FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY

Go down 
+8
Prof.
dwikoe
must_ed
Asmaraningtyas
hoen
markus basuki
Pak De
hery.s
12 posters
PengirimMessage
hery.s
Lurah
hery.s


Lokasi : grogol2 bejiharjo,jakarta
Reputation : 0
Join date : 31.12.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeMon May 18, 2009 6:37 pm

Poro sederek menurut mbahku disik boso paling alus justru seko gunung kidul ,terus ditambah guruku bahasa jawa wong solo ngomonge yo podho,DIY paling halus gunung kidul, Anak mudanya pada piawai kromo inggil, bahkan jare guruku iku logat gunung kidul paling pas buat kromo inggil ngalahke wong solo malah istilah 2X baku(Kuno) masih sering dipakai contoh "kamongko","jumboh" dll ,

pramilo monggo dipun jaga budaya puniko lestarekake tekan anak cucune
Kembali Ke Atas Go down
Pak De
Lurah
Pak De


Lokasi : Pontianak, Kalimantan Barat
Reputation : 3
Join date : 07.02.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeMon May 18, 2009 11:02 pm

Menawi saestu makaten kados andadosaken mongkok ing manah, ananging kawontenan meniko awrat anggenipun badhe anuhoni, awit kados kados sameniko sampun tansoyo kirang ingkang micoro ngagem boso kromo inggil mawi boso kromo madyo kemawon sampun awis awis.
Nyuwun pangapunten sak derengipun mbok bilih mboten andadosaken renaning penggalih, mbok bilih cobi dipun dandosi anggenipun nyerat monggo mawi boso kromo ingkang jangkep.
Sepindah malih nyuwun pangapunten, sedoyo meniko namung gegujengan, ugi monggo monggo sami pados margining kaindakan seserepan wonten babagan meniko.
Kembali Ke Atas Go down
markus basuki
Lurah
markus basuki


Lokasi : malang - wonosari (ngijo)
Reputation : 2
Join date : 18.11.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri May 22, 2009 10:51 am

Kula ndherek bingah, wonten sedherek saking Pontianak, nanging taksih nguri-uri basa Jawi. Salam saking Malang.
Basa Jawi panceng adiluhung. Nanging sapunika sajakipun alon-alon badhe musna. Jalaran lare-lare sampun awis-awis pikantuk piwucal basa Jawi. Ing sekolah, racakipin basa Jawi namun kawucalaken ngantos SMP.
Yen basa Jawi ical, unggah-unguh ugi ical, lajeng punapa ingkang taksih saged kawarisaken dhumateng para mudha.
Kembali Ke Atas Go down
http://cor-amorem.blogspot.com
hoen
eRTe
hoen


Lokasi : neng manado jarang muleh
Reputation : 0
Join date : 17.04.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri May 22, 2009 1:19 pm

pada ngomongin apaan sih??
Kembali Ke Atas Go down
markus basuki
Lurah
markus basuki


Lokasi : malang - wonosari (ngijo)
Reputation : 2
Join date : 18.11.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri May 22, 2009 1:23 pm

Sing ana Suriname atusan taun wae isih nganggo basa krama. Sing ana tlatah Indonesia semono uga! Yen bisa nguri-uri basa Jawa. Ngono lho kang!
Kembali Ke Atas Go down
http://cor-amorem.blogspot.com
hoen
eRTe
hoen


Lokasi : neng manado jarang muleh
Reputation : 0
Join date : 17.04.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri May 22, 2009 1:44 pm

menawi babagan bahasa daerah, punapa malih basa kromo inggil/madya/ngoko menika kedah dipun wiwiti sangking lare taksih jabang bayi, sangking lingkungan keluarga. menawi wonten ing lingkungan keluarga sampun mboten wonten penerapanipun dangu-dangu bahasa daerah badhe katilep ing perubahan zaman. pramila peran ibu-ibu sanget dipun perlokaken, awit ibu ingkang langkung cedhak ugi wonten ing saben wekdalipun dados pangayom, guru sejati, lan dados panutan. gak boleh
Kembali Ke Atas Go down
hery.s
Lurah
hery.s


Lokasi : grogol2 bejiharjo,jakarta
Reputation : 0
Join date : 31.12.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri May 22, 2009 2:16 pm

KROMO INGGIL ,katingal tansah lembut alus peni ,sinaoso kagem pituturan awon, nesu, kuciwo tetep katingal lembut lan alus,puniko sawiji saking sakabehing linuwihing kromo inggil,kabanding boso sanes ,awit saking meniko boso jawi kasebat saget angrengkuh budoyo ingkang santun.

sy pernah juga ngiring nganten ke sukoharjo, ternyata atur pambagyonya kalah halus sama orng gk ,sy jadi ternyuh ...kalau ingat
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Aug 20, 2009 12:36 pm

hoen wrote:
menawi babagan bahasa daerah, punapa malih basa kromo inggil/madya/ngoko menika kedah dipun wiwiti sangking lare taksih jabang bayi, sangking lingkungan keluarga. menawi wonten ing lingkungan keluarga sampun mboten wonten penerapanipun dangu-dangu bahasa daerah badhe katilep ing perubahan zaman. pramila peran ibu-ibu sanget dipun perlokaken, awit ibu ingkang langkung cedhak ugi wonten ing saben wekdalipun dados pangayom, guru sejati, lan dados panutan. gak boleh

ingtkang kawula sukani warni abrit menika sanes basa jawi mas....ngatos atos...menawi niatipun bade nglestantunaken basa jawi... mnewi ngendikan nggih ampun dipun campur kaliyan basa sanesipun.....awit menawi kita kulinten nyampur basa makaten makehipun basa jawinipun nggih risak lan ical musna....artosipun nggih sami mawon.... basa jawi mboten dipun pepetri
Kembali Ke Atas Go down
must_ed
Koordinator
must_ed


Lokasi : kaki gunung singa
Reputation : 8
Join date : 24.01.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Aug 20, 2009 2:24 pm

ingkang baken, mangga sareng2 ngulintenaken boso jawi.... opini piyantun daerah sanes ingkang sampun sae babagan alusipun boso gunungkidul menika ampun ngantos ical... boso kromo menika mujudaken pratanda pakurmatan dateng piyantun ingkang kedah kita kurmati saha kita bekteni....

mangga pinarak wonten topik boso jowo.... nggegulang ngelmi boso jawi sesarengan... ajib
Kembali Ke Atas Go down
dwikoe
Camat
dwikoe


Lokasi : cedak kebun Raya Bogor
Reputation : 1
Join date : 19.06.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Aug 20, 2009 2:36 pm

monggo, kulo dherek'aken ....
Kembali Ke Atas Go down
http://www.elsppat.or.id
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Aug 20, 2009 2:52 pm

thoruk thok thok thok........
Kembali Ke Atas Go down
Prof.
Koordinator
Prof.


Lokasi : pekanbaru
Reputation : 3
Join date : 07.12.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Aug 20, 2009 7:28 pm

Kulo pun rodo lali kromo inggil, boso ingkang biasa dingge boso ngoko kemawon....
Kembali Ke Atas Go down
http://ijopunkjutee.blogspot.com
hoen
eRTe
hoen


Lokasi : neng manado jarang muleh
Reputation : 0
Join date : 17.04.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeWed Sep 09, 2009 2:05 pm

Asmaraningtyas wrote:
hoen wrote:
menawi babagan bahasa daerah, punapa malih basa kromo inggil/madya/ngoko menika kedah dipun wiwiti sangking lare taksih jabang bayi, sangking lingkungan keluarga. menawi wonten ing lingkungan keluarga sampun mboten wonten penerapanipun dangu-dangu bahasa daerah badhe katilep ing perubahan zaman. pramila peran ibu-ibu sanget dipun perlokaken, awit ibu ingkang langkung cedhak ugi wonten ing saben wekdalipun dados pangayom, guru sejati, lan dados panutan. gak boleh

ingtkang kawula sukani warni abrit menika sanes basa jawi mas....ngatos atos...menawi niatipun bade nglestantunaken basa jawi... mnewi ngendikan nggih ampun dipun campur kaliyan basa sanesipun.....awit menawi kita kulinten nyampur basa makaten makehipun basa jawinipun nggih risak lan ical musna....artosipun nggih sami mawon.... basa jawi mboten dipun pepetri


yo nek karepe nguri-uri iku ora mung mbegegeg, kaku tur fanatik ning kudu iso nrimo ing kemajuaning jaman kanthi disaring dhisik. dadi bosone luwes lan kepuenakkk nakk
Kembali Ke Atas Go down
Prexndes
Koordinator
Prexndes


Reputation : 4
Join date : 25.04.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeWed Sep 09, 2009 9:56 pm

Wanci saestu awrat nguri-uri boso jawi meniko, menopo melih mboten wonten ingkang nuntun, utawi tiyang ingkang mumpuni babagan boso jawi nuntun kito sami.

nJih monggo kito sesarengan mbudidiyo amrih lestantunnipun boso lan budoyo kito meniko.
mBok bilih kadang FKOG kagungan sederek, munopo tiyang sepuh munopo sinten kemawon, ingkang mumpuni babakan meniko, lan kerso nuntun kito sinau boso ingkeng leres lan pener, dipun sumanggak'aken.

Ingpangajab, anggen kito sinau meniko mboten nlenceng saking paugeran toto kromo, boso, lan budayo.
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Sep 10, 2009 10:09 am

menawi panjenengan sami saestu anggadahi sedya ingkang luhur kagem memetri ugi hanglestantunaken basa jawi..mila kawula sakmenika gadah panjurung lan hangulemi panjengan sedaya kagem tindak mriki......

http://myquran.org/forum/index.php/topic,37236.0.html
Kembali Ke Atas Go down
ibnu suyitno
Warga
ibnu suyitno


Lokasi : Jakarta Pusat
Reputation : 2
Join date : 10.02.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeThu Sep 10, 2009 1:44 pm

Syukur2...Kudune GENERASI-NE Dewe ki kudu sinau meneh babagan Boso Jowo terutama Kromo Inggil kuwi Boso kang LUHUR ... Yen ora dilestareake sue-sue Ilang cah NOM raiso KROMO INGGIL gayane wae nganggo boso LO GUe padahal KROMO INGGIL luwih Luhur pamore............
Kembali Ke Atas Go down
Ngabehi_km
Lurah
avatar


Lokasi : jakarta
Reputation : 0
Join date : 17.10.08

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeFri Apr 09, 2010 4:57 pm

Menawi ngrembak bab menika kawula kok malah gemujeng, awit emut tetanggi kula. Amargi ing lingkungan keluarganipun tansah ngagem krama inggil ing saben dintenipun, kanyata menawi pinuju paben ugi ngginaaken krama inggil, contonipun kula nate mireng si ibu duka kaliyan si bapak mekaten: "Lha penjenengan menika dasaripun bajingan kok pak" 😢
Kembali Ke Atas Go down
http://ngajitauhid.wordpress.com
Warto
Lurah
avatar


Lokasi : Cileungsi mbogor njabar Indonesia.
Reputation : 2
Join date : 12.01.10

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeMon Jul 26, 2010 12:13 pm

:%^&^: Nyuwun pangapunten sakderengipun mbok bilih anggen kawulo nyerat samangkih kathah klenta klentuning atur,Pancen leres sedherek sedoyo.menawi boso KROMO INGGIL wekdal sakmeniko sampun radi ical wonten ngayogyokato utaminipun wonten tlatah Gunungkidul.Pramilo monggo sinten maleh ingkang badhe nglajengaken boso jawi utaminipun KROMOINGGIL........................ suwun :h:
Kembali Ke Atas Go down
Asmaraningtyas
Camat
Asmaraningtyas


Lokasi : Karangmojo
Reputation : 39
Join date : 08.01.09

Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitimeMon Jul 26, 2010 7:59 pm

oooo makaten to rayi prabu...menawi saking pamawas kawula...basa jawi krama inggil menika taksih lestantun wonten saklebetipun manah sedaya kadang wargi gunungkidul ingkang minulya....namung kemawon, tiyang gunung kidul sampun mboten kemutan malih pripun anggenipun anggrakit basa ingkang tuhu sae....mila mboten wonten malih ingkang ngagem basa krama inggil....dados mboten ical...namung sampun sami kesupn mawon..... Very Happy
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Empty
PostSubyek: Re: Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY   Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
Kromo inggil(boso alus Gunung kidul )paling alus se DIY
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» SING PALING NGANGENI SEKO GUNUNG KIDUL
» Dimanakah Kamituwo Yang Paling Yahuut di Gunung Kidul ???
» Kromo inggil
» Kromo Inggil
» latihan boso kromo

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Kebudayaan Daerah-
Navigasi: