Forum Komunitas Online Gunungkidul |
| | RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) | |
| | Pengirim | Message |
---|
wahyudi Alm.
Lokasi : ujung mberuk teluk penyu Reputation : 1 Join date : 01.06.08
| Subyek: RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) Tue Nov 03, 2009 1:44 pm | |
| Bika'an cupu Panjala ingkang mangen wonten ing Colo, saptosari GK.Sampun kalampahan wau dalu senin wage malem seloso kliwon suryo 1 nompember(15 selo) taun 2009, bika'an cupu meniko rutin tiap taun nipun gene wekdalipun mendet mlebet mongso Enem mengah etung2anipun miturut pranoto mongso keakleres sak sampunipun wekdal LABUH.Umur cupu meniko kirang langkung 550 taun.Cupu meniko wonten 3 cacahipun ingkah kasebut SEMAR KINANTI, PALANG KINANTAnG,kaliyan KENTHI WIRI.Meniko sekedhik informasi mengah isinipun cupu,kababar miturut pralambang utawi gambar ingkang medal sak lebetipun singkep(kemul ingkang awujud mori) ingkang cacahipun kirang langkung 300 lembar singkep.etungan sinkep ingkang kenging dados ramalan njih meniko singkep ingkang no sepalih saking jumlah total singkep.
1. 10 lembar kemrisik 2. 5 lembar nglemek(lembab) 3. Reged kemrisik roto 2 lembar 4. Lor ana gambar driji 4 nanging namung pucukipun tanpo wonten jempolipun(sidik jari 4 tanpa jempol) 5. Kidul wetan trotol-trotol(bintik2) reged. 6. Kidul kulon ono pasire 7. kidul kulon ana gambare Rai wong lanang 8. Kidul kulon ana MERANG GABAH PARI 9. Singep saklajengipun polos nglemek roto 10. Wetan MERANG GABAH PARI 11. Lor wetan ana kembang suket. 12. Kidul kulon muncul huruf M 13. Kulon kaliyan wetan medal GUREM urip. 14 Kidul kulon muncul huruf R 15. Wetan Trotol kuning sakdawane singkep 16. Kidul wetan gambr Sirah wong trotol kuning 17. Kidul wetan SEGO GARING ( aking) 18. Lor gambar sirah WONg 19. Wetan wonten GETIH GARING 20. Kidul,wetan wonten GETIH GARING 21. Kidul wonten gambar KENDI 22. Wetan muncul tulisan IP 23. Kidul kulon muncul gambar Ndas kirik 24. Kidul kulon ana gambare PUlau HALMAHERA 25. LOr,WEtan,Kidul ana GETIH GARING 26. singkep nglemek medal LUMPUR roto 27. KIdul ana gambar wong wadon LUNGGUH TIMPUH MAREP NGETAN 28. Lor ana 2 titik kuning rodo gede miring 29. Wetan muncul huruf H 30. LOr wetan muncul kewan cilik sak pinjal mlaku ngalor,kulon muncul kewan cilik sak pinjal nanging mati 31. kidul wetan ana GEDEBHOG GEDANG GARING 32. 2/3 singkep reged banged 1/3 singkep sisih kidul RESIK 33. LOr ana KULIT KAYU 34. Kidul ana kliyange(bayangan) Wit JATI 35. Wetan muncul gambar MUSTOKO MESJID DOYONg NGIDUL NGULON 36. Wetan muncul titik gede warnane IRENG 37. kidul wetan muncul HUruf R 38. kulon ana rambut rodo dowo 39. lor muncul MATA wong tapi mung siji 40. kulon MUNCUL GAMBAR MATA WONG KOMPLIT 41. kidul MUNCUL GAMBAR MOTO KOMPLIT NGISORE GAMBAR KUPU 42. TRotol kuning roto 43. Trotol GETIH GARING ROTO 44. KIDul MUncul Gambar PULAU JAWA 45. SINGKEP 5 LEMBAR TELes gebles 46. kulon muncul gambar wayang INkang AWujud NARADHA(dewa) madhep ngidul 47. singkep ingkang terakhir polos kemrisik
bika'an cupu kawiwitan jam 02.00 wib paripurno tabuh 04.15 wib. peti kabika' tumuju adicara gebekan( ngresiki cupu ngagem tangan) sak derengipun posisi cupu kaliyan peti kados kasebat meniko:
1. CUPU SEMAR KINANTI DOYONG NGALOR 2. CUPU PALANG KINANTANG DOYONG NGALOR NGULON DENE TUTUPIPUN MLBESEK 3. CUPU KENTHI WIRI DOYONG NGULON. 4. PETI WADAH CUPU BOLONG SAK DUIT 500 LOGAM PAS ONO TENGAH PETI
monggo dumateng sederek ingkang winasis wonten ing bab olah kebatinan dipun tela'ah ingkang sabener2 mugi saged dados gambaran kahanan nuswantoro meniko.Nanging meniko namung prediksi ingkang pinanthokan miturut cupu PANJALA meniko mboten ateges NDISIKI KERSANE GUSTI. TETEP menungso saged ngramal tentu PURBO WASESO WONTEN NGARSINPUN GUSTI INGKANG AKRYO JAGAD.
Dumateng sedrek2 kulo ingkang remen olah kebathinan monngo kulo tunggu pendapatipun bab puniko.Kthah klenta klentone angen kulo nyerat nopo kathah tumpang sariking boso kawulo ngaturen gunging panganpunten ingkang sakageng2ipun . Matur nuwun | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) Tue Nov 03, 2009 2:57 pm | |
| dik wahyudi aku kok ra ngerti maksude kulon kidul lor kuwi....mbok dijlentrehke....lor kuwi lore sapa kidul kidule sapa ngono loh... | |
| | | wahyudi Alm.
Lokasi : ujung mberuk teluk penyu Reputation : 1 Join date : 01.06.08
| Subyek: Re: RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) Wed Nov 04, 2009 1:59 pm | |
| sugeng siang dumateng panjenangane kangmas ASMARaningtyas ikang dipun maksud ler'kidul dll meniko ARAH SINGKEP INGKANG WONTEN NOPO MEDHAL PARTANDANIPUN SINGKEPIPUN PERSEGI PANJANG DADOSE KIDUL NGOMONGKE LOR 'KIDUL MENIKO MITURUT SINGKEP INGKANG DIPUN MBUNTEL/MBUNGKUS PETI INGKANG WONTEN PRATANDANE DADOS MENAWI LER BEARTI SINGKEP MENAWI DIPUN BIKA' POSISINIPUN WONTEN SK LER PETI CUPU.POSISI SINGKEP WONTEN SAKTENGAHIPUN PETI | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) Wed Nov 04, 2009 3:19 pm | |
| Ooo...ya wis matur sembah suwun.... pingine aku ki ya arep nerawang nganggo ilmu kebatinan....lha ning aku ki mung kakeyan umur ning rung sinau...
mula kapn wae ana sing isa nrawng 'ngalamat" sing ono nggon singkep kuwi...aku njaluk Dik wahyudi kersa'a paring pekabaran....men aku ya ngerti babaring lelakon.... | |
| | | mas roso Koordinator
Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG Reputation : 7 Join date : 08.06.09
| Subyek: CUPU PANJOLO Sat Nov 14, 2009 10:03 am | |
| | |
| | | Sponsored content
| Subyek: Re: RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) | |
| |
| | | | RAMALAN CUPU PANJALA (Colo,Saptosari,GK) | |
|
Similar topics | |
|
| Permissions in this forum: | Anda tidak dapat menjawab topik
| |
| |
| |
|