FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 Masakan jawa

Go down 
+10
cahyondeso182
bagoes
siwid
the purple girl
gimbik
japrax
Wonosingo Ngali Kidul
redbiem
sug3st
erlang
14 posters
Pilih halaman : 1, 2  Next
PengirimMessage
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu May 08, 2008 11:13 pm

Gedang Goreng roso nongko

Keperluan:
2 iji gedang/pisang tanduk sing tuo (kulite sing wis ireng)
300 gr nongko mateng (in blik)
2. iji endog pitik
200 gr gulo putih
200 ml susu melk
250 gr glepung trigu (tarwe meel)
½ sendok teh soda kue (bakpoeder)
1 sendok teh uyah
6 gr vanilla (1 zakje vanilla suiker )
Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:
•Gedang onceki , iris tipis cilik, nongko iris cilik-cilik.
•Endog karo gulo dikopyok, yen wis lebokke glepung trigu, baking poeder, uyah,
vanille, aduk2 roto.
•Lebokke susu melk mboko sitik karo di-aduk2 roto. Yen kurang iso ditambah banyu
adem sitik wae. Di-umbar watoro ± 10 menit, kareben adonan mumbul . Lagi nongko,
lan gedang-e lebokke, wolak walik nganti campur temenan.
•Panaske wajan, goreng adonan mau nganti kuning ke-soklat-an.
Sajekno anget-anget.

Kalio udang

Keperluan:
20 iji urang sing gede
½ lt santen
6 wungkul brambang cilik
4 siung bawang putih
4 iji lombok abang gede
8 wungkul miri
1 sendok tumbar
1 sendok teh mrico bubuk
3 cm kunir, bakar disik
3 lembar godong jeruk purut
2 lenjer sere
2 cm laos
1 sendok makan banyu asem
1 sendok makan gulo jowo (ukuran wis diiris alus)
Uyah sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:•Urang diresiki, guwak kulite, kumbah resik.
•Brambang, bawang, lombok gede, kemiri, tumbar mrico, kunir , uleg alus ( blender ).
•Panaske wajan isi lengo goreng, ± 2 sendok makan, tumis bumbu2 sing wis diuleg
mau, nganti kuning lan arum, lebokke godong jeruk purut, uyah, laos sing wis digepuk,santen nusul, aduk ( roeren ) nganti roto. Masak sedelo, karo di-udek2 kareben santen ora pecah, lagi urang dicemplungke, lan banyu asem-e.
•Masak nganti kentel lagi diangkat.
•Sajekno panas-panas.

Endog Goreh

Keperluan:
10 iji endog pitik
½ lt santen
4 siung bawang putih
6 wungkul brambang
5 wungkul kemiri
1 sendok teh tumbar bubuk
½ sendok teh polo bubuk
3 cm kunir, dibakar disik
2 lenjer sere, gepuk ngisore
3 lembar godong salam
3 lembar godong jeruk purut
50 gr gulo abang
3 sendok makan lengo goreng nggo numis bumbu
uyah sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:
•Endog digodog nganti mateng, oncek-i. Sisihno.
•Bawang, brambang, kemiri, kunir, blender/ di-uleg sing lembut.
•Panaske wajan, gongso/ tumis bumbu2 sing wis diuleg alus, nganti arum, lebokke
godong salam, godong jeruk, polo, jinten, tumbar, sere, wolak walik roto.
•Lebokke endog-e, banjur santen nusul, udeg-udeg nganti roto, uyah , gulo nusul.
•Wolak walik, godog nganti umob lan rodo sat, geni kompor kudu dicilikke.
•Masak nganti santen sat temenan.
•Sajekno karo di-wuwur-i brambang goreng nduwure.

Makreel asem manis

Keperluan:
500 gr iwak Makreel sedengan gedene
4 iji lombok abang gede
3 siung bawang putih
½ sendok teh mrico
50 gr tomat puree (in blik)
½ sendok teh cuka
3 cm jahe, digepuk
1 sendok teh gulo pasir
150 ml banyu adem
uyah sak cukupe (naar smaak)
lengo goreng

Corone Nggawe:
•Makreel resiki, guwak sirahe, kumbah resik.
•Panaske wajan makreel goreng sedelo, setengah mateng.
•Lombok, bawang, uleg sing alus, campurno, mrico.
•Panaske wajan nganggo lengo ± 2 sendok makan, tumis bumbu2 mau , cemplungke
pisan jahe, lagi lebokno banyune, cemplungke, saos tomat (tomaat puree) uyah, gulo
pasir, aduk-aduk roto, tambahke cukak-e, lagi dicemplungke Makreel-e. Wolak walik
roto, cilikke geni kompor. Masak nganti Makreel mateng. Angkat.
•Sajekno

Gule kambing

Keperluan:
1 kg igo daging wedus, ketok2, biasane tukang daging-e gelem ngetok-i (de slager kan het
voor jou in stuken zagen)
1 lt santen
6 wungkul brambang sing cilik.
6 siung bawang putih
6 wungkul kemiri
6 iji lombok abang gede
4 cm kayu manis (kaneelstok)
1 sendok teh polo bubuk
½ sendok teh jinten
1 sendok teh tumbar bubuk
1 sendok teh gulo putih
2 cm kunir, bakar disik
2 lenjer sere, jupuk ngisore, gepuk
4 lembar godong salam,
4 lembar godong jeruk purut,
Uyah sak cukupe.

Corone Nggawe:
•Daging wedus digodog disik nganti umob mateng, angkat, banyune diguwak
(gunane kanggo ngurangi vet lan ambune). Godog ning panci maneh nganti empuk.
•Brambang, bawang, lombok, kunir, kemiri, tumbar, jinten, uleg (blender) dadi siji.
•Panaske lengo ning wajan ± 3 sendok makan, tumis bumbu2 mau nganti arum, lebokke kayu manis, gulo, godong salam, godong jeruk, sere, polo, uyah. Aduk roto.
•Banjur lagi dilebokke daging wedus-e, wolak-walik roto, lebokke santen-ne, masak
nganti mateng lan daging empuk. Yen durung empuk iso ditambah nganggo banyu
panas. Angkat yen wis mateng, lan daginge wis empuk tenan.
•Sajekno panas-panas, karo diwuwuri brambang goreng nduwure.

Sego liwet gadon

Keperluan:
500 gr beras putih sing pulen (pandan rijst)
600 ml santen encer
2 lembar godong salam
1 sendok teh uyah

Corone Nggawe:
•Beras pususi resik.
•Deleh ning kwali opo panci sing ngisore kandel, campur karo santen, godong salam,
uyah, masak ning nduwure kompor, karo bola-bali diwalik-i.
•Masak nganti sat, banjur ditutup kwali/ panci mau, cilikke geni kompore. Masak nganti mateng banjur diangkat.
•Sajekno karo opor ayam, endog pindang, urap-an / gadon, tempe bacem, sambel trasi,
lan krupuk urang.
•Sego liwet biso ugo di-wuwur-i nduwure karo brambang goreng.[img][/img]
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
sug3st
Camat
sug3st


Lokasi : Baleharjo - Djogdja ~pp~
Reputation : 15
Join date : 05.05.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu May 08, 2008 11:16 pm

:study: :study: tak catet sik. sesuk bojoku tak kon nyobo masakke. nuwun mas infone

Nanging saiki aku rung rabi..... frustasi frustasi frustasi terus piye???? :?: :?:
Kembali Ke Atas Go down
http://www.edysusilo.blogspot.com/
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri May 09, 2008 1:59 pm

sug3st wrote:
:study: :study: tak catet sik. sesuk bojoku tak kon nyobo masakke. nuwun mas infone

Nanging saiki aku rung rabi..... frustasi frustasi frustasi terus piye???? :?: :?:

yo wesss......kon masakke warung sebelah wae....... :cheers:
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
redbiem
Koordinator
redbiem


Lokasi : dunia maya
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri May 09, 2008 3:37 pm

sug3st wrote:
:study: :study: tak catet sik. sesuk bojoku tak kon nyobo masakke. nuwun mas infone

Nanging saiki aku rung rabi..... frustasi frustasi frustasi terus piye???? :?: :?:

njaluk tulung tonggomu mas.. gek ngko nek wes mateng ngabari aku, ngko tak tulungi ngerasake... ngakakk ngakakk ngakakk
Kembali Ke Atas Go down
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri May 09, 2008 7:15 pm

yo apik infone...ning aku masalah memanganan g patek doyanan jee...

sing marai kerep poso jee aku....
dadi ngrasake mangan jarang aku....

Paling maeme nganggo thiwul sing wayu, sambel bawang, godong kates ro krupuk...
kuwi wae wis sak segere...

Yo wis suwun..tak nggo koleksi mengko...
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri May 09, 2008 11:58 pm

Nyo tak tambhi meneh.......

Lopis Jowo

Keperluan :
400 gr beras ketan putih
1 sendok makan banyu enjet (kapur sirih)
100 gr klopo parutan sing nom
250 gr gulo jowo
100 gr gulo putih
1 lembar godong pandan
150 ml banyu adem
½ sendok teh uyah
Godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:•Gulo jowo, gulo putih, godong pandan, godog karo banyu nganti umob, lan kentel.
Saring ning saringan, banjur di-dem-ke.
•Beras ketan pususi resik, atus-ke. Campur beras ketan mau, karo banyu enjet. Aduk2
roto. Klopo parutan carup karo uyah, kukus sedelo wae.
•Godong gedang di lap resik, di-suwek- suwek, watoro 8 cm. Gawe koyo nggawe
contong-an (3 hoekjes) banjur diisi ± 3 sendok makan, beras ketan mau. Tutup rapet
koyo nggawe wujud segi -3. Banjur di-biting-i.
•Gawe terus wujud ngono mau, nganti entek beras ketan-ne.
•Siapno panci isi banyu, godog beras ketan mau ± 2 jam , yen banyu rodo sat, iso
tambahi nganggo banyu panas maneh. Godog nganti mateng. Angkat lan di-dem ke..
•Sajekno, karo klopo parutan banjur di-sur-i sirup gulo abang mau.

Udang gurih

Keperluan:
15 iji urang sing gede
1 putih endog pitik
2 siung bawang putih
½ sendok teh uyah
100 gr glepung panir (paneer meel)
25 gr keju parmesaan (parmezaanse-kaas)
Lengo dianggo nggoreng

Corone Nggawe:•Urang diresiki, karekno buntute wae, banjur dikumbah, di-tus.
•Bawang putih uleg lembut karo uyah, banjur urang dicarup karo bumbu mau, wolawalik roto. Di-jar-no sak wetoro supoyo bawang putih e mresep. Karo nunggu, kopyok putih-e endog nganti mrusuh.
•Glepung panir carup karo keju parmesaan, aduk-aduk roto.
•Sak rampunge kui, urang celupno ning kopyokkan endog mau, banjur gulingno ning
glepung panir, karo rodo dipenet, supoyo paneer iso katut temenan.
•Panaske lengo goreng ning wajan, goreng urang mau nganti kuning ke-soklat-an.
•Sajekno karo sambel botol-an utowo saus mayonaise.


Tip
Yen kepingin urang rodo kandel , celupke maneh ping pindo ning kopyokkan endog . Lan gulingno maneh ning glepung panir.


Kue talam

Keperluan:
300 gr telo rambat sing kuning
100 gr glepung beras (rijst meel)
50 gr glepung kanji (tapioca meel)
150 gr gulo putih
125 ml banyu adem
1 bungkus cilik vanille (5 gr)
250 ml santen

Kanggo Lapisan Nduwur:
300 gr santen
5 sendok makan glepung beras
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:
•Telo rambat dikukus disik, guwak kulite banjur dialusno nganti lembut.
•Godog santen sing wis dicampur karo glepung beras, uyah, aduk2 nganti kalis lan
kentel, banjur diangkat. Kanggo lapisan nduwure.
•Engkrongke panci isi banyu (125 ml) godog nganti umob, banjur lebokke glepung
beras sing wis di jur karo banyu saitik, udek-udek nganti kalis temenan. Angkat.
•Lebokke telo rambat-e sing alus mau, gulo, uyah, vanille lan santen-ne. Udek roto.
•Panaske dandang, siapno cetakan (vorm van deze koek) banjur di leboni kiro ¾ kebak
ning cetakan mau. Kukus setengah mateng wae.
•Sak banjure tumpangi nduwure karo adonan santen sing wis dicampur karo glepung
beras lan uyah, kukus maneh nganti mateng.
•Angkat, lan yen ngetokke soko cetakan mau kue talam kudu di-adem-ke disik.

Kue kendar
Kanggo 20 iji


Keperluan:
300 gr kentang
175 gr glepung trigu (tarwe meel)
3 iji kuning-e endog pitik
2 iji putih- e endog pitik
100 gr gulo putih
50 gr mertego
400 ml santen
½ sendok teh vanille bubuk
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:
•Kentang dikukus nganti mateng, onceki, isih panas, banjur dijur (fijne stampen) nganti alus temenan.
•Kuning endog, lan putih-e endog, gulo putih, dikocok (diubleg) nganti mumbul,lebokke santen-e, mertego, vanilli, uyah, udek nganto roto.
•Banjur di-lebokke kentang-e karo trigune saitik mboko saitik, karo diudek alon-alon
lan roto.
•Panaske citakan kanggo apem utowo citakan sing vorm-e bunder2. Olesi karo lengo
goreng setitik, gunakno nganggo kuas cilik, lagi adonan dicemplungke , kiro3/4 wae.
•Tutup karo tutup panci sing pas karo citakan.
•Yen wis setengah mateng bukak, banjur diwalik. Angkat.
•Sajekno karo klopo parutan, di-pyur2-i gulo putih alus (poeder suiker)

:o*00: :o*00: :o*00: :o*00:
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
sug3st
Camat
sug3st


Lokasi : Baleharjo - Djogdja ~pp~
Reputation : 15
Join date : 05.05.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeSat May 10, 2008 12:42 am

redbiem wrote:
sug3st wrote:
:study: :study: tak catet sik. sesuk bojoku tak kon nyobo masakke. nuwun mas infone

Nanging saiki aku rung rabi..... frustasi frustasi frustasi terus piye???? :?: :?:

njaluk tulung tonggomu mas.. gek ngko nek wes mateng ngabari aku, ngko tak tulungi ngerasake... ngakakk ngakakk ngakakk

beres...... tapi bahane disiapke yo .....

Quote :
yo apik infone...ning aku masalah memanganan g patek doyanan jee...

sing marai kerep poso jee aku....
dadi ngrasake mangan jarang aku....

Paling maeme nganggo thiwul sing wayu, sambel bawang, godong kates ro krupuk...
kuwi wae wis sak segere...

Yo wis suwun..tak nggo koleksi mengko...
infone bagus banget mas, bisa bwt masukan ibu rumah tangga atauoun calon ibu rumah tanga.
buat yg cowok2 jg ga masalah kalau hobi masak....
Kembali Ke Atas Go down
http://www.edysusilo.blogspot.com/
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu May 15, 2008 12:47 am

sug3st wrote:
redbiem wrote:
sug3st wrote:
:study: :study: tak catet sik. sesuk bojoku tak kon nyobo masakke. nuwun mas infone

Nanging saiki aku rung rabi..... frustasi frustasi frustasi terus piye???? :?: :?:

njaluk tulung tonggomu mas.. gek ngko nek wes mateng ngabari aku, ngko tak tulungi ngerasake... ngakakk ngakakk ngakakk

beres...... tapi bahane disiapke yo .....

Quote :
yo apik infone...ning aku masalah memanganan g patek doyanan jee...

sing marai kerep poso jee aku....
dadi ngrasake mangan jarang aku....

Paling maeme nganggo thiwul sing wayu, sambel bawang, godong kates ro krupuk...
kuwi wae wis sak segere...

Yo wis suwun..tak nggo koleksi mengko...
infone bagus banget mas, bisa bwt masukan ibu rumah tangga atauoun calon ibu rumah tanga.
buat yg cowok2 jg ga masalah kalau hobi masak....

ajib ...ora lanang/wadon kabeh mesti butuh mangan to..........langsung meluncur neng dapur...
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
japrax
Presidium
japrax


Lokasi : pelukan hangat luna maya
Reputation : 29
Join date : 11.04.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri May 16, 2008 11:31 am

weleh.. matur nuhun.. :oops:
Kembali Ke Atas Go down
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeMon Jun 16, 2008 1:23 pm

Martabak kambing (Mini)

Keperluan:
15 lembar kulit lumpia (loempiavellen) ukuran 15x15 cm.
Lengo goreng sayur sak cukupe, (sla olie)
Keperluan kanggo kulite:
2 sendok makan lengo
1 sendok makan mertego
350 gr daging giling kambing (geitenvlees/gehakt) sing ora oleh mangan daging wedus , iso
diganti karo daging ayam (kip gehakt)
2 sendok teh bawang putih diparut.
150 gr brambang rajang alus.
2 lenjer godong bawang (prei), iris miring
1 sendok teh mrico bubuk.
1½ sendok teh uyah
5 iji endog pitik.

Corone nggawe:
•Kanggo isi: panasno lengo, lan mertego ning wajan, sak banjure goreng brambang,
bawang putih, nganti arum/wangi, lebokke daging e mau, nganti setengah mateng,
banjur godong bawang, uyah, mrico bubuk, lebokke pisan. Karo sotil di-wolak-walik
nganti roto, lan sat tenan. Angkat lan didemke.
•Endok pitik dikocok, banjur carup karo tumisan daging sing wis adem. Aduk-aduk
nganti roto tenan.
•Jupuk sak lembar-sak lembar kulit lumpia mau, banjur diisi, takerane kanggo isine iso
sak sendok makan, utowo karo tengah sendok makan.
•Lempit koyo amplop , ukuran kiro-kiro 10x 6 cm, kanggo ngrapetke, pinggirane iso
dikeletke nganggo banyu.
•Panaske lengo ning wajan, goreng nganti kuning kecoklatan (tot het goud bruin
gebakken is).
•Sajekno anget2 karo lalapan lombok rawit ijo. Iso ugo karo saus tauco (zuur
zoutesaus).

Kangkung bumbu ebi

Keperluan:
1 kg kangkung
½ sendok makan uyah
1 sendok makan banyu asem
1 sendok makan kecap manis
100 gr ebi (gedroogde garnaaltjes)
2 sendok makan mertego
2 lembar godong salam, laos sak cukupe.
½ brambang bombay sing gede
3 siung bawang putih
1 sendok makan taoco
½ sendok teh trasi sing wis mateng
5 iji lombok abang (sing seneng pedes iso ditambah lombok rawit dewe)

Corone nggawe:
•Brambang lan bawang, lombok abang, rajang alus.
•Ebi, dikum ning banyu panas sedelo, suwene lawase 2 menit, banjur diris/ digepuk
alus.
•Gongso/tumis, brambang, bawang, lombok ning wajan sing wis dikek-i mertego,
lebokke kangkung sing wis diresiki mau, yen wis layu / setengah mateng, lagi
dilebokke, ebi, taoco, trasi, kecap manis, uyah, laos, salam .
•Wolak-walik nganti roto. Yen kangkung gagange wis empuk tenan lagi diangkat.
•Sajekno anget-anget.

Nasi Goreng a la Rien

Keperluan:
250 gr nasi /sego putih (Surinaamse-rijst of Basmati-rijst)
100 gr urang sing wis diresiki, (belek tengahe, ojo nganti pedot)
100 gr daging ayam (kipfilet)
50 gr jamur (champignon) iris tipis ombo
3 siung bawang putih
1 sendok teh uyah
½ sendok teh trasi bakar
1 sendok makan kecap manis
2 sendok makan mertego

Corone nggawe:
•Bawang putih, lombok, trasi, uyah diuleg alus.
•Daging ayam/pitik diiris tipis ombo. Kiro gedene 2x3 cm.
•Engkrongke wajan sing wis di-kek- i mertego, tumis/gongso bumbu sing wis diuleg,
daging ayam nganti ketok putih kaku, jamur, lagi dilebokke nasi putih/ sego, aduk
roto.
•Tambahno kecap manis, campur roto.
•Angkat, lan sajekno panas2, karo lalapan lombok acar/ ketimun acar.
•Sing seneng brambang goreng, iso di-wur-wur-ke nduwure.
•Slamet njajal.




:study: :study: :scratch: :study: :study:
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
gimbik
Pengawas
gimbik


Lokasi : Nori One
Reputation : 6
Join date : 04.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeTue Jun 17, 2008 2:17 pm

makasih mas atas infonya
semoga bisa mempraktekannya
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/imbik
the purple girl
Camat
the purple girl


Lokasi : Jakarta
Reputation : 8
Join date : 18.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeTue Jun 17, 2008 2:22 pm

ajib resep nya sipp...

terus share yah mas untuk kemajuan forum Aplouse
Kembali Ke Atas Go down
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeWed Jun 18, 2008 2:40 am

Daging taoco

Keperluan:
500 gr daging sapi (mager rundvlees)
100 gr urang
200 gr taoco (bean sauce in blik)
2 siung bawang putih
3 wungkul brambang cilik2
1 sendok teh trasi bakar
2 sendok makan kecap manis
4 iji lombok ijo
4 lombok abang gede (buang isine)
1 sendok teh uyah
1 wungkul cilik laos.
2 lembar godong salam
2 sendok lengo goreng dienggo numis
± 500 ml banyu adem

Corone Nggawe:
•Daging iris kotak2 kurang luwih 3 x 3 cm. Kumbah resik.
•Brambang, bawang iris tipis, lombok abang & ijo diiris miring ombo.
•Urang diresiki, banjur dikukus sedelo, yen wis mateng, urang diuleg lembut.
•Taoco ditokke soko blik, siram sedelo, nganggo banyu ning ngisor kran, nganggo
saringan. (zeef)
•Panaske panci isi banyu, daging lebokke, godog nganti empuk. Yen daging durung
empuk, iso ditambah banyu panas maneh. Saus / bouillon karekno sak cukupe.
•Panaske wajan isi lengo, gongso/ tumis brambang bawang, nganti arum, banjur
lombok lan urang- e cemplungke pisan.
•Lagi daging lebokke, wolak walik roto, taoco, uyah (naar smaak) kecap manis, salam , aos. Aduk roto. Lagi diangkat.
•Sajekno panas2.

Tips :
Kanggo sing seneng tahu, iso dicampuri tahu goreng, tahu diiris kotak2 cilik, goreng disik
lan campurke daging taoco mau. (voor liefhebbers kan men er ook gebakken blokjes tahu
erdoor mengen )

Temro goreng

Keperluan:
1 kg telo (cassave) parutan
250 gr klopo parutan
300 gr tempe
½ sendok teh tumbar
1 sendok teh uyah
5 iji lombok rawit / cilik ( iso dikurangi utowo ditambahi )
3 siung bawang putih
50 gr taoco (bean sauce in blik)
20 gr gulo jowo
10 cm prei
3 lenjer godong sledri
Lengo kanggo nggoreng sak cukupe.

Corone Nggawe:
•Telo parutan, rodo diperes buak banyune sitik, klopo, tumbar lan uyah ramesi dadi siji.
•Tempe goreng sedelo, banjur di jur kasar wae/ diplenet.
•Lombok, bawang putih, gulo jowo diuleg lembut, godong prei iris sing tipis, taoco
dikumbah disik, banjur disaring. Di-tus.
•Panaske wajan isi 2 sendok makan lengo goreng, tumis bumbu2, godong prei lebokke,
lagi tempe karo taoco lebokke pisan. Wolak walik roto, dirasakke yen kurang uyah
ditambahi dewe. Wolak-walik sedelo. Angkat.
•Jupuk adonan telo mau kiro-kiro 2 sendok makan, banjur digepengno, isi tengahe karo
tempe tumisan mau, tutup rapet maneh, gawe adonan Temro mau dadi lonjonglonjong.
•Goreng Temro ning lengo panas, nganti kuning ke-soklat – an.
•Sajekno anget-anget
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeWed Jun 18, 2008 7:19 pm

Wah akeh iki infone...tinimbang tuku buku...soopo reti mengko nggo mbokku po mbahku ning ngomah....suwun2
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu Jun 19, 2008 1:57 am

Wonosingo Ngali Kidul wrote:
Wah akeh iki infone...tinimbang tuku buku...soopo reti mengko nggo mbokku po mbahku ning ngomah....suwun2

oke lanjut...iki tak tambai :

Sambel bawang spesial

Bahan :
Cabe hijau + merah
Garam secukupnya
Bawang putih secukupnya

Cara Pembuatan :
* Uleg cabe merah+hijau sampai lembut
* Masukan Garam serta bawang putih secukupnya
* Jadi dech...

Yang bikin spesial :
Sajikan dengan lauk ayam bakar + lalapan + nasi thiwul + teri asin + saat makan bareng2 ma pacar...tapi habis makan jangan ciuman ya... :cheers: :cheers:
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
gimbik
Pengawas
gimbik


Lokasi : Nori One
Reputation : 6
Join date : 04.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu Jun 19, 2008 3:56 am

Yummy nyam nyam
marakke ngelih
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/imbik
siwid
Donatur
siwid


Lokasi : nomaden
Reputation : 21
Join date : 04.04.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri Jun 20, 2008 10:01 am

mas erlang... joinan yuk. buka usaha bareng ning wonosari. bikin cafe kecil2an gtu. pripun boss?! ajib
Kembali Ke Atas Go down
erlang
KorLap
erlang


Lokasi : - CuWelo -
Reputation : 2
Join date : 03.03.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeSat Jun 21, 2008 2:01 am

siwid wrote:
mas erlang... joinan yuk. buka usaha bareng ning wonosari. bikin cafe kecil2an gtu. pripun boss?! ajib

ide apik kui mas wid... ajib ,menarik juga sechh...tp sing ngurusi sopo... frustasi frustasi
Kembali Ke Atas Go down
http://arisrichoh.blogspot.com/
japrax
Presidium
japrax


Lokasi : pelukan hangat luna maya
Reputation : 29
Join date : 11.04.08

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeTue Jun 24, 2008 5:09 pm

iyo ki, neng wonosari durung eneng cafe yo..
Kembali Ke Atas Go down
bagoes
Koordinator
bagoes


Lokasi : bandung,jabar
Reputation : 8
Join date : 06.04.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeWed Apr 08, 2009 12:43 am

mas aku butuh info...

masakan sing koyo do di omongke mau sing rasa tumbas,rasa mbayar alias gratis

ono ora mas,nek ono neng ngendi?

matur nuwun
Kembali Ke Atas Go down
cahyondeso182
Warga
cahyondeso182


Lokasi : yogyakarta
Reputation : 0
Join date : 14.10.10

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeThu Oct 14, 2010 11:38 pm

salam kenal mas/mbak:

aku mau tanya mas/mbak resep jangan lombok wonosari yang lezat jika dihidangkan bersama daun ketela dan dong kates karena rasane bedo karo jangan lombok e jogja dan yang bikin beda rasa antara jangan lombok wonosari itu apane yo mas/mbak??

mathur nuwun,,,

;)
Kembali Ke Atas Go down
Soni_Kyocera
Koordinator
Soni_Kyocera


Lokasi : Bojong Gede-Bogor
Reputation : 3
Join date : 04.08.10

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeFri Oct 15, 2010 12:02 pm

cahyondeso182 wrote:
salam kenal mas/mbak:

aku mau tanya mas/mbak resep jangan lombok wonosari yang lezat jika dihidangkan bersama daun ketela dan dong kates karena rasane bedo karo jangan lombok e jogja dan yang bikin beda rasa antara jangan lombok wonosari itu apane yo mas/mbak??

mathur nuwun,,,

;)

Ass. Wr. Wb.

Tak coba njawab ya mas [nek salah nyuwun pangapunten]:

1. Suasananya mas, mungkin pada saat kita sedang menikmati hidangan jangan lombok cuaca di Gunungkidul panasnya sangat terik sekali sehingga mempengaruhi suasana dan akhirnya lidah kita menyatakan bahwa jangan lombok saking Gunungkidul maknyusss tenan.

2. Air kuahnya mas, kalau di Gunungkidul sumber airnya bener bener fresh dari sungai, telogo, kadang malah air hujan [ra keroso to nek wis dadi jangan lombok], jadi punya cita rasa yang khas yang tidak di miliki oleh daerah lainnya.

3. Buah Kelapanya mas, [buah untuk diambil santannya] juga fresh dan asli dari Gunungkidul, benar benar buah kelapa pilihan [kalau istilah sekarang matang pohon] walaupun bulat kecil tapi tua dan tebal sehingga menghasilkan banyak air santan yang kental.

4. Cabai rawitnya mas, cabai rawit pilihan yang di dapat dari pertanian Gunungkidul dengan sinar matahari yang terik dan berlimpah ruah menghasilkan buah cabai rawit yang sangat pedas berkwalitas dan pasti cespleng.

5. Tempenya mas, tempenya diolah berdasarkan resep turun temurun dengan kulit luar berasal dari daun jati sehingga menghasilkan rasa dan aroma yang khas tempe Gunungkidul [rasanya pasti beda dengan tempe yang di bungkus dengan plastik]

6. Cara mengolahnya mas, menggunakan kayu bakar sehingga mempunyai aroma bau dan cita rasa khas kayu bakar [ndeso banget].

Demikian mudah-mudahan dapat memberikan pencerahan, mohon maaf kalau terlalu Gunungkidul Bangeuuut.

Wassalam,


Kembali Ke Atas Go down
mbah sunar
Camat
mbah sunar


Lokasi : PURI MEKAR RAJEG TNG
Reputation : 62
Join date : 24.10.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeSat Oct 16, 2010 10:14 pm

Soni_Kyocera wrote:
cahyondeso182 wrote:
salam kenal mas/mbak:

aku mau tanya mas/mbak resep jangan lombok wonosari yang lezat jika dihidangkan bersama daun ketela dan dong kates karena rasane bedo karo jangan lombok e jogja dan yang bikin beda rasa antara jangan lombok wonosari itu apane yo mas/mbak??

mathur nuwun,,,

;)

Ass. Wr. Wb.

Tak coba njawab ya mas [nek salah nyuwun pangapunten]:

2. Air kuahnya mas, kalau di Gunungkidul sumber airnya bener bener fresh dari sungai, telogo, kadang malah air hujan [ra keroso to nek wis dadi jangan lombok], jadi punya cita rasa yang khas yang tidak di miliki oleh daerah lainnya.

Demikian mudah-mudahan dapat memberikan pencerahan, mohon maaf kalau terlalu Gunungkidul Bangeuuut.

Wassalam,


waduh... jo di kandak-kandakke yeng ngaggo banyu udan. rahasia tenan lho iki!!!
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 1:01 am

weh... jian tenan kok pokokmen frustasi frustasi
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeSun Oct 17, 2010 1:27 am

isish kurang kuwi... waktu masak ketetesan kringet..lah kringet asli gunung kidul bisa menyedapkan rasa....

le masang neng pawon...pawon asli gunung kidul cedak kandang pitik nah nek pas masak pitike ngabruk ...teleke dpada melu mabur njegur eng jangan...lha telek pitik asli gunung kidul itu bisa jd penyedap rasa.....

ngono...
Kembali Ke Atas Go down
Soni_Kyocera
Koordinator
Soni_Kyocera


Lokasi : Bojong Gede-Bogor
Reputation : 3
Join date : 04.08.10

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeMon Oct 18, 2010 8:18 am

Ass. Wr. Wb.

Mas Cahyondeso182 ketokane langsung praktek, . . . . . . nggolek banyu udan ndhisik gek nggolek keringet asli seko Gunungkidul terakhir nggolek telek pitik sing juga asli Gunungkidul [jan benar benar salahhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh !!!!!!!!]

Nek wis mateng aku emoh kon nyicipi ben no Mbah Sunar, Mas Rizky karo Mbah As sing ngersaken hidangan puniko, xixixixixixixixi

Wassalam,
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeMon Oct 18, 2010 10:40 am

yauwis ra popo, lak gur nyicipi toh..
ning sing ngentekke njenengan yo kang soni
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
Soni_Kyocera
Koordinator
Soni_Kyocera


Lokasi : Bojong Gede-Bogor
Reputation : 3
Join date : 04.08.10

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeMon Oct 18, 2010 5:50 pm

Ass. Wr. Wb.

He he he he, . . . . Emoh ah rasane pait pait getir, . . . . .

Wassalam,
Kembali Ke Atas Go down
rizky
Pengawas
rizky


Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi
Reputation : 7
Join date : 24.08.09

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeTue Oct 19, 2010 8:31 am

Soni_Kyocera wrote:
Ass. Wr. Wb.

He he he he, . . . . Emoh ah rasane pait pait getir, . . . . .

Wassalam,
kathik malah wis nyicipi disik frustasi frustasi
wong iso retri pait pait getir kui ajib
Kembali Ke Atas Go down
http://ispria.blogspot.com/
Soni_Kyocera
Koordinator
Soni_Kyocera


Lokasi : Bojong Gede-Bogor
Reputation : 3
Join date : 04.08.10

Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitimeTue Oct 19, 2010 8:47 am

Ass. Wr. Wb.

Kwutahan Brotowali je Mas, . . . .

Wassalam,
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





Masakan jawa Empty
PostSubyek: Re: Masakan jawa   Masakan jawa Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
Masakan jawa
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 2Pilih halaman : 1, 2  Next
 Similar topics
-
» DOWNLOAD BUKU BUKU JAWA LAN KAWRUH JAWA & KARANGAN KANJENG PANGERAN KARYONAGORO
» Masakan khas Turki
» Dadar Telur Jawa
» nyanyian jawa
» KERIS JAWA

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: LOUNGE 'N CHIT-CHAT :: Resep dan Masakan-
Navigasi: