FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 GUYON SING ORA MATON (1)

Go down 
2 posters
PengirimMessage
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 10, 2017 11:49 pm

MBOJROT KETEMU RADEN GATOTKACA

GUYON SING ORA MATON (1) 13417542_1053446821409705_3751101468020812615_n

Kelingan jaman kampanye biyen. Yen jaman kampanye ngene iki mBojrot trima nyingkir mlebu kebonan. Pengalaman kampanye PILEG sasi wingi bathuke mlah benjut di kethak palu karet hansip. Padahal deweke mung njupuk spanduk arep dinggo gawe kathok kolor.
Mula awan iku deweke dolanan plinthengan. bola bali watu plinteng mencolot menduwur tanpa arah.
Dumadakan "GEDEBRUUUUUUGGGGGGGG!!!!!"
Ana barang ireng gede tiba saka langit. mBojrot kamitenggengen. apa maneh nalika barang mau kriget-kruget tangi. Ora suwe ana wewujudan menungsa nganggo pakeyan wayang.
"trembelane...... dolanan plintheng ngawur kowe nang ... iki delengen bathukku nganti mlenthung keneng plinthengmu.....!!!"
mBojrot nganti dingkelen saking wedine..........
"nJenengan niku sinten??"
"aku raden Gatotkaca saka pringgondani......!!!"
"owhhh ... raden gatotkaca khok ngangge kaos kaki??"
"nek aku miber nang awang-awang angine midit. mula ben ora masuk angin aku nganggo kaos kaki......!!!"
"nggih nyuwun ngapunten raden gatotkaca ... kula mboten sengaja!!"
"... hmmmmmmmm sesuk maneh sing ngati-ati nang, aja nganti gawe cilakane liyan...... iki mau saliyane benjut bathukku... sanguku sega bungkus yo ceblok mlayang mbuh nangendi.......... jan kamangka iku sega senenganku, nganggo jangan gori ...... tur lawuhe tempe bacem...!!!"
" inggih nyuwun pangapunten raden gatutkaca....... kula ingkang lepat!!"
"yowis ora papa... sik aku tak bali menyang pringgondani ......... tak njupuk serep sega thiwul jangan gori lawuh tempe bacem!!!"
Pawongan iku nuli mlesat ing angkasa ninggalake si mBojrot sing plonga-plongo kaya kebo.
________________________________________________
Salungane wong mau mbojrot nemu bungkusan. nuli di bukak.
"weeehhh ... iki kayane sangune raden gatotkaca mau..... sega thiwul jangan gori.... wis tak pangane wae........!!!" nuli mBojrot ikur mangan sega bungkus.
Ning durung nganti entek deweke gragapan...............
__________________________________________________
"haiyuuhhhhh.... bocah kurang ajar, awan-awan turu ndadak nganggo nglindur barang... mosok bantal dicokoti nganti dedel duwel kapuke mabur-maburrr............hayiuuuuuu nganti kaya anoman .... kapuke nempel kabeh neng rai..." ujare simboke sora..........
$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()*&^%$
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeSat Aug 12, 2017 10:11 pm

JOYO LAN JOMAN

GUYON SING ORA MATON (1) 13882622_1099806746773712_8301979267815881155_n

Tanggane mBojrot omahe adep-adepan keletan dalan. Jenenge kang Joman karo kang Jaya. Senajan tangga cedak nanging wong loro iku selalu bersaing dalam segala hal. Prasasat ora ana sing gelem ngalah.
mBiyen nalika kang Joman tuku montor Honda, kang Jaya ora gelem kalah, senajan ngutang ya tuku montor honda pada jenise.
Lha meh lebaran wingi pagere kang Jaya dicet abang, kang Joman yo ora gelem kalah..... pagere yo dicet abang.
Anake kang Joman disunatke ... anake kang Jaya yo langsung melu disunatke..........
Lhaaaa .... pas pitulasan iki kang Jaya masang spanduk neng ngarep omahe "INDONESIA TETAP JAYA"
Kang Joman yo ora gelem kalah, uga masang spanduk "INDONESIA TETAP JOMAN"
@#$%^&*()(*&^%$#@#$%^&*()(*&^%$#@
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:08 am

JAM PRAKTEK

GUYON SING ORA MATON (1) 13450742_1057466261007761_8657043976522536228_n

Sore iku ing sasi pasa iki mBojrot dijak bulik e priksa nang dokter. Nalika lagi ngantri amarga pasiene rada akeh mula ya rada suwe. Kamangka doktere ya urung teka. Mula bulik tuku teh kotak karo roti isi pisang kanggo persiapan mengko nek nganti maghrib, bisa kanggo buka. Suwe anggone ngenteni nganti jam 4 doktere lagi teka. Wheee lhaa ndadak mBojrot nyaut teh kotak terus di ombe nuli roti pisang siji dipangan welwel wel.... entek gusis.
"horotoyoohhh... nJtroooot .. khok wis mangan?? pasamu batal cuuuahhhh...!!!"srengene bulike.
"Ora hlo bulik... iki wis wayahe buka...!!"
"Bukane wong ngendi???..... iki lagi jam papat cuuuaah!!"
"iku hlo bulikkkk..... keeeeeee...!!!" semaure mBojrot karo nudingi papan nang ngarep pintu praktek-ke dokter.
"BUKA JAM 4 SORE"
!@#$%^&*()(*&^%$horotooyooohhh#$%^&*()(*&^%$(*&^%


Terakhir diubah oleh bamb_st tanggal Thu Aug 24, 2017 12:12 am, total 1 kali diubah
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:11 am

NGENTENI ADZAN MAGHRIB

GUYON SING ORA MATON (1) 13346873_1052228628198191_5438349221612587503_n

Iki lelakon rong tahun kepungkur. Sore iku mBojrot dikongkon ngeterke undangan nang daleme pak guru Dulhak. sEnajan nglemesi merga wayahe pasa tur wis jam lima sore, mBojrot mlaku rerikatan. Tekan daleme pak guru Dulhak, mbojrot ndeleng pak guru Dulhak ngguya-ngguyu dewe.
Pak guru Dulhak klejingan,"anu iku hlo njrot mau aku bar nampa gaji ke 13.........!!!", ujare njelasne. mBojrot yo ora mudeng apa kuwi gaji ke 13, undangan enggal di wenehke.
"sampun nggih pak .. kula pamit riyin!!"kandane mBojrot.
"siiikkk merga aku bar nampa gaji ke 13, wis aja mulih disik... nek gelem neng kene ngenteni adzan Maghrib karo aku... gelem ora??"
"purun pakkkk...!!!"ujare mBojrot gageyan penuh semangat empat lima. Batine genah mangan buka nganggo iwak pitik tenan iki, yo saora-orane lele goreng... jan mBojrot nganti ngoweh tenan.
Akhire wong loro pada jagongan ngganyik neng teras.
Ora antara suwe keprungu swara adzan maghrib ngumandang.
Pak Guru Dulhak enggal menyat karo ngomong.
"kae nJrot... wis adzan magrhib... wis gek mulih kana..!!!"
mBojrot mlongo...ngowoh. Ngerti mBojrot ramudeng pak Guru Dulhak ngomong maneh.
"mau rak tak jak ngenteni adzan maghrib nJrot...... lha kae wis adzan mula enggal muliha... ngko digoleki makmu hlo..."ujare pak Guru Dulhak karo jumangkah mlebu nyang omah.
Netes luh-e mbojrot kaya udan wanci rendeng, sesenggrukan deweke mulih karo mbrenginging nangis.... lara sajroning ati, keranta-ranta. "simbooooooookkkk........!!!" ujare lirih.
#@$%^&*()_)(*&^%$#%^&*(2-POST)_)(*&^%$#$%^&*()(*&^%$
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:14 am

MACA TULISAN

GUYON SING ORA MATON (1) 13339633_1049215731832814_1187296512608533496_n

Mulih sekolah si mBojrot isih ana latar wis bengok-bengok simbokne.
"mbooookkkkkk... simbuuuoookkkkkkkk...!!!!"
Simbokne metu saka pawon.
"ana apa tho nang khok melung-melung kaya wong kepaten..!"
"pokoke dina iki aku paling hebat mboookkkk.......!!"
"apane sing hebat???"
"dhek mau ana sekolahan..... ora ana sing bisa kejaba aku...... kanca - kanca ora ana sing bisa..... pak Guru Dulhak yo blaasss ora bisa........ sing bisa mung aku...!!!!"
"lhaaa ngapa to??"
"maca tulisanku mboookkkk.....!!!
!@#$%^&*()(*&^%$#@#$%^&*()
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:15 am

PREI APA ORA??

GUYON SING ORA MATON (1) 13336027_1047132705374450_1907779229191897872_n

Dina iku pak Guru Dulhak lagi nerangke "Hari Kiamat"
"dadi pas dina kiamat iku cah..... donya hancur, gunung pada pating bleber kaya iber, segara kaya di kebur.......... isine donya kabeh kaya diublak remuk...........!!", mangkana penjelasane pak Guru dulhak. Sawise sauntara njelaske, pak guru dulhak ngendika,"apa penjelasanku iku bisa di tampa?? yen isih kurang jelas sapa sing arep takon??"
mBojrot kanti sigrak ngacung,"kula tanglet pak Guru...!!"
"Bagusss... apa pitakonmu mBojrooot??"
"pas dinten Kiamat niku sekolah libur mboten pak??"pitakone mBojrot tanpa dosa.
#$%^&*(*&^%$#$%^&*trembelaneeee@#$%^&*()(*&^%$#
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:17 am

RAPAT

GUYON SING ORA MATON (1) 13178796_1036202279800826_2791493239218810383_n

Sore iku ketua RT-ne mBojrot keliling kampung undang-undang kabeh warga RT supaya kumpul neng ngomahe RT. Jare arep rapat.
Jan tenan, bubar Maghrib kabeh warga ngumpul ana ing omahe RT ne.
Pak RT kang jeneng asline lik Karsipin ngendika,"Para rawuh sedaya, ing sore iki panjenengan tak undang kanggo rapat...!"
"keperluane napa rapate niki pak RT..??"pitakone bapakne mBrejel.
"critane anakku ragil sing jeneng si Merit lara watuk...... lha iki mau bar tak obati nganggo obat watuk.... seprene obate urung tak tutup..!!"
"Hlaaa hubungane napa kalih kula lan kanca-kanca diundang rapat niki pak??"pitakone bapakne mBojrot.
"Horotooo.....dadi uwong ke mbok sing rada pengalaman sithik to bapakne mBojrot........ jajal iki delengen obat iki ana aturane....... "SELESAI DIGUNAKAN, OBAT HARAP DITUTUP DENGAN RAPAT" ....... !!!"
!@#$%^!@#$%^&*)(*%$^&*(*&^%$#@#$%^&*()(*&^%$#@@
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Aug 24, 2017 12:20 am

CINTA LEWAT PESBUK

GUYON SING ORA MATON (1) 13166094_1035133953240992_5450072452437420440_n
Sore iku paklik-e mBojrot lagi numpak motor nggoleki omahe Sriyatun,kenalan anyar oleh seko pesbuk..
Rumongso kesasar,paklik-e mBojrot langsung mbukak pesbuk... trus inbox-an neng Akune FB karo Sriyatun
Paklik-e mBojrot: "Hallo ayang Sriyatun..aku wes tekan daerahmu iki.. Trus mlebu gang sing endi ki?"
Sriyatun : "Sing ono gapurane trus pean lurus kiro-kiro 25 meter ono omah gedong tingkat apik,wernane biru,mobile nang ngarepan....."
Paklik-e mBojrot : "Siap..aku wes tekan ki.. omahmu iki to atun, apik tenan omahe?"
Sriyatun : "Uduk mas..pean menggok nengen kiro-kiro 10 meter ono lapangan badminton... Lha sebelahe lapangan kuwi ........"
Paklik-e mBojrot : "Aku wes tekan iki omahmu atun?"
Sriyatun : "Kuwi omahe TUKANG JAHIT mas.... Lurus wae mengko bar jembatan ketemu omah ono tulisane ISI ULANG PULSA lha kuwi....."
Paklik-e mBojrot: "Mesti kuwi omahmu khan?"
Sriyatun: "kuwi KONTERe mbak minul Mas....pean menggok nengen wae trus ketemu Kuburan..lha ngarepane kuburan kuwi......"
Paklik-e mBojrot (mulai nesu) : "Omahmu atun?"
Sriyatun : "xixixi..kuwi GERBANG KUBURAN Mas..pean ojo mlebu..pean menggok kiri wae mengko weruh peternakan pitik gede,lha kuwi....."
Paklik-e mBojrot (nesu tenan) : "Aaargghhh..!!!,kuwi Omahmu..??"
Sriyatun : "Aku uduk pitik mas.. Kuwi isih lurus terus..mengko ketemu ALAS.. Lha kuwi...... "
Paklik-e mBojrot(muntab): "KUWI OMAHMU ATUN??"
Sriyatun : "Aku uduk munyuk mas,.. duduk iku. Pean lewat alas lurus terus mengko ketemu masjid..lha jejere masjid kuwi....."
Paklik-e mBojrot(emosi puol) : "NEK PISAN IKI NGOMONG UDUK OMAHMU..TAK SANTET NGACENG TENAN KOWE ATUN..!!"
Sriyatun : "xixixi..dadi wong kok nesuan.. Iyo kuwi omahku..wes ketemu rung mas..?? "
Paklik-e mBojrot(lego): "iyo.. aku wes neng ngarep omahmu ki..asem yo ayang Sriyatun,..nggawe kesel awakku..Awas bar iki ketemu tak jiwiti..hehehe" (Bungahe ra karuan)
Sriyatun : "yo wes,.mlebu wae.. Ono simbok kok.."
Paklik-e mBojrot: "lho kok malah simbokmu sing kon nemoni.. Lha kowe nangdi atun..??"
Sriyatun: "Aku...........Ora neng omah,Aku Wes suwi neng HONGKONG dadi TKW Mas...."
Paklik-e mBojrot kejet2 pinsan sekarat #@$€£"÷=&€£¥.......
$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#@#$%^&*(
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bamb_st
Koordinator
bamb_st


Lokasi : indonesia
Reputation : 2
Join date : 28.11.09

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeFri Sep 29, 2017 10:34 pm

WONG GEMBLUNG

GUYON SING ORA MATON (1) 22050107_1506272419460474_6990703273218299814_n
Kamis, 28 September tahun 2046.
Neng ketinggian 100.000 Meter. Ana pesawat kargo lagi ngangkut penumpang yaiku pasien wong gemblung alias edan. Pilote jenenge mBlonot, doktere jenenge mBojrot . Neng njero pesawat wong gemblung mau malah padha dolanan bal-balan. Dokter mBojrot sing njagong neng sebelahe Pilot mbukak lawang penyekat trus nyeneni kaang lagi pada main bal-balan : " Heiii...bal2an kok neng njero pesawat sih....??.....berisiiikkkkk..........ngertiii !!!!! Ngerti diseneni, wong2 gemblung mau banjur meneng kabeh. Dr mBojrot nuli nutup lawang penyekat. . Swasana sepi nyenyet, dr mBojrot curiga Masalahe neng ruang kargo sepi banget. blas ora ana suara. Mbareng lawang dibuka.....Dr mBojrot sumelang raine pucet.... Jebule ruang kargo kosong ...Kari wong siji thil. . Dr mBojrot : Woiii...kancane padha neng endi kimau...??? Wong edan : Lha jare ora oleh bal-balan neng njero pesawat.... ya bal-balane pindah nang njaba .......aku ramelu wong aku cadangan sih.....he...he... . Dr mBojrot sing keweden langsung medheki pilot Dr mBojrot : Priye iki Lot pilottttt.. mesthi para wong edan mau wis mati terjun......... Pilot mBlonot : Lah jan lagu-lagune ya....Apa dibaleni wae...??? sapa ngerti isih padha bal-balan neng njaba... Dr mBojrot : Lah... dibaleni paling ya wis padha bali ngomah. Pilot mBlonot : iya...ya.... paling lagi padha facebook-an..hehe Dr mBojrot : Jelaaasss... malah kayane lagi padha maca crita iki lho.....lhaaaaa Kae sih ketara...ana sing mesam-mesem....hehe Wong loro trus ngguyu bareng cekakakananananan..... (*&^%^&)(&()*(&*&^$^#^&*(&^&%#%^%^(*&*&^$%#
Kembali Ke Atas Go down
http://bambsolution.co.nr
bahqri.dixie
Koordinator
bahqri.dixie


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 8
Join date : 10.07.12

GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitimeThu Jan 04, 2018 8:09 am

top markotop
Kembali Ke Atas Go down
http://bahqriimages.blogspot.com
Sponsored content





GUYON SING ORA MATON (1) Empty
PostSubyek: Re: GUYON SING ORA MATON (1)   GUYON SING ORA MATON (1) Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
GUYON SING ORA MATON (1)
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Terusno Guyon maton iki...
» Guyon Maton Asli,diklik we to kang rasah isen isen
» Guyon buaya darat.......
» Sifat orang berdasarkan kentutnya
» Hadiah Wardoyo untuk Warni <from server>

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: LOUNGE 'N CHIT-CHAT :: Guyonan-
Navigasi: