| serat centini | |
|
+2Wonosingo Ngali Kidul akhmad subekti 6 posters |
Pengirim | Message |
---|
akhmad subekti Koordinator

Lokasi : wonosari Reputation : 3 Join date : 30.03.08
 | Subyek: serat centini Thu Apr 10, 2008 2:27 pm | |
| Bêbuka
wahyaning arda rubeda
ki pujangga amengêti
mêsu cipta mati raga
mudhar warananing gaib
sasmita sakalir
ruwêding sarwa pakewuh
wiwaling kang warana
dadi badaling Hyang Widdhi
amêdharakên paribawaning bawana
Mangkya darajating praja
kawuryan wus sunyaruri rurah pangrehing ukara
karana tanpa palupi
ponang paramengkawi
kawilêting tyas malatkung
kongas kasudranira
tidhêm tandhaning dumadi
ardayengrat dening karoban rubeda
Ratune ratu utama
patihe patih linuwih
pra nayaka tyas raharja,
parandene tan dadi, paliyasing kalabêndu, malah sangking andadra, rubeda kang ngrêribêdi, beda-beda ardane wong sanagara.
Katatangi tangisira
sira sang paramengkawi kawilêting tyas duhkita katamaning reh wirangi dening upaya sandi sumaruna anarawung pangimur manuara met pamrih melik pakolih têmah suha ing karsa tanpa wêweka
Dhasar karoban pawarta
babaratan ujar lamis pinudya dadya pangarsa wêkasan malah kawuri
yen pinikir sayêkti pedah apa aneng ngayun andhêdhêr kaluputan siniraman banyu lali lamun tuwuh dadi kêkêmbanganing beka
Ujar paniti sastra
awawarah asung peling
ing jaman kêneng musibat wong ambêk jatmika kontit mangkono yen niteni pedah apa mituhu pawarta alawora mundhak angraranta ati angur baya ngikêta cariteng kuna
Kêni kinarya darsana
panglimang ala lan bêcik sayêkti akeh kewala lalakon kang dadi tamsil
masalahing ngaurip
wahananira tinêmu
têmahan anarima
mupus papasthening takdir puluh-puluh anglakoni kaelokan
Amênangi jaman edan
ewuh aya ing pambudi
melu edan nora tahan
yen tan milu anglakoni
boya kaduman melik
kalirên wêkasanipun dilalah karsa Allah bêgja-bêgjane kang lali luwih bêgja kang eling lawan waspada
Samono uga babasan
padu-padune kepêngin
nggih mekotên Paman Dhoblang bener ingkang angarani nanging sajroning batin sajatine nyamut-nyamut wis tuwa arêp apa muhung mahasaning ngasêpi supayantuk parimarmaning Hyang Suksma
Beda lamun kang wus santosa
kinarilan ing Hyang Widdhi
satiba malanganeya
tan susah ngupaya kasil
saking mangunah prapti Pangeran paring pitulung
mara samaning titah rupa sabarang pakolih
parandene masih tabêri iktiyar
Sakadare linakonan
mung tumindak mara ati anggêr tan dadi prakara karana wirayat muni iktiyar iku yêkti pamilihe reh rahayu sinambi budi daya kanthi awas lawan eling kang kaesthi antuka parmaning Suksma
Ya Allah ya Rasulullah
kang sipat murah lan asih mugi-mugi aparinga pitulung ingkang nartani ing alam awal akir dumunung in gêsang ulun mangkya sampun awrêdha ing wêkasan kadi pundi mila mugi wontêna pitulung Tuhan
Sagêda sabar santosa
mati sajroning ngaurip kalising reh aru-ara murka angkara sumingkir tarlen mêlêng malatsih sanityaseng tyas mamasuh badharing sapu dhêndha antuk mayar sawatawis borong angga suwarga mesi martaya | |
|
 | |
Wonosingo Ngali Kidul Pengawas

Lokasi : Gunungkidul Reputation : 20 Join date : 06.05.08
 | Subyek: Re: serat centini Fri May 16, 2008 1:47 pm | |
| Mas subekti ngomong njenengan gadah Centhini sing tuisan tangan mboten.....
lengkap lho.... | |
|
 | |
gimbik Pengawas

Lokasi : Nori One Reputation : 6 Join date : 04.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Tue May 20, 2008 5:38 am | |
| nyuwun Copyanipun angsal Mboten? _________________ I know the Lord will make a way for me Mampir Dunk==> Bola Disini Juga ==> Site OK Zone ===> Blog Dengerin Lagunya ===>> my world
| |
|
 | |
akhmad subekti Koordinator

Lokasi : wonosari Reputation : 3 Join date : 30.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Sun Jul 06, 2008 1:12 am | |
| | |
|
 | |
Ipung Purwanto Camat

Lokasi : Lubang Buaya Jaktim Reputation : 5 Join date : 08.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Tue Aug 12, 2008 11:29 am | |
| Datane oke...Ono meneh ra mas..dilanjut ... | |
|
 | |
Wonosingo Ngali Kidul Pengawas

Lokasi : Gunungkidul Reputation : 20 Join date : 06.05.08
 | Subyek: Re: serat centini Tue Aug 12, 2008 12:29 pm | |
| Wah Serat Centhini ki asline ono 12 Bab, sing marai kuwi sejarahe Syekh Amongrogo lan Tambangraras. Nek garis2 besare wae ono, ning yo d upload disik... Nek tuku buku, biasane ning toko buku2 langka...lan regane wae wis larang banget jeee... | |
|
 | |
Ipung Purwanto Camat

Lokasi : Lubang Buaya Jaktim Reputation : 5 Join date : 08.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Tue Aug 12, 2008 2:40 pm | |
| wah nek ngono di foto copy wae mas...munkin lebih irit.hee...heee Lha wong asline wae ono ra...? haa.hee | |
|
 | |
Pardjimin Presidium

Lokasi : Blekasi - DjogDja - GK - Semin - Karang Sari Reputation : 10 Join date : 14.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Tue Aug 12, 2008 3:45 pm | |
| koq aku ra paham yo, mbok di wenehi ngerti aku kih.. _________________ MPAN NGGO PAPAN
http://pardjimin.wordpress.com/
| |
|
 | |
Ipung Purwanto Camat

Lokasi : Lubang Buaya Jaktim Reputation : 5 Join date : 08.03.08
 | Subyek: Re: serat centini Mon Sep 08, 2008 6:33 pm | |
| Opone mas sing kurang jelas...? nek men jelas...dho mangan karo ngombe susu jahe...yo??...walah2..mak nyuuussss...!!! :h: :h: :h: | |
|
 | |
kakyo29433 Warga

Lokasi : jakarta Reputation : 0 Join date : 09.07.09
 | Subyek: Re: serat centini Sat Jul 18, 2009 12:31 am | |
| - Ipung Purwanto wrote:
- Opone mas sing kurang jelas...?
nek men jelas...dho mangan karo ngombe susu jahe...yo??...walah2..mak nyuuussss...!!! :h: :h: :h: dientosi kemawon para sedherek, bukunipun bakalan medal, nembe"dialih bahasakan " teng b.Ind kaliyan tiyang ugm, seraching mawon nggangge"om Google-serat centini elisabeth" suwun... | |
|
 | |
Sponsored content
 | Subyek: Re: serat centini  | |
| |
|
 | |
| serat centini | |
|