Forum Komunitas Online Gunungkidul |
| | TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG | |
| | Pengirim | Message |
---|
mas roso Koordinator
Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG Reputation : 7 Join date : 08.06.09
| Subyek: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Sat Oct 24, 2009 11:05 am | |
| Tembung-tembung basa Jawa kang dianggo jeneng bocah ana sawetara. Perlu dimangerteni tembung-tembung : Rini, Wati, Dyah, Estri, iku ateges wadon. Tembung : MAS SUROSO, Mas : wis mesti lanang "SU" tegese linuwih, banget, gedhe. 'ROSO: tegese : arti, uni, becik, apik,
Kayata : Sukardi = linuwih karyane (nyambut gawe), banget anggone nyambut gawe. Sukarna(o) = linuwih pangrungune. Sulistya = linuwih rupane (bagus utawa ayune).
Tembung liyane :
Anak = Putra, Putri, Suta, Sunu, Tanaya, Atmaja, Yoga, Siwi (pi). Anake pandhita = Bambang (pa), Endhang (pi). Akal pikiran = Kunthara (pa). Alamat impen = Wahana (pa) Angin = Bayu (pa), Samirana (pa) Anom = Mudha , Taruna , Timur. Arane werna = Seta (putih), Kresna (ireng), Jenar (kuning), Wilis (ijo). Ati = Tyas (pa/pi), Prana (pa), Galih (pa) Awas = Waskitha (pa), Sidik (pa), Wicaksana (pa). Banyu = Tirta (pa), Sindu (pa), Ranu (pa). Banteng = Andaka (pa), Handaka (pa) Bapa = Sudarma (pa). Bares = Jarwa (pa), Sujarwa, Sujarwanta. Begja = Bagya (pa), Subagya (pa) Bunder (wutuh) = Purnama (pa), Purnami (pi) Dhewe = Pribadi (pa), Priyangga (pa). Duwe kaluwihan = Tiyasa (pa). Endah = Peni (pi), Raras (pi), Laras (pi) Bagus (pa), Pekik (pa). Emas = Rukmi(pi), Rukma (pa). Gaman = Bajra (pa), Braja (pa). Gawe = Kardi (pa), Karya (pa), Karti (pi), Yasa (pa). Gunung = Ardi, Hardi, Giri, Himawan, Parwata, Arga. Geni = Dahana. Golek = Pardi (pa), Supardi Impen = Supena (pa). Kaluhuran = Wibawa. Katara = Katon (pa), Wuryan (pa/pi), Keksi (pi) Conto : Katon Bagaskara, Wuryanta. Karep = Kapti (pi). Kawruh = Guna (pa), Sastra (pa), Widya (pi). Kayangan = Aribawa (pa). Kendel = Prawira (pa), Nirbita (pa), Nirbaya (pa), Wira (pa), Wirya (pa). Kembang = Sekar (pi), Puspa (pa/pi), Puspita (pi), Kusuma (pa/pi), Padma (pa), Padmi (pi). Kondhang = Kuncara (pa), Sumbaga (pa). Kosong = Bondhan (pa). Kuping = Karna (pa). Conto : Sukarna(o). Kuwat = Santosa (pa), Parkosa (pa), Prakoswa (pa), Bagas (pa). Kekuwatan = Daya (pa). Laku = Laksana (pa), Sulaksana (pa). Lampu (pepadhang) = Diyan (pa/pi), Pandam (pa) Lanang = Priya. Conto : Priya Jatmika = Wong lanang kang anteng. Legi = Artati (pa), Hartati (pi), Manis, Sarkara (pa). Lestari = Widada (pa), Lestari (pi), Lintang = Lintang, Sudama (pa), Kartika (pi) Manembah = Astuti. Mega = Mega, Ima (pi), Irawan (pa). Menang = Jaya (pa), Unggul (pa). Mula = Marma (pa), Marmi (pi), Sumarma (pa). Murid = Siswa, Siswaya, Susiswa. Murid pandhita = Puthut (pa) Nalar = Budi (pa) Ndeleng = Mulat (pi) Nepsu = Bramantya (pa) Ngati-ati = Yitna, Prayitna, Yatna, Suyatna, Wiweka (pa). Niyat = Esthi (pi)(uga ateges gajah). Nuli = Saksana (pa), Tandya (pa), Sutandya. Pangkat = Drajat (pa), Sudrajat (pa). Pathi = Sari (pi) Peparinge Gusti = Nugraha (pa). Perang = Yudha, Pinter = Widagda (pa), Wignya (pa), Gunawan (pa), Nimpuna (pa). Pinunjul = Sudibya (sekti banget). Piranti = Pandaya (pa). Prajurit = Sena (pa) Ratu = Aji (pa), Indra (pa) Rembulan = Wulan, Candra, Sasangka, Sitoresmi. Sedhih = Wiyoga (pa). Sekti = Digdaya (pa), Santika (pa) Segara = Samodra. Seneng = Asmara Sesotya = Retna (pi), Marjan (pa), Kumala (pi), Inten (pi) Sirah = Murda (pa), Murdani (pa). Slamet = Slamet, Rahayu, Rahajeng, Wilujeng (pi), Yuwana (pa), Raharja (pa), Basuki (pa)(uga ateges ratuning naga), Yana (pa). Sorot = Sunar (pa/pi), Cahya (pa/pi), Praba (pa/pi), Sunu (uga ateges putra),Dipa (pa) Srengenge = Aditya, Raditya, Baskara, Bagaskara, Diwangkara, Surya (pa), Ari (pa/pi), Haruna (pa), Aruna (pa). Sugih = Sardana (pa), Sugiyarta, Sugiharta (tegese sugih dhuwit). Supaya = Supadi (pa), Supadya (pa). Tapa = Brata (pa), Subrata. Tanpa cacad = Nirmala (pi). Tembang = gita , gitaya (pa). Teguh = Teguh (pa), Kukuh (pa). Terang = Pramana (pa). Teka = Prapta (pa), Prapti (pi), Suprapta. Temen = Sayekti (pi), Sanyata (pa). Tuladha = Palupi (pi), Sudarsana (pa), Darsana (pa), Lukita (pa). Udan = Riris (pi). Hyang = Dewa Wangi = Arum (pi, Ambar (pi) Warah = Warsita (pa), Wursita (pa), Wasita (pa) Waras = Waluya (pa) Wengi = Ratri (pi). Widadari = Apsari (pi), Hapsari (pi), Dewi (pi). Wong = Jana (pa), Sujana (wong kang linuwih)(pa), Sarjana (wong sing pinter)(pa), Nara (pa)
Tembung Wilangan : Eka = siji. Dwi = loro. Tri = telu. Catur = papat. Panca = lima. Sad = enem. Sapta = pitu. Astha = wolu. Nawa = sanga Dasa = sapuluh.
Jeneng Wayang kang kalumrah kanggo ing jeneng :
Pandhu = Ratu ing negara Hastinapura. Kresna = Ratu ing negara Dwarawati. Bima = Sena , Satriya panenggak Pandhawa. Dananjaya = Satriya panengah Pandhawa (Arjuna). Prawirayudha = Kendel ing paprangan. Permadi = Satriya panengah Pandhawa (Arjuna). Yudisthira = Pambarepe Pandhawa. Setyawati = Garwane prabu Narasoma. Andhini = sapi titihane bathara Guru. Arya = Harya (kang nduweni panguwasa). Ismaya = Semar.
Jeneng kang kaprah keprungu :
Retno Dumilah = mutiara yang bersinar Pekik Arga Dahana = Gunung geni kang bagus rupane. Prabawa = pangaribawa, pengaruh. Candrakirana = Bulan yang bersinar. Rahadyan Yamin = Raden Yamin(arane gelar) Kusumaatmaja = Putrane pak Kusuma. Kusuma = kembang. Agung Laksana = Laku kang gedhe. Katon Bagaskara = Terlihat bagaikan matahari. Purnamengati = Ati kang wutuh. Rahayuningati = Rahayuningtyas =Slamet sajroning ati. Wulandari = Bulan yang baru terbit. Daru Suprapta = Cahya kang linuwih tekane. Selo Sumarjan = Selo (pangkat padha karo camat), Sumarjan = Mutiara yang indah. Suharta = linuwih artane (sugih). Arum Ambarsari = Pathine kembang kang ngganda wangi angambar-ambar. Yuwana Sudarsana = Conto kang linuwih slamet. Puji Astuti = Donganing panembah. Narasoma = Wong sing rupane kaya rembulan baguse. Sukaca = Kaca (paesan) kang linuwih. Giri Susena = Gegedhuging prajurit kang kaya gunung. Gagat Rahina = Bocah kang laire esuk. Sumirat = Bersinar. Wresniwira = Pahlawan bangsa Wresni (Setyaki)
(post : pak ugeng) | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Fri Oct 30, 2009 8:48 am | |
| yen ono bocah jenenge Dajjal Subandri artine opo kang....? :!@#@!: | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Fri Oct 30, 2009 10:37 am | |
| - rizky wrote:
- yen ono bocah jenenge
Dajjal Subandri artine opo kang....? :!@#@!: nek dajjal kui maksude...umpama tuku pit montor anyar iku nggango pisanan basa kerene ngreyen...... dadi dajjal subandri mesti maksude ngreyen subandri.... Jenengku asmaraningtyas asmara maksude tresna ning saka tembung "ana ing" maksude "sing mapan neng" tyas iku kalbu utawa ati dadi nek wutuh...asmaraningtyas kuwi duwe karep " tresna sing mapan ono ing telenging ati" aku duwe anak loro tak jenengke ngango basa jawa kabeh 1. Dewandaru Satya Daniswara 2. Dewantari Citra Anindita sing no.1 calon presiden sing no2. saora orane mentri..... | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Fri Oct 30, 2009 10:56 am | |
| Apuik apuik... | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Fri Oct 30, 2009 11:38 am | |
| - mas roso wrote:
Tembung : MAS SUROSO, Mas : wis mesti lanang "SU" tegese linuwih, banget, gedhe. 'ROSO: tegese : arti, uni, becik, apik,
Candrakirana = Bulan yang bersinar. Selo Sumarjan = Selo (pangkat padha karo camat), Sumarjan = Mutiara yang indah. Puji Astuti = Donganing panembah. (post : pak ugeng) su artine apik rasa iku wis ngarani...dadi suroso artine rasa sing apik...utawa yen dianggaep sak tembung thok "suroso" artine "uni" mula anan tembung " kitir iku surasane piye?" artine surat itu bunyiya gimana?" candra iku mbulan, kirana iku lintang...candrakirana lintang lan rembulan pada kara kartika cndra selo iku arti liyane "watu" puji astuti artine "donga slamet" | |
| | | mas roso Koordinator
Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG Reputation : 7 Join date : 08.06.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Sun Nov 01, 2009 6:43 pm | |
| - Asmaraningtyas wrote:
- [quote=
su artine apik rasa iku wis ngarani...dadi suroso artine rasa sing apik...utawa yen dianggaep sak tembung thok "suroso" artine "uni" mula anan tembung " kitir iku surasane piye?" artine surat itu bunyiya gimana?"
candra iku mbulan, kirana iku lintang...candrakirana lintang lan rembulan pada kara kartika cndra
selo iku arti liyane "watu" puji astuti artine "donga slamet" ........... Whalah nuwun sanget Mbah... cen niku je pituture bapak lan simbok 'urip kulo niku ben duwe 'uni' suwun nggih Mbah ... | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 8:48 am | |
| Angger hura muna-muni wae sih hura popo... | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 10:27 am | |
| karana surasa iku artine uni...mula Dik Roso nek lagi diunek uneke yo kudu dirasak rasake..... | |
| | | mas roso Koordinator
Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG Reputation : 7 Join date : 08.06.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 11:53 am | |
| - Asmaraningtyas wrote:
- karana surasa iku artine uni...mula Dik Roso nek lagi diunek uneke yo kudu dirasak rasake.....
................ kulo wingi nggih pun di unek-unekk'e uwong ... cah koq nggantheng'e koyo ngono, omongane alus, tus sopan ... ning kulo nggih mung mendel mawon ... xixixixix | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 2:27 pm | |
| | |
| | | mas roso Koordinator
Lokasi : Pondok Indah Kutabumi TNG Reputation : 7 Join date : 08.06.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 2:35 pm | |
| | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 2:38 pm | |
| ha..... ha..... ha..... ha......ha.. | |
| | | Asmaraningtyas Camat
Lokasi : Karangmojo Reputation : 39 Join date : 08.01.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 2:46 pm | |
| Topike ganti " back to topic" pa ki? | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon Nov 02, 2009 2:49 pm | |
| | |
| | | Ipung Purwanto Camat
Lokasi : Lubang Buaya Jaktim Reputation : 5 Join date : 08.03.08
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Sun Nov 08, 2009 2:17 am | |
| Urung nduwe ide lagi sempet moco koco sing nduwur dewe... Mumpung iseh timur sing do sregep le do ngudi kawruh... | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Fri May 21, 2010 8:54 am | |
| Sukarman = pinter mecahke masalah Wakiman = kuat leh mlaku Sleman = men ajek manggon nang jogja Sumanto = seneng mangan wong | |
| | | must_ed Koordinator
Lokasi : kaki gunung singa Reputation : 8 Join date : 24.01.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon May 31, 2010 1:44 pm | |
| | |
| | | rizky Pengawas
Lokasi : Nganjuk-Wonosari-bekasi Reputation : 7 Join date : 24.08.09
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG Mon May 31, 2010 2:40 pm | |
| - Quote :
- Suharta = linuwih artane (sugih).
Boiman = ben awet muda Yusman = ben pinter bikin jus Herman = yen ujian ndak perlu mengulang | |
| | | Sponsored content
| Subyek: Re: TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG | |
| |
| | | | TEMBUNG KANG LUMRAH DADI JENENG | |
|
Similar topics | |
|
| Permissions in this forum: | Anda tidak dapat menjawab topik
| |
| |
| |
|