FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN

Go down 
2 posters
PengirimMessage
raxsheeds911
Lurah
raxsheeds911


Lokasi : Ciledug
Reputation : 0
Join date : 09.06.08

MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN Empty
PostSubyek: MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN   MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN Icon_minitimeSun Oct 19, 2008 11:51 am

Ana laku telu sing becik banget kanggo mbangun ketakwaan kita ing ngarsa-Ne Gusti Allah, yaiku: Takhalli, Tahalli lan Tajalli.

1. Takhalli
Reresik ati, nyuceni budi, ngosongake jiwa saka sipat-sipat sing ora becik, dening hawa nafsu sing diumbar mbedhal. mbongkar oyot-oyote maksiat kanthi tobat kang mbabarpisani. Aprajanji marang awake dhewe yen ora bakal nuruti pangajake setan sing wujud manungsa sing tansah padha ngatonake endah bab-bab kang sejatine ala, lan ngatonake ala bab-bab sing sejatine becik.

2. Tahalli
Ngiwi jiwa sing wis kosong saka sipat-sipat kang ora becik, saka budi kotor lan saka watak ala mau, nganggo sipat-sipat kang utama, budi suci lan watak sing becik, sing digerakake dening ilmune lan akale, sing dituwuhake dening atine kang suci. Kanthi mengkono lakune mujudake hijrah saka tarekat jahanam (laku sing tumuju marang neraka), pindah ana ing tarekat Islam (laku sing tumuju marang pasrah jiwa raga marang Gusti Allah).

3. Tajalli

Mahami lan nyalarasake dhiri marang sifat-sifat-E Gusti Allah Kang Maha Suci lan Maha Tunggal, Kang Maha Welas lan Asih, Kang Maha Kuwasa lan Wicaksana. Menghayati ke-Tuhanan Yang Maha Esa, kanthi adedhasar pangerten kang bener, yaiku pangerten kang asli lan murni saka wahyu AL-QUR'AN. Tansah pracaya lan eling marang Gusti Allah, sing akhire ngrasuk marang gegebengan "Gusti Allah wae wis cukup tumrap aku!" (Cukuplah Allah bagiku).

Apa sing kita gayuh kanthi trilaku iku????

Amarga sregep nindakake takhalli, kita ibarate wis ora dadi bocah sing seneng golek iwak lan cebong ing peceren, nanging wis dadi mahasiswa sing resikan sing paham tenan marang bebayane kekotoran. Kita jijik urip ing kekotoran lan krasan ing urip kang resik lan suci.

Amarga sregep nindakake Tahalli, kita rumangsa butuh kanggo nindakake shalat, zakat lan laku utama, sing sadurunge iki krasa tansah abot yen arep nglakoni iku.

Amarga sregep nindakake Tajalli, Asma Gusti Allah sing ing ati kita maune mung kaya dene tembung Ani utawa Beni, saiki Asma iku krasa Maha Agunge, krasa Maha Welas Asihe, Maha Sucine, Maha Esane, sing marakake ati dadi gumeter merga ajrih asih marang Panjenengane. Kaya-kaya yen biso gek enggal-enggal lepas saka donya saiki uga, lan sowan sujud ing Ngarsa-Ne ing alam ghaib.

*******Kapundhut saking: Tasawuf Populer Mangudi Slamete Bebrayan in Donya lan Akhirat (PS 29/2006)********
Kembali Ke Atas Go down
http://monetize2urblog.blogspot.com
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN Empty
PostSubyek: Re: MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN   MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN Icon_minitimeSun Oct 19, 2008 8:33 pm

Siiip...kanggo tambah ilmu...
Kembali Ke Atas Go down
 
MUTIARA TASAWUF - TRI LAKU MBANGUN KETAKWAAN
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Arep Mbangun Omah piye kie...?
» WAYANG KULIT LAKON SEMAR MBANGUN KHAYANGAN
» sudah laku
» LAKU BUDI UTAMA
» RX KING SUDAH LAKU

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: LOUNGE 'N CHIT-CHAT :: Kebatinan, Misteri dan Ghaib-
Navigasi: