuwun sampun dipun leresaken.... mbok mangga dipun tambahi geguritanipun....
Kembali Ke Atas Go down
mbah surip
KorLap
mbah surip


Lokasi : ***
Reputation : 0
Join date : 13.02.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeFri Sep 25, 2009 2:01 pm

................. ajib ..................... GEGURITAN (puisi boso jowo) 867258 ..................... ajib
.................................................................................... GEGURITAN (puisi boso jowo) 171565
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeFri Sep 25, 2009 3:19 pm

weladalah si mbah ikki malah mung gur gisi titik titik ki jur kepriwe frustasi
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSat Oct 17, 2009 3:24 pm

TRESNAKU

kayungyun duk samana nalika dak sawang
runtut gunemmu
dakik-dakik seratanmu ing nawala

aku ngerti, merga suket godhong lan rembulan
dadi mitramu sejati
rina wengi tan bisa goling

aku rugi.......
merga aku lali

banjur....
tresnaku kaseret pedhut
surup....
esuk....
lan kapan wae
mesthi bakal ana wayah manembah
pucuking angen-angen

TRESNAKU ndak sok mring GUSTI....
GEGURITAN (puisi boso jowo) 193929 GEGURITAN (puisi boso jowo) 193929 GEGURITAN (puisi boso jowo) 193929
Kembali Ke Atas Go down
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeTue Oct 20, 2009 3:03 am

CIDRO ING KATRESNAN

Diajeng...
Tak tulis layang iki...

Naliko langit kebak mendung
Gawang - gawang katon lelakon kang wus kepungkur...

Naliko ndak sawang netramu ing tegal papungan...
Laras pipimu ing watu kendal
Lan tak geget ladimu ing sendang GlagaH

Hemmm...achhh.. nanging ora jeng...

Jebul tresnamu cethek koyo kali kang kebak padas ...
Ringkih koyo kayu gapuk...
Kering koyo jati aking...

Aku wus ora nduwe pengarep arep meneh jeng.... :oops:
Kembali Ke Atas Go down
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSat Oct 24, 2009 12:06 pm

KATRESNAN JATI

katresnan sejati iku mung ngayawara
Rama tegel merjaya Shinta ing pati obong
(mung kanggo bukti sihing tresna)
Yen ngono katresnan jati iku lelandhesan cubriya???

dudu.... dudu....
kaca benggala sing salah
kaca benggala sing bubrah

nanging ngapa isih kaanggep omah
kanggo ngeyup pepayung langit biru
kanggo lelumban ing samudra biru
marang jalma kang ketaman ati biru?

katresnan jati iku kadya caritane lelembut
kerep den blabarake
angel den sunyataake

katresnan jati nora nyawang sendanging tirta
nyemplunga saraga jiwa...
UNJUKEN!!!!
Kembali Ke Atas Go down
setan_baek
Warga
setan_baek


Lokasi : Central Java
Reputation : 0
Join date : 25.10.09

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSun Oct 25, 2009 9:17 am

kasmaran kui Aplouse
Kembali Ke Atas Go down
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitimeSun Nov 08, 2009 2:56 am

Lha endi ki kok sepi...?
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





GEGURITAN (puisi boso jowo) Empty
PostSubyek: Re: GEGURITAN (puisi boso jowo)   GEGURITAN (puisi boso jowo) Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
GEGURITAN (puisi boso jowo)
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 3Pilih halaman : 1, 2, 3  Next
 Similar topics
-
» sinau / latihan boso jowo
» kenapa boso jowo sepi ki
» Setiap Posting Pakai Boso Jowo
» PARIKAN EPISODE 2 ( PANTUN BOSO JOWO)
» saben dino sabtu nganggo boso jowo

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: