FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN

Go down 
4 posters
PengirimMessage
mas roso
Koordinator
mas roso


Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG
Reputation : 7
Join date : 08.06.09

WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 12:34 pm

Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.

Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter, wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm., pucuke kaya cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.

Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan antiseptik.

Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa ngobati sawetara peyakit.

Ngresiki darah kotor

Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu, yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.

Diare, mencret

Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15 menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.

Watuk getih, TBC

Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4 gelas.



Bebuwang getih (berak darah)

Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.

Radang selaput lendir mata

Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.



Jaya Baya 4/LXI, Minggu IV September 2006
Kembali Ke Atas Go down
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: Re: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitimeSat Nov 14, 2009 4:34 pm

kang ono gambare wit secanh hura?

neng alas cerak omahe mbahku kae ono wis sing persis wit secang, ning jarene dudu..
Nek pas aku pernah ndelok gambar wit secang pas mampir neng magelang kae.. yo kethoe wit kuwi podho persis karo wit secang..

suwun,
kandar
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
hery bdy
Koordinator
hery bdy


Lokasi : bedoyo-jkt PP
Reputation : 5
Join date : 19.04.09

WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: Re: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitimeSun Nov 15, 2009 4:26 am

Nek secang Ki opo mas Kandar.......?
Kembali Ke Atas Go down
http://www.numoki.com
kandar
Presidium
kandar


Lokasi : jakarta asli Kemiri, Tanjung sari
Reputation : 25
Join date : 23.08.08

WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: Re: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitimeMon Nov 16, 2009 9:08 am

halah kowe rung tahu ngobe wedang secang yoo...

nek ngunuh susah njelaskene.. sesuk nek moro neng magelang..mesti disuguhi wedang secang...
Kembali Ke Atas Go down
http://syifauwongmantren.multiply.com
wadiyo
Camat
wadiyo


Lokasi : Singkar II,Wareng Wonosari GK
Reputation : 7
Join date : 14.04.09

WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: Re: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitimeMon Nov 30, 2009 9:02 pm

Matur nuwun mas Roso informasinipun Insya Alloh manfaat,cedhak panggenan kulo kathah secang ning dereng dho dimanfaataken ,mugi kanthi artikel puniko mangkeh kathah masyarakat engkang memanfaataken.Mugi amal kesaenanipun mas Roso dipun wales Gusti Alloh kanthi piwales engkang langkung ageng.Monggo dhahar lawuh walang saking Gunungkidul :

http://azzamudin.wordpress.com/2009/11/30/belalang-makanan-khas-gunungkidul/

Nuwun mugi wonten manfaatipun
Kembali Ke Atas Go down
http://azzamudin.wordpress.com
Sponsored content





WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Empty
PostSubyek: Re: WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN   WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» ANGKRINGAN WEDANG JAHE PEMDA CIBINONG
» Kanggo Motivasi
» uripku kanggo opo yaaa...???
» ABSEN KANGGO ANGKATAN '86
» CRITO KANGGO ANAK ...

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Medis-
Navigasi: