FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH

Go down 
3 posters
PengirimMessage
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitimeMon Sep 15, 2008 2:48 pm

PAMBUKA


Kawruh jiwa urut-urutan ingkang kangge pasinaon punika wujudipun wejangan-wejangan:


  • Kawruh beja sawetah
  • Kawruh bab kawruh
  • Kawruh bab ungkul
  • Kawruh laki-rabi
  • Kawruh pangupajiwa
  • Kawruh pamomong

Dados bab punika salah satunggaling bab pokok kangge sinau kawruh jiwa.
Mila wonten pasinaon kawruh jiwa urut-urutan, jalaran sasampunipun kraos beja sawetah, tiyang mesthi kraos ribed wonten nggen bab kawruh, mila tiyang lajeng butuh sinau kawruh bab kawruh. Sasampunipun udhar reribed wonten nggen bab kawruh, tiyang lajeng kraos ribed wonten nggen sesrawungan. Sarehne masarakat kita ing donya punika dhedhasaripun sesrawungan ungkul-ungkulan, mila tiyang perlu mangertos dhateng raos ungkul ingkang wonten ing awakipun piyambak.
Sasampunipun mangertos dhateng kawruh bab ungkul, tiyang mesti lajeng kraos ribed wonten nggen laki-rabi lan tiyang lajeng mbutuhaken kawruh laki-rabi. Yen sampun kraos beja wonten nggen laki-rabi, tiyang mesthi lajeng kraos ribed wonten nggen pangupajiwa. Inggih punika ingkang murugaken tiyang lajeng butuh kawruh bab pangupajiwa.
Yen sampun boten ribed wonten nggen pangupajiwa tiyang lajeng kraos ribed wonten nggen pamomong. Inggih punika ingkang murugaken dhateng tiyang butuh kawruh pamomong. Kados makaten paedahipun sinau kawruh jiwa urut-urutan.
Yen pasinaon urut-urutan punika sampun tapis dipun tindakaken, tiyang lajeng mangertos dhateng pangaruh masarakat, ingkang wonten ing awakipun piyambak. Tiyang lajeng saged mbedakaken raos-raos ingkang saking pangaruh masarakat lan raos-raosipun piyambak. Awit saking punika tiyang lajeng wiwit saged mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat.
Yen saged mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat, raos aku lajeng thukul wonten nggen lalawanan kalian raos. Saderengipun raos aku thukul wonten nggen lelawanan kaliyan raos, tiyang namung saged mbedakaken awakipun piyambak kaliyan tiyang sanes wonten nggen raga, nanging wonten nggen raos tiyang dereng saged mbedakaken. Upami tiyang dipun nesoni dening tiyang sanes lan lajeng nesu.
Nalika nesu, tiyang rumaosipun ingkang nesu punika awakipun piyambak lan raosipun, "Aku nesu." Yen raos aku sampun thukul wonten nggen lelawanan kaliyan raos, tiyang lajeng mangertos, yen ingkang nesu punika tangganipun, nanging dede awakipun piyambak lan raosipun makaten, "Tanggaku nesu lan aku methukake nesune tanggaku nganggo nesu." Kados makaten tiyang anggenipun mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat lan pangaruh tangga.

Iki ono sambungane.....
sumber: http://www.geocities.com/kramadangsa/jawi/kbs01.htm

=========================
Menulis Cerita-cerita pendek
Cinta Ohh Cinta
Nyinau Filsafat Kita & Modern
Puisi-puisi Cinta
Berbagi Kata-kata Mutiara/pepatah/wejangan
Nikmatnya Berselingkuh
Indahnya Berpoligami
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
Ipung Purwanto
Camat
Ipung Purwanto


Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitimeThu Sep 18, 2008 7:08 pm

Leres meniko engkang sampun kaserat ,panci mekaten pangejowantahanipun...

monggo di pun lajeng...
Kembali Ke Atas Go down
SAPTO SARDIYANTO
Camat
SAPTO SARDIYANTO


Lokasi : JAKARTA
Reputation : 1
Join date : 24.05.08

(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitimeFri Sep 19, 2008 2:04 pm

wah kulo malah sek ngertos mbah wono la niki berarti khan dalan urip manungso njin mbah
jan tambah ilmune

wasalam,
Kembali Ke Atas Go down
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitimeFri Sep 19, 2008 4:38 pm

SAPTO SARDIYANTO wrote:
wah kulo malah sek ngertos mbah wono la niki berarti khan dalan urip manungso njin mbah
jan tambah ilmune
wasalam,

Njih mas sapto....
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitimeFri Sep 19, 2008 4:41 pm

BAGEYAN I




Bungah - Susah

Salumahing bumi, sakurebing langit, punika boten wonten barang
ingkang pantes dipun aya-aya dipun padosi, utawi dipun ceri-ceri dipun
tampik. Dene yen tiyang inggih ngaya-aya pados punapa-punapa, utawi
nyeri-nyeri nampik punapa-punapa. Nanging barangipun punika boten
pantes, boten patut.
Jalaran punapa-punapa ingkang dipun aya-aya dipun padosi, utawi
dipun ceri-ceri dipun tampik, boten murugaken beja, boten murugaken
bungah sajege utawi boten murugaken cilaka, boten murugaken susah
sajege. Nanging nalika tiyang punika karep punapa-punapa, mesthi gadhah
panginten, gadhah pamanggih: "Nek karepku ki kalakon, mesthi beja,
bungah sajege; nek karepku ki ora kalakon, mesthi cilaka, susah
sajege." Pamanggih kados makaten wau tetela klintu.

La tiyang sampun pinten-pinten ewu karep, ingkang kalampahan, inggih
boten beja boten punapa, inggih namung bungah sakedhap, mangke inggih
lajeng susah malih. La tiyang sampun pinten-pinten ewu karep, ingkang
boten kalampahan, inggih boten cilaka boten punapa, inggih namung susah
sakedhap, mangke inggih lajeng bungah malih. Dados pamanggih, yen karep
kalampahan, kok beja; yen boten kalampahan, kok cilaka, punika tetela
klintu. Nanging saben karep pamanggihipun mesthi kados makaten.
Contonipun, nalika tiyang gadhah karep punapa-punapa. Upami tiyang
badhe gadhah damel mantu, mangka boten gadhah yatra, lajeng pados
sambutan, punika gadhah raos: "Nek lehku golek utangan ki ora entuk,
mesthi cilaka, wirang sajege." La upami lajeng boten angsal sambutan,
inggih boten cilaka boten punapa, inggih namung wirang sakedhap, lajeng
boten saged ngulemi si anu, si anu, boten saged wayangan, boten saged
janggrungan punapa punika, mangke inggih lajeng bungah malih. Malah
sareng lebar damel, lega manahipun, gadhah raos: "Wah tujune dhek anu
kae, lehku golek utangan ora entuk, la upama entuka, saiki rak
krabyakan golek jing dianggo nyaur. Lo, yen karep boten kalampahan, kok
cilaka, punika rak terang yen boten.

Kados makaten yen karep kalampahan, kok beja, inggih terang yen
boten. Contonipun, nalika tiyang gadhah karep punapa-punapa. Upami
tiyang kepengin gadhah bojo, yen saking sangeting kepengin gadhah raos:
"Nek si anu kae dadi bojoku, aku mesthi beja." Malah anggenipun ngantha
bejanipun: "Lehku nggandheng we telung taun, ora pisah-pisah". La upami
kalampahan, dados bojonipun, inggih boten beja boten punapa, inggih
namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih. Malah tur
kadhang let sapeken kemawon sampun paben.

Dados, yen karep kalampahan, murugaken beja, yen karep boten
kalampahan, murugaken cilaka, punika rak terang yen boten. La tiyang
bungah lan susah punika boten saged ajeg. Lelampahaning tiyang awit
alit dumugi sepuh, dereng nate bungah jangkep tigang dinten tanpa
susah, kados makaten susah jangkep tigang dinten tanpa bungah, inggih
dereng nate, tur boten badhe kalampahan, boten saged kalampahan.



Mulur La tiyang ingkang murugaken bingah punika karep kalampahan, karep
kalampahan punika bingah, inggih punika raosing manah sakeca, lega,
marem, ayem, gembira, bingar. Mangka, karep punika yen kalampahan,
mesthi lajeng mulur, lajeng menek, tegesipun, ingkang dipun karepaken,
lajeng mindhak, inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bungah
punika boten saged ajeg. Mangke yen mulur punika kalampahan, inggih
lajeng mulur malih.
Uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken mesthi
boten saged kalampahan, tegesipun ingkang dipun karepaken, jing
ora-ora. La inggih lajeng boten kalampahan, la susah. Mila bingah
punika boten saged ajeg.

Contonipun yen karep kalampahan punika mesthi mulur. Upami kaleres
badhe dinten riyadi, kapengin tumbas sinjang enggal, gadhah raos: "Nek
aku ki bisa tuku jarit anyar, mesthi beja, mesthi bungah sajege, besuk
riyadi banjur bisa dledar-dleder neng ngendi-endi." Mangke yen
kalampahan, saged tumbas sinjang enggal, inggih boten beja boten
punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah
malih, jalaran mesthi lajeng mulur, gadhah raos: "La iya, iki jarite
wis anyar jare, ikete ya kudu jing anyar."
La inggih lajeng kapengin tumbas udheng enggal, mangka yatranipun
cumpen, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bungah punika
boten saged ajeg. Mangke yen kalampahan, saged tumbas sinjang-udheng
enggal, inggih mulur malih: "La iya, iki jarit-ikete wis anyar jare,
klambine ya kudu jing anyar."

Mangke yen kalampahan, sandhangan
sapangadeg enggal, inggih lajeng mulur malih: "La, selope ya kudu jing
anyar, jame ya kudu jing anyar, tunggangane ya kudu jing anyar, omahe
ya kudu jing anyar."
Mangke yen kalampahan, punapa-punapa sarwa enggal, inggih meksa
mulur malih: "Iki apa-apane wis anyar jare, bojone ya kudu jing anyar,
teneh sangli, apa-apane wis anyar jare, apa bojone lawas." Mangke yen
kalampahan, gadhah bojo enggal, inggih lajeng mulur malih: "Anake ya
kudu jing anyar, apa anak-anak ming saka bojo lawas wae." Kados makaten
uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi
boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah,
mila bungah punika boten saged ajeg.

Mangka lairing karep punika wonten nggen pados semat, drajat,
kramat. Pados semat punika pados sugih, pados eca, pados sekeca. Pados
drajat punika pados luhur, pados mulya, pados moncer, pados utama.
Pados kramat punika pados kuwasa, pados dipun gega, pados dipun eringi,
pados dipun pepundhi. Wonten nggen pados semat, drajat, kramat, karep
punika yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten
saged ajeg.
Contonipun pados semat, upami tiyang kepengin gadhah pamedal ajeg,
gadhah raos: "Nek aku ki duwe pametu sepuluh rupiah sesasi wae, ya
mesthi beja. Nek saiki mono ya cilokak-cilekek wae, la wong pametune ki
ora ajeg, kadhang ming telung rupiah, kadhang ming telung kethip,
kadhang malah tuna." Yen kalampahan gadhah pamedal sadasa rupiah,
inggih boten beja boten punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke
inggih lajeng susah malih, jalaran mesthi lajeng mulur gadhah raos;
"Wis, keterangane ora beja, nek ming duwe pametu sepuluh rupiah wae
malah comprang-campreng, dianggo anu kurang, dianggo anu kurang, kajaba
nek wis duwe pametu selawe rupiah, wong ki mesthi beja." Mangke yen
kalampahan, gadhah pamedal selangkung rupiah, inggih mulur malih: "Wis,
keterangane ora beja wong ki, nek ming duwe pametu selawe rupiah we,
malah banjur duwe utang, malah diandel ngebon, dadi banjur mrana
ngebon, mrene ngebon, kajaba nek wis duwe pametu satus rupiah, wong ki
mesthi beja."

Mangke yen kalampahan, gadhah pamedal satus rupiah, inggih mulur
kapeng kalih atus, tigang atus. Ngantos gadhah pamedal pinten-pinten
ewu, pinten-pinten yuta, inggih taksih kirang. Kados makaten uluring
karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged
kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan lan susah, mila bingah
punika boten saged ajeg.

Kados makaten wonten nggen pados drajat, karep punika yen
kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten saged ajeg.
Contonipun pados drajat, upami tiyang dados asisten wedana, inggih
mesthi mulur, kapengin dados wedana. Mangke yen kalampahan dados
wedana, inggih mesthi mulur, kapengin dados bupati.

Sanajan sampun dados ratu, inggih mesthi mulur kapengin dados
ratuning ratu, inggih punika ratu ingkang ngerehaken para ratu. Yen
gadhah tangga ratu menggrak-menggrik, damel pelpulisi mawon boten
saged, lajeng dipun penthelang-penthelengi, dipun damel-damelaken
mriyem. Upami kalampahan, dados ratuning ratu, inggih meksa mulur
malih, malah gadhah raos: "Wis, keterangane ora beja, wong ki nek ming
dadi ratuning ratu we, la wong ngereh wong ki rewele ora jamak. Kajaba
nek wis dadi ratuning jim, wong ki bisa beja."

Mangke yen kalampahan dados ratuning jim, inggih mesthi mulur malih,
kapengin dados ratuning kutu-kutu walang antaga, inggih punika ratuning
orong-orong, coro, tekek punapa punika. Kados makaten uluring karep
punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged
kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bingah
punika boten saged ajeg. Kados makaten wonten nggen pados kramat, karep
punika yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten
saged ajeg.
Contonipun pados kramat, upami tiyang medal kramatipun, saged nyebul
tiyang lempoh, saged mlajar "jranthal", inggih boten beja boten punapa,
inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih,
jalaran mesthi lajeng mulur, gadhah raos: "Wis, keterangane ora beja,
nek ming nyebal-nyebul, nyebal-nyebul wong lempoh we, kajaba nek wis
bisa nguripake wong mati, wong ki mesthi beja, banjur sapa-sapa nggugu,
sapa-sapa ering, sapa-sapa memundhi."

La inggih lajeng bentayangan pados saged nggesangaken tiyang pejah,
mangka sekolahipun boten wonten. Tur upami kalampahan nggesangaken
tiyang pejah, mangke angsal kalih mawon, rak malah dheg-dhegan, gadhah
raos: "We la, iki mengko angger wong mati tak uripake, wong mati tak
uripake, mengko rak bathang ngendi-ngendi ditekakake mrene kabeh, dikon
nguripake, mengko rak maIah latar ki kebak bathang kata ini dilarang, bathang celeng
barang, dikon nguripake. Kajaba nek wis bisa ngrogoh sukma, wong ki
mesthi beja, banjur bisa nganglang jagat, weruh ngendi-ngendi, weruh
nagara Landa, weruh nagara Cina barang, awake ora lunga-lunga, ora
sayah, tur ora kelangan sangu."

La inggih lajeng bentayangan kapengin saged ngrogoh sukma, mangka
sekolahanipun inggih boten wonten. Tur upami kalampahan saged ngrogoh
sukma, lajeng sukma punika dipun rogoh-rogoh ungkag-ungkeg,
ungkag-ungkeg, lajeng saged karogoh "brol". Inggih namung bingah
sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih, gadhah raos: "Wis,
keterangane nek sukma ki tak rogah-rogoh, banjur lecek, ora bisa bali,
malah kapiran, kajaba nek wis bisa ngilang, wong ki mesthi beja, banjur
bisa nggaruki dhuwit neng pasar-pasar, angger ana wong ngetung dhuwit
digaruk, wong ngetung dhuwit digaruk, ora susah nyambut gawe, sugih
dhuwit, sakarepe dadi."
Mangke yen kalampahan saged ngical, inggih mulur malih, kapengin
saged mabur, saged ambles bumi punapa punika. Kados makaten uluring
karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged
kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bingah
punika boten saged ajeg. Dados sampun tetela lairing karep wonten nggen
pados semat, drajat, kramat punika, yen kalampahan, inggih mesthi
mulur, mila bingah punika boten ajeg. Kados makaten susah, punika
inggih boten saged ajeg.



Mungkret
La tiyang ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan,
karep boten kalampahan punika susah, inggih punika raosing manah boten
sakeca, gela, cuwa, kagol, muring, wirang, sakit, risi. Mangka karep
punika yen boten kalampahan, mesthi lajeng mungkret, lajeng mlorot,
tegesipun ingkang dipun karepaken lajeng suda, inggih lajeng
kalampahan, la bingah, mila susah punika boten saged ajeg. Mangke yen
mungkret punika boten kalampahan, inggih lajeng mungkret malih.
Ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi
saged kalampahan, tegesipun ingkang dipun karepaken apa anane, sa
anane, la inggih lajeng kalampahan, la bingah, mila susah punika boten
saged ajeg.
Contonipun yen karep boten kalampahan punika mesthi mungkret. Upami
tiyang luwe, kapengin neda, inggih mesthi milih lawuh ingkang
eca-ecanan, mawi ulam, mawi tigan, punapa punika. Mangke yen boten
kalampahan, inggih mesthi mungkret, nedha sekul sarem mawon inggih
sampun bingah.
Mangke yen pados sekul sarem mawon boten kalampahan, inggih mesthi
mungkret malih. Namung mbedhol-mbedhol tela dipun kropok kemawon inggih
sampun bingah. Mangke yen namung mbedhol-mbedhol tela dipun kropok
kemawon boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih, namung dipun
glontor toya mawon ilatipun inggih sampun anyep.
Kados makaten ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun
karepaken, mesthi saged kalampahan. La inggih lajeng kalampahan, la
bingah. Mila susah punika boten saged ajeg.
Contonipun ingkang langkung terang malih, yen karep boten kalampahan
punika mesthi mungkret. Upami tiyang kapengin gadhah bojo. Yen tiyang
jaler kapengin gadhah bojo punika mesthi milih jing ayu, jing prawan,
jing sugih, jing priyayi, jing wasis, jing bekti laki, jing prakati,
jing gemati, inggih sakathahing jing, jing, jing punapa punika.
Mangke yen boten kalampahan, inggih boten cilaka boten punapa,
inggih namung susah sakedhap, mangke inggih lajeng bingah malih,
jalaran mesthi lajeng mungkret, gadhah raos: "Ya, sanajan ora jing anu,
jing anu, jing anu kae, ning nek ayu." Mangke yen pados ayu boten
kalampahan, inggih mesthi mungkret malih: "Ya sanajan ora ayu kae, ning
nek prawan." Mangke yen boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih:
"Ya sanajan randha kae, ning nek durung anak-anak."

Mangke yen boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih: "Ya
sanajan anake wis rendhel kae, ning nek wutuh." Mangke yen boten
kalampahan, inggih mungkret malih: "Ya sanajan cacat-cacat kae, ning
nek uwong." La yen namung pados bojo pathok tiyang mawon, rak inggih
mesthi kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah.
Mila tiyang ingkang cacat-cacat punika, jaler estri inggih sami
gadhah bojo, jalaran kapethuk sami ungkret-ungkretan. Kados makaten
ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi
saged kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah, mila susah
punika boten saged ajeg. Dados sampun tetela yen bingah lan susah
punika boten saged ajeg.
Jalaran ingkang murugaken bingah punika karep kalampahan. Mangka
karep punika yen kalampahan, bingah, mesthi lajeng mulur. Uluring karep
punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged
kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah.

Ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan. Mangka karep
punika yen boten kalampahan, susah, mesthi lajeng mungkret. Ungkreting
karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi saged
kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah.
Mangke, yen mungkret kalampahan, bingah, lajeng mulur. Yen mulur,
boten kalampahan, susah, lajeng mungkret. Mungkret, kalampahan, bingah,
lajeng mulur malih. Mulur, boten kalampahan, susah, lajeng mungkret
malih.
Dados, karep punika wategipun, gek mulur, gek mungkret, gek mulur,
gek mungkret. Inggih punika ingkang murugaken dhateng raosing gesang,
awit alit dumugi sepuh, mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek
susah.
koco candakane kulo aturi Klik Teng Mriki Mawon
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
Sponsored content





(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH   (NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
(NOTE) KAWRUH BEJA SAWETAH
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Kawruh BOSO Pitutur
» (NOTE) Tiwul Instant
» -Laptop - Note Book
» DI JUAL Ps 3/4 & Handphone SAMSUNG NOTE 4 IPHONE 6
» PROMOSI SAMSUNG NOTE 3 Plus GEAR & APPLE IPHONE 5s

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: