FKOGK
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKLatest imagesPencarianPendaftaranLogin

 

 (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong

Go down 
+13
gimbik
Aris_nogosari
badai-laut-selatan
Prexndes
iwans
bayou
pipit
wahyun
siwid
japrax
supriyadi
gandung
Wonosingo Ngali Kidul
17 posters
PengirimMessage
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeThu Sep 25, 2008 5:31 pm

Dumadine Kutha ‘Wonosari’

Wiwitaning carita ing wewengkon Sumingkar (saikine wilayah Sambi Pitu, Gunungkidul). Sumingkar iki miturut gotheking crita iki minangka Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu iku; rikala Sultan Hamengkubuwana I madeg ratu ing Kraton Ngayogyakarta. Sumingkar cedhak karo tembung ‘sumingkir’. Mirid saka kahanan lan sejarahe masyarakat sakiwatengen Sambi Pitu, wong-wong ing wewengkon iki minangka playon saka Majapahit, wong-wong kang ‘sumingkir’ ing alas Gunungkidul biyene. Crita lesane wong-wong kana nerangake manawa Brawijaya pungkasan keplayu tekan alas Gunungkidul, ngulandara ing sawetara papan lan mbukaki alas-alas dumadi desa-desa sarta ninggalake maneka kabudayan. Brawijaya pungkasan moksa ing Guwa Bribin, Semanu, jalaran rikala disuwun malik ngrasuk Islam dening Sunan Kalijaga ora kersa. Kaya dene masyarakat kang sumebar manggon luwih dhisik ing Rongkop, Semanu, Karangmojo, Ngawen, Nglipar, Sambi Pitu, saperangan Pathuk, uga Panggang, wong-wong iki wis dumunung ing sajembaring alas Gunungkidul sadurunge kedaden Palihan Nagari (Prajanjen Giyanti) ing Surakarta. Kabukti kanthi ananing maneka warna kabudayan kang gregete nuduhake semangat Jawa Asli-Hindhu-Buda-praIslam, kaya ta: tledhek, rasulan, cing nggoling, babad alas, reyog, petilasan Hindhu, petilasan Buda, lsp. kang tansah diuri-uri tekane saiki. Crita iki uga minangka bukti stereotip ‘babad’ kaya kang dumadi ing desantaraning pulo Jawa lumrahe; kepara ing nusa-antara.

Ing Sumingkar Adipati Wiranagara madeg dadi adipati. Piyambake kagungan garwa cacahe loro, sing siji wanita Sumingkar, sing siji garwa triman saka Sultan. Ateges, garwa sing siji saka kraton Ngayogyakarta. Wus dadi kalumrahan yen para adipati pikantuk bebungah awujud apa wae saka ratune, bisa kalungguhan, kalebu garwa triman. Angkahe warna-warna: kanggo lintu tandang gawe, kanggo nerusake trahing kusuma, minangka tandha panguwasaning raja utawa kosok balene; teluke panggedhe ing dhaerah-dhaerah marang Nagaragung. Duk semana, rikala Adipati Wiranagara sowan ing Kraton Ngayogyakarta, piyambake oleh prentah saka Kanjeng Sultan supaya mindhah Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu iku kang dumunung ing Sumingkar (Sambi Pitu) menyang Alas Nangka Dhoyong, kang penere ing Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul ing wektu iki. Kutha praja kabupaten Gunungkidul prelu dipindhah amarga miturut tata jagading keblat papat, kurang pener manengah. Dadi, rinasa dening Sultan kurang mangaribawani tumrap wewengkon kabupaten Gunungkidul liyane. Mangkono alesan ing crita rakyat dikandhakake. Sawuse kondur saka Kraton Ngayogyakarta, Adipati Wiranagara nimbali kabeh pangembating praja ing Sumingkar supaya sowan ing pendhapa kabupaten.

Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman (wilayah Piyaman tekane Nglipar saiki), durung katon sowan ing pendhapa kabupaten. Para pangembating praja padha duwe beda penggalihan babagan durung sowane Demang Wanapawira. Wekasane, Demang Wanapawira tumeka sowan. Rangga Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur marang Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira diparingi ukuman marga telat anggone sowan. Rangga siji iki pancen wong kang gumunggung, seneng tumindak culika. Ananging usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong kanggo mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya dene kang tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang Wanapawira siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora sarujuk yen Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe Sultan iku. Angkahe, dheweke kang madeg duta. Rangga Puspawilaga ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan iku.

Ing kademangan Piyaman, cinarita ana sawijining perewangan kanthi nama Mbok Nitisari, kawentar jejuluk Nyi Niti. Nyi Niti dimangerteni dening wong-wong ing sakiwatengening Piyaman, kepara ing sawetara wewengkon Gunungkidul wektu iku, minangka perewangan; wong kang linuwih, mligine gayut karo roh alus lan lelembat. Nyi Niti duwe garwa inaran Ki Niti. Nyi Niti satemene mbakyune Demang Wanapawira. Nyi Niti lan Demang Wanapawira iki kalebu keturunane wong-wong playon saka Majapahit jaman semana. Tekane Piyaman, Demang Wanapawira marahake babagan apa kang tinitahake marang piyambake: mbukak Alas Nangka Dhoyong didadekake kutha praja. Demang Wanapawira nyuwun pretimbangan marang kangmboke. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Niti rumangsa yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong kang dumunung ing wewengkon Gunungkidul wektu iku wus priksa yen Alas Nangka Dhoyong iku alas kang gawat kaliwat, punjere jim lelembut, lan omahe dhanyang Nyi Gadhung Mlathi. Nanging, Mbok Niti saguh nyengkuyung lan ngrewangi Demang Wanapawira. Mbok Niti ndhawuhi Demang Wanapawira: sadurunge ngayahi babad alas supaya nglakoni sesuci lan ngadani slametan. Upacara iki syarat kang wus ditindakake para leluwure kawit biyen lan minangka sarana supaya manungsa bisa nyawiji lan nguwasani alam, kalebu roh-roh kang manggon ing alas wingit Nangka Dhoyong. Dene Nyi Niti bakal nyoba ‘rembugan’ karo Nyi Gadhung Mlathi; dhanyange Alas Nangka Dhoyong!

Demang Wanapawira, dirowangi Nyi Niti, semadi ing sangisoring wit ringin putih kang eyub, yaiku wit ringin kang mapan ing tengahing Alas Nangka Dhoyong. Nyi Gadhung Mlathi mapan ing wit iku (dhanyang panguwasa Alas Nangka Dhoyong). Demang Wanapawira lan Nyi Niti wus rila yen mengkone dimangsa Nyi Gadhung Mlathi uger titah mbukak alas dadi kutha praja bisa kasembadan. Ana sawenehing banaspati kang ngreridhu Demang Wanapawira lan Nyi Niti kang lagi samadi, nanging bisa ditelukake. Nyi Gadhung Mlati marani saklorone. Dumadi peperangan rame antarane Nyi Gadhung Mlathi lan Nyi Niti. Marga ora ana kang kasoran, mula padha ngadani pirembagan. Nyi Gadhung Mlati menehi palilah alase bisa dibukak didadekke kutha praja kanthi sarat: digawekke sajen Mahesa Lawung. Uwit panggone Nyi Gadhung Mlathi ora pikantuk ditegor lan Gadhung Mlati diwenehi panguripan dumadi dhanyang penunggu; yaiku roh kang njaga masyarakat mengkone. Nanging, Nyi Gadhung Mlati njaluk supaya digawekke sesajen saben taune minangka wujud panjagane masyarakat sing bakal ngenggoni alas iku mengkone. Nyi Niti nyarujuki panjaluke Nyi Gadhung Mlathi. Dene Nyi Gadhung Mlathi banjur mrentah para lelembut supaya nyengkuyung ngewangi pagawean mbukak alas supaya gancar anggone nandangi.

Sawuse nyekel rembug karo Gadhung Mlathi, Demang Wanapawira sowan ing ngarsane Adipati Wiranegara kanggo nyuwun panyengkuyung manawa enggal dilaksanakake babad alas. Demang Wanapawira lan Nyi Niti ngumpulke rakyat Piyaman lan sakiwatengene banjur gawe sesajen. Rakyat Paliyan dicritakake uga melu ngrewangi mbabad alas. Dene masyarakat Paliyan rewang-rewang mbabad alas iki marga wus kulina ngayahi mbabad alas; yaiku mbabad Alas Giring rikala semana, sadurunge adage Kraton Mataram. Rakyat Piyaman lan Paliyan gotong-royong mbukak alas. Rangga Puspawilaga rumangsa lingsem lan meri marang tandang gawene Wanapawira. Pakaryan mbabad Alas Nangka Dhoyong rampung. Alas wus dumadi kutha praja. Demang Wanapawira kasil ngayahi titahing ratu lan nunggu bebungah saka Sultane.

Pasar dibukak dening Adipati Wiranegara kanggo ngembangake lan ngrembakakake ajuning kutha. Pasar Nangka Dhoyong, tengere pasar iku, mapan ing wilayah Seneng lan minangka pasar kang rame banget. Adipati Wiranegara ngalembana Wanapawira kang bisa malik alas gung mijil kutha. Kacarita, ana sawijining putri saka Kepanjen Semanu (putra-putrine Panji Harjadipura) aran Rara Sudarmi ditutake Mbok Tuminah teka ing Pasar Seneng. Angkahe Sang Putri kanggo nonton lan ngrasakake kahanan pasar anyar kang lagi wae dibukak. Tekane Rara sudarmi ing Pasar Seneng bareng karo jumedhule Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Weruh Rara Sudarmi, Puspayuda rena marang dheweke. Puspayuda banjur nggodha Rara Sudarmi. Rara Sudarmi ora sudi. Banjur, dumadi padudon rame. Demang Wanapawira kang kepeneran uga ana ing Pasar Seneng ngleremke loro-lorone. Kaya dene Puspayuda, mangerteni Rara Sudarmi kang sulistya, ing manahe Demang Wanapawira sajatine uga tuwuh rasa tresna marang Rara Sudarmi. Puspayuda banget murkane marang Demang Wanapawira. Puspayuda ngelek-elek lan nantang Demang Wanapawira. Ananging ora dumadi pasulayan. Demang Wanapawira nglilih Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah supaya enggal sumingkir saka pasar. Dene Puspayuda bali ing Siraman, banjur matur marang bapane: nyuwun supaya dilamarake Rara Sudarmi ing Kepanjen Semanu.

Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah mampir ing daleme Nyi Niti. Ing crita iki diterangake yen Nyi Niti iku satemene isih kaprenah sadulur karo Rara Sudarmi, yaiku sadulur adoh saka ramane, Panji Harjadipura. Rara Sudarmi nyuwun pitulungan marang Ki Niti lan Nyi Niti prakara kang lagi wae ditemahi ing Pasar Seneng: dheweke bakal dicidrani Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Ora watara suwe, Demang Wanapawira tumekeng kana lan tansaya gedhe krentege marang Rara Sudarmi meruhi Rara Sudarmi prapta ing omahe mbakyune. Ing jroning manah, Demang Wanapawira ngersakke Rara Sudarmi. Candhaking pangangkah, kanyata Mbok Nitisari njodhokake Demang Wanapawira klawan Rara Sudarmi. Cekaking carita, Demang Wanapawira lan Rara Sudarmi padha prajanji disekseni Ki Niti dan Mbok Nitisari.

Rangga Harjadipura ing Kepanjen Semanu nampa praptane Rangga Puspawilaga kang duwe maksud nglamar Rara Sudarmi kanggo putrane, Puspayuda. Panji Harjadipura nulak kanthi alus marga akeh pawongan wus nglamar Rara Sudarmi. Praptane Puspawilaga kesaru tekane Demang Wanapawira, Ki Niti, lan Mbok Niti kang tindak Semanu kanggo ndherekke Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah. Mrangguli kasunyatan iku Rangga Puspawilaga ngelek-elek lan murka marang Demang Wanapawira: geneya Demang Wanapawira tansah munggel pangangkahe. Rangga Puspawilaga banjur oncat saka Semanu. Sawuse Panji Harjadipura diaturi kedadeyan kang ditemahi Rara Sudarmi, piyambake nyrengeni putrane marga ora pantes lan ngisinake sawijining putri panji lelungan ing pasar tanpa lilah. Ananging, Mbok Tuminah lan Demang Wanapawira nyritakake kedadeyan sanyatane lan wewatekane Puspayuda marang Panji Harjadipura. Saengga, Harjadipura lerem dukane.

Wewangunan ing Kutha Praja tilase Alas Nangka Dhoyong tansaya akeh, rame, lan ngancik rampung. Sanajan mangkono, marga rasa kuciwane kang rumangsa tansah dialang-alangi Wanapawira, Rangga Puspawilaga ngirim ‘para jago’ sarta sakehing bala kanggo merjaya Demang Wanapawira apa dene Nyi Niti. Upaya iku tansah ora kasil. Mriksani lan mireng trekahe Rangga Puspawilaga kang kaya mangkono, Adipati Wiranegara ngawasi tindak-tanduke Rangga Puspawilaga. Samantara, Kutha Praja wus dumadi lan bakal diresmekake dening Sultan Hamengkubuwana I. Kanggo mahargya acara,Panji Harjadipura usul diadani sayembara njemparing, kanggo golek jodho tumrape Rara Sudarmi, uger akeh para punggawa sarta pawongan kang nglamar Rara Sudarmi. Sayembara njemparing bakal kaleksanan kanggo ngramekake peresmian kutha praja Gunungkidul kang anyar.

Adipati Wiranegara sepisan maneh ngalembana Demang Wanapawira marga bisa mangun kutha praja kang asri lan endah. Adipati Wiranegara nglapurake karyane Demang Wanapawira marang Sultan Hamengkubuwana lumantar Patih Danureja. Alas Nangka Dhoyong malih dadi kutha kang asri. Rakyat padha remen lan muji Demang Wanapawira. Mangerteni kahanan iki, Rangga Puspawilaga panas tambah panas atine lan irine. Marga wus peteng pikire, Rangga Puspawilaga minta sraya Maling Aguna (sawijining tokoh saka wewengkon Bantul) lan sagrombolan jago liyane supaya merjaya Adipati Wiranegara, Demang Wanapawira, Nyi Niti, lan Panji Harjadipura kanthi maksud madeg Adipati Gunungkidul lan musna kabeh wong-wong kang dianggep mungsuh. Panji Harjadipura meruhi rencana ala iku banjur lapuran marang Patih Danureja. Patih Danureja ngutus Raden Mas Baskara kanggo nggulung komplotane Puspawilaga.

Peresmian kutha kabupaten ing tilase Alas Nangka Dhoyong kalaksanan. Sadurunge gawe ontran-ontran, Maling Aguna lan balane ditangkep. Sayembara njemparing kawiwitan. Puspawilaga melu sayembara. Demang Wanapawira menang ing sayembara. Sultan Hamengkubuwana I maringi tetenger Kutha Nangka Dhoyong kanthi njupuk nama saka ‘Wanapawira’ digabungke nama ‘Nitisari’, dumadi ‘Wanasari’. Saiki lumrah kaserat ‘Wonosari’. Ana maneh sawetara panemu yen nama kutha praja Gunungkidul kang dumadi saka mbabad alas iki asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’. Minangka sesulih, Demang Wanapawira diangkat dadi adipati kanthi gelar Adipati Wiranegara II. Panji Harjadipura diangkat dadi patih panitipraja Kabupaten Gunungkidul. Ing wekasan, Wanapawira lan Rara Sudarmi nyawiji. Mangkono Wanapawira, (‘Wana’ memper ‘wono’ ateges ‘alas’, ‘pawira’ ateges ‘wong lanang-kendel-prajurit’)], bisa ‘mbabad’ samubarang kadurakan kang ana ing sakiwatengene, kepara kang tumanem jero ing manahe, dhewe. Yaiku ‘alas rowe’ ing atine. Tamtu wae sinengkuyung ‘ngelmu’ lan ‘sadulur’ kang bisa ndadekake piyambake ‘tukang babad’, kang satemene.

Sumber crita iki saka crita lesan (waca: crita rakyat) kang ‘sawetara’ isih ngrembaka ing wewengkon Gunungkidul sisih lor-kulon. Katuturake dening Sastra Suwarna, mantan Kadhus Piyaman I-Gunungkidul, kanthi owah-owahan kang rinasa prelu kanggo panulisan. Ana maneh sawetara carangan kang ‘uga’ isih ngrembaka ing wewengkon Karangmojo-Ponjong-Semanu babagan dumadine Kutha Wonosari Kabupaten Gunungkidul; kang surasane rada beda ‘kepentingan’ karo crita lesan versi iki. Utawa versi babad sing ateges ‘buku, naskah’, kang ‘sumimpen rapet’ ing jeroning Kraton Ngayogyakarta.

link: Sejarah Kota Wonosari
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
gandung
Officer
gandung


Lokasi : Cawang Baru - Jakarta Timur - Indonesia
Reputation : 17
Join date : 14.03.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeThu Sep 25, 2008 5:38 pm

Tak wacane ning sesuk....
lha okeh jew
:)
Kembali Ke Atas Go down
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeThu Sep 25, 2008 5:44 pm

Gek kowe karo nggowo kamus jowo ndung........
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
supriyadi
KorLap
supriyadi


Lokasi : Ragunan, Jak - Sel
Reputation : 2
Join date : 25.06.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeThu Sep 25, 2008 8:49 pm

ora enek sing ngerti artine ... frustasi frustasi frustasi
Kembali Ke Atas Go down
http://www.supriyadi85.multiply.com
japrax
Presidium
japrax


Lokasi : pelukan hangat luna maya
Reputation : 29
Join date : 11.04.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 8:50 am

rumit tenan.. :bounce:
Kembali Ke Atas Go down
siwid
Donatur
siwid


Lokasi : nomaden
Reputation : 21
Join date : 04.04.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 9:41 am

jadi gitu njih. malah lg ngerti. ngertiku mbiyen yo sing iki "asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’"

btw wonten sumber yg pake bahasa indonesia mboten njih. iki bahasane bikin migren. ajib
Kembali Ke Atas Go down
wahyun
Koordinator
wahyun


Lokasi : jogja
Reputation : 2
Join date : 20.03.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 9:43 am

sinten saguh nrensleteke????

mmm...aneh nggih??? tiyang jawi kok boten menguasai bahasane dewe Sad Sad

SALAHH SIAPAAA??? Sad Sad Sad
Kembali Ke Atas Go down
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:06 am

Ben wae boso jowo, do latihan boso jowolah.....ben iso nguri2 jowone...
Pokoke belajar seko sakiki nek ben reti...
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
pipit
Presidium
pipit


Lokasi : Jogja-Bantul-Wonosari
Reputation : 6
Join date : 15.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:08 am

siwid wrote:
jadi gitu njih. malah lg ngerti. ngertiku mbiyen yo sing iki "asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’"

btw wonten sumber yg pake bahasa indonesia mboten njih. iki bahasane bikin migren. ajib

mudeng mas wid,?

epOn mas wid wae ah... dance
Kembali Ke Atas Go down
bayou
Camat
bayou


Lokasi : bogor
Reputation : 1
Join date : 11.07.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:31 am

Wis tak woco kabeh soale kebetulan aku senenng yen dijak tuker kawruh babagan sejarah utawi BABAD.
Lha nek masalah cikal bakal utowo crito dumadining kutho wonosari iku tekan titiwanci iki tenane isih simpang siur antarane crito lisan karo sumber (Literatur) kang sinerat koyo to perjanjen GIYANTI lan sakpinunggalane.
Dadi nek nurut seko crito lisan utowo dongeng iku rodo bedo versi antarane sing berkembang nek tlatah Paliyan (sodo-giring),panggang(mbanglampir-Girisekar),Singkil,ngawen lan sak pinunggalane.
Nek miturut seko kang sinerat ing sejarah ditambah temuan Artefak neng wilayah tepus lan sokoliman pancen cikal bakal masyarakat Gunungkidul kuwi seko Mojopahit kang podo mlayu jaman runtuhing Mojopahit.
Lha dene perkembangane masyarakat gunungkidul ketambahan peoro seko Ngare (Wilayah Bantul &Sleman) kang podo neneko neng gunungkidul kanggo dagang ngrameake pasar-pasar ing gunungkidul kang tembe sakmburine banjur podo manggon netep neng tlatah gunungkidul.
Kembali Ke Atas Go down
http://www.fajar-harapan.com
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:42 am

Yoh bener mas bayou, cen nek crito gunungkidul ki versine akeh banget. Lan nek jeneng seko wonosari yo akeh tenan, sing marai jeneng wonosari kuwi seko tlatah jowo timur tekan jowo tengah . Jeneng wonosari ki akeh jek...
NEk rembukan masalah babad utowo serat utowo legenda ki cen nyenengke.
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
bayou
Camat
bayou


Lokasi : bogor
Reputation : 1
Join date : 11.07.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:49 am

Wonosingo Ngali Kidul wrote:
Ben wae boso jowo, do latihan boso jowolah.....ben iso nguri2 jowone...
Pokoke belajar seko sakiki nek ben reti...

Lha yo ngunuh kuwi mbah kasunyatan sing kedaden neng generasi saiki..wus do lali karo cirikhas lan budayane dewe.. frustasi frustasi
Trus piye generasi anak2e dewe sesuk?? :?: :?:
Banjur sopo sing tanggung jawab marang budoyo ne dewe kang adiluhung nek sing nduweni we ora bombong otowo mongkok marang budayane??
Mongko wong monco wae podo gumun karo budoyo jowo nganti podo direwangi teko adoh seko negarane nggunaake ragad kang ora sethithik kanggo nyinau budoyo kito...eeee malah sing nduwe do ra gelem nyinau!! frustasi frustasi
Nek Hip-hop karo Reggae malah do ngerti kabeh... ngakak ngakak ngakak
Kembali Ke Atas Go down
http://www.fajar-harapan.com
iwans
Camat
iwans


Lokasi : semin
Reputation : 96
Join date : 29.02.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 10:52 am

:P :P wes tak woco lan tak pahami nganti rampung jan menarik iki ajib ajib
Kembali Ke Atas Go down
http://lwans.wordpress.com/
Wonosingo Ngali Kidul
Pengawas
Wonosingo Ngali Kidul


Lokasi : Gunungkidul
Reputation : 20
Join date : 06.05.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 11:01 am

bayou wrote:
Wonosingo Ngali Kidul wrote:
Ben wae boso jowo, do latihan boso jowolah.....ben iso nguri2 jowone...
Pokoke belajar seko sakiki nek ben reti...

Lha yo ngunuh kuwi mbah kasunyatan sing kedaden neng generasi saiki..wus do lali karo cirikhas lan budayane dewe.. frustasi frustasi
Trus piye generasi anak2e dewe sesuk?? :?: :?:
Banjur sopo sing tanggung jawab marang budoyo ne dewe kang adiluhung nek sing nduweni we ora bombong otowo mongkok marang budayane??
Mongko wong monco wae podo gumun karo budoyo jowo nganti podo direwangi teko adoh seko negarane nggunaake ragad kang ora sethithik kanggo nyinau budoyo kito...eeee malah sing nduwe do ra gelem nyinau!! frustasi frustasi
Nek Hip-hop karo Reggae malah do ngerti kabeh... ngakak ngakak ngakak

Weh jan bener tenan jek, oh yo ngomongke budoyo adi luhur ki dadi kemutan critone mbahku.
Ngene ki jan2ne, boso jowo ki lak garis besare di bagi 3 kasar, alus lan inggil.
Lan nek kasar lan alus tak kiro ki wis do paham kabeh lah, sing ejlase ki Inggil, jebule jaman semono ki inggil ki tegese Gunungkidul jek. Kenopo GK? Karono Inggil kuwi jelase cobo di eling2 critane Ki Ageng Giring ro Ki Ageng Pemanahan.....iki nggon babakan sing gagak emprit.....

Lan aku dewe melu gumun jek karo sedulur jowo jaman sakiki, boso jowo ki nek ngomong ning ngarepo sing ra iso jowo ki isin. Tur sing tak gumuni maneh ki, wong GK nek merantau ki di takoni isin ngaku GK.

Kenopo do isin yo????
Nek isin mbok do mbesuk ki nek do bali seko perantauan moro ning Sodo Giring ben critani GK ki kepiye ndisik2e...

Nek aku dewe malah bangga dadi wong GK ki.....nek liyane kepiye ki...
Kembali Ke Atas Go down
https://www.facebook.com/mahesatunggalika
bayou
Camat
bayou


Lokasi : bogor
Reputation : 1
Join date : 11.07.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 11:33 am

Paling-paling do isin mergo larang banyu kang... ngakakk ngakakk
Nek aku we yo ra isin lha nggonku didelok seko jeneng desane we ketok nek ra larang banyu kok... ngakakk ngakakk

Ning saktenane neng babagan opo wae ki nek wis ngingkari jatidiri utowo sangkan paraning dumadi ki tetep ra becik tibo mburine..
koyo to podo ra ngakoni tentang asal-usul wutah getihe kuwi terus gek do kepiye?gek ngaku asale seko ngendi??
kan mongko nek dusto sepisan ki tereus nuntut dusto-dusto liyane...
Kembali Ke Atas Go down
http://www.fajar-harapan.com
iwans
Camat
iwans


Lokasi : semin
Reputation : 96
Join date : 29.02.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 3:24 pm

siul siul yen aku tetep ngaku wong nggunung kidul, amargo opo,yen ngaku daerah liyane mengko yen ono seng perlu penting, malah mbingungne lan terkesan ora jujr ngakakk
Kembali Ke Atas Go down
http://lwans.wordpress.com/
Prexndes
Koordinator
Prexndes


Reputation : 4
Join date : 25.04.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeFri Sep 26, 2008 4:10 pm

bayou wrote:
Wonosingo Ngali Kidul wrote:
Ben wae boso jowo, do latihan boso jowolah.....ben iso nguri2 jowone...
Pokoke belajar seko sakiki nek ben reti...

Lha yo ngunuh kuwi mbah kasunyatan sing kedaden neng generasi saiki..wus do lali karo cirikhas lan budayane dewe.. frustasi frustasi
Trus piye generasi anak2e dewe sesuk?? :?: :?:
Banjur sopo sing tanggung jawab marang budoyo ne dewe kang adiluhung nek sing nduweni we ora bombong otowo mongkok marang budayane??
Mongko wong monco wae podo gumun karo budoyo jowo nganti podo direwangi teko adoh seko negarane nggunaake ragad kang ora sethithik kanggo nyinau budoyo kito...eeee malah sing nduwe do ra gelem nyinau!! frustasi frustasi
Nek Hip-hop karo Reggae malah do ngerti kabeh... ngakak ngakak ngakak

Milo monggo poro kadang FKOG

Kito sesarengan memetri uri-uri cikal bakal kabudayan kito.
Kulo njih sa'estu remen sanget menawi kadang FKOG peduli
kalian sejarah lan budoyo GUNUNGKIDUL.
Ingkang mongko, sakmeniko kathah sanget menopo ikang dipun wastani toto kromo, boso jowo, sampun dipun tinggal laken.
Monggo kito sesarengan nyinau malih budoyo kito.
Sampun ngantos musno

matur nuwun
Kembali Ke Atas Go down
badai-laut-selatan
KorLap
badai-laut-selatan


Lokasi : LORING ANGGA
Reputation : 0
Join date : 22.03.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeMon Oct 13, 2008 7:59 pm

mas lha isi ne cerita mau kuwi nek ora salah cerito kethoprak judule babad nongko doyong...yo ora....

sedikit share informasi mas...Nyi Gadhung melati kuwi mapane nang Merapi loh..lha kok moro-moro dadi nag GK,
trus tembung wonosari ora ono perubahan sebab kata wono sari itu dari kata wono=alas, sari=inti, tengah jadi wonosari adalah hutan pedalaman..saking lebatnya dan letaknya di tengah-tengah....(lihat peta geografi nya)...sedangkan wonosari berubah menjadi wonoasri saya rasa dari perubahan orang yang sering pakai falsafah gothak gathuk mathuk....mengkait-kaitkan sesuatu.

adakah yang mempunyai informasi lebih/lain?
Kembali Ke Atas Go down
http://badailautselatan.multiply.com
Tamu
Tamu
Anonymous



(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeTue Oct 14, 2008 10:47 am

badai-laut-selatan wrote:
mas lha isi ne cerita mau kuwi nek ora salah cerito kethoprak judule babad nongko doyong...yo ora....

sedikit share informasi mas...Nyi Gadhung melati kuwi mapane nang Merapi loh..lha kok moro-moro dadi nag GK,
trus tembung wonosari ora ono perubahan sebab kata wono sari itu dari kata wono=alas, sari=inti, tengah jadi wonosari adalah hutan pedalaman..saking lebatnya dan letaknya di tengah-tengah....(lihat peta geografi nya)...sedangkan wonosari berubah menjadi wonoasri saya rasa dari perubahan orang yang sering pakai falsafah gothak gathuk mathuk....mengkait-kaitkan sesuatu.

adakah yang mempunyai informasi lebih/lain?
aku yo duwe crito meneh neng ra iso moco aku, mengko ben di translate disik neng pak mardi ( lha tulisane jowo bgt je) ra reti nek kon moco jowo aku
Kembali Ke Atas Go down
Aris_nogosari
KorLap
Aris_nogosari


Lokasi : bekasi
Reputation : 5
Join date : 23.10.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeSun May 10, 2009 2:54 pm

artikel apik lho iki sedulur2
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/48492681
gimbik
Pengawas
gimbik


Lokasi : Nori One
Reputation : 6
Join date : 04.03.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeSun May 10, 2009 3:09 pm

babad alas NOGOSARI
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/imbik
cogo
Koordinator
cogo


Lokasi : jakarta
Reputation : 1
Join date : 06.04.09

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeMon May 11, 2009 1:11 am

lha ngopo kok podo isin ngaku wong gk?.....aku dw malah bangga...........nengkerjaan setelane campursari........malah konco2 sing soko luar gunungkidul we podo melu seneng ngrungoke
opo maneh nek tak setelke campursari sing penyanyine PATING PLENUK, KONCOKU MALAH DO SPANENG........
Kembali Ke Atas Go down
gaplex
Koordinator
gaplex


Lokasi : KARANG DUWET,KARANG MOJO,CILEDUG
Reputation : 7
Join date : 07.01.09

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeMon May 11, 2009 10:35 am

apik ki,...bahasa indpnesia wae kang.....
ojo2 kang wono singo yo ora begitu ngerti moco jowo
gor paste wae......haa....ha.....
(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong 0002006E(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong 0002006E














Kembali Ke Atas Go down
http://www.ndtindonesia.com
gimbik
Pengawas
gimbik


Lokasi : Nori One
Reputation : 6
Join date : 04.03.08

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeSun May 31, 2009 7:24 am

Nogosari I Hadiningrat
Kembali Ke Atas Go down
http://profiles.friendster.com/imbik
comestisa
Warga
comestisa


Lokasi : jeruk kepek wonosari
Reputation : 0
Join date : 22.04.09

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeSun May 31, 2009 10:52 am

Manawi kulo pribadi..bangga dados warga Gunungkidul,awit meniko tanah kelahiran kulo ingkang bersejarah sanget,monggo kito uri-uri kabudayan Gunungkidul(leladi kabudayan lan seni ) supadhos tetep lestari……majeng terus Gunungkidul……!
Kembali Ke Atas Go down
http://comes-web.blogspot.com
mbah surip
KorLap
mbah surip


Lokasi : ***
Reputation : 0
Join date : 13.02.09

(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitimeSun May 31, 2009 2:45 pm

AMIN...
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content





(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Empty
PostSubyek: Re: (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong   (NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong Icon_minitime

Kembali Ke Atas Go down
 
(NOTE) Asal - Usul Wonosari pada Babad Alas Nangka Dhoyong
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» Babad Nongko Dhoyong (Dumadine Kutha)
» Asal Usul April Mop
» Sejarah Asal Usul Sea Games
» usul buat STM<SMK N 2 Wonosari
» [usul] Sub domain Wonosari.com untuk member

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: ALL ABOUT GUNUNGKIDUL :: Birokrasi & Government Watch-
Navigasi: